wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

asasmen sumatif akhir tahun kelas 7 bahasa jawa

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara. Lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementriean Pendidikan dan Kebudayaan. tembung lelabuhan tegese ...

a)

cita-cita

b)

andhil

c)

jasa

d)

modal

2.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.

Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku...

a)

Ing SD melbu kelas akselerasi

b)

Rafida pinter lan genius

c)

Prestasine Rafida ngetutake mbakyune

d)

Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran

3.

Kanca Anyar

Indri mlebu sekolah sepisanan ing dina iki. Indri minangka siswa anyar kelas 7 ing SMP Bakti

Luhur. Satekane sekolahan, ana ing njero kelas Indri ketemu karo kanca-kanca, Indri banjur

ngajak kenalan kancane sing lungguh ana ngarepe.

“Eh mbak, jenengmu sapa? Aku Indri.” Indri takon ngajak tetepungan kancane, karo mesem.

“Jenengku Nisa.” Wangsulane kancane karo mesem uga.

“Mbiyen saka SD ngendi Nis?”

“Aku saka SD Suka Maju, lha kowe saka SD ngendi Indri?”

“Aku mbiyen saka SD Madusari.”

Ngono rembugane antarane Indri karo Nisa, bocah loro padha kenalan sadurunge pasinaon

kawiwitan.

Unggah ungguh basa kang digunakake Indri lan Nisa nalika kenalan bisa nuduhake menawa...

a)

Indri lan Nisa saumuran

b)

Bocah loro kuwi padha ngajenine

c)

Nisa ora ngajeni marang Indri

d)

Indri wis kenal karo Nisa

4.

Candhi Borobudur iku mapan ing Kabupaten ...

a)

Purworejo

b)

Magelang

c)

Jakarta

d)

Bantul

5.

Tradisi suran iku dianakake saben tanggal pira ...

a)

Tanggal 1 Muharram

b)

Tanggal 1 Syawal

c)

Tanggal 1 Rabiul Awal

d)

Tanggal 1 Ramadhan

6.

Tembung sura oleh panambang -an dadi suran, tembung kanca oleh panambang -an dadi...

a)

kancanan

b)

kancanane

c)

kancan

d)

kancane

7.

Menapa rikma panjenengan sampun wonten ingkang pethak?

Tembung rikma menawa diganti ngoko yaiku ...

a)

Brengos

b)

Janggut

c)

Rambut

d)

Alis

8.

Paraga ing cerita iku kaperang dadi 3. Ingkang ora kalebu paraga dramatik yaiku ...

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Tritagonis

d)

Petragonis

9.

Basa kang digunakake murid marang guru yaiku basa...

a)

Krama Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Krama Lugu

10.

Jaman aku isih cilik, senengane jaranan nganggo plapah gedhang. Tegese jaranan ing dhuwur iku apa ...

a)

Dolanan

b)

Minangka

c)

Alat Kanggo

d)

Nanggap

11.

Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung ...

a)

Andahan

b)

Garba

c)

Camboran

d)

Lingga

12.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

Mbak Eni nyapu latar kanthi resik”

Tembung linggane tembung ing dicap kandel yaiku...

a)

Nyapu

b)

Kasapu

c)

Sapu

d)

Disapu

13.

Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!

1. Nak Hari sakniki kagungan putra pira ?

2. Lo, nak Rini olehe rawuh kapan ?

3. Aku nginiki wis rumangsa bungah wis diparingi kalonggaran wektu

Tekan ukara-ukara ing dhuwur ana tembung-tembung kang gawe ngoko alus, yaiku...

a)

Sakniki, rawuh, diparingi

b)

Sakniki, Putra, Rawuh

c)

Kagungan, rawuh, diparingi

d)

Kagungan, rawuh, bungah

14.

Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!

esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku

Yen digawe ukara dadi...

a)

Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?

b)

Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?

c)

Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?

d)

Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?

15.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

“ Paman lagi lunga menyang Solo”.

Yen digawe basa krama alus, ukara ing ndhuwur dadi...

a)

Paman budal menyang Solo

b)

Paman lagi tindak dugi Solo

c)

Paman lunga ana ing Solo

d)

Paman tindak menyang Solo

16.

Tembung – tembung kang kawuwuhan ater-ater anuswara yaiku …

a)

Digawa

b)

Nyilih

c)

Dakgawa

d)

Nyilihake

17.

Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan...

a)

Pepet

b)

Taling

c)

Wulu

d)

Layar

18.

Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan...

a)

Taling tarung

b)

Wulu

c)

Taling

d)

Suku

19.

Sandhangan "pangkon,wignyan,layar, lan cecak" kalebu sandhangan...

a)

pasangan

b)

panyigeg wanda

c)

swara

d)

wyanjana

20.

Sandhangan sing digunakake kanggo ngganteni aksara sigeg diarani ...

a)

Sandhangan swara

b)

Sandhangan panyigeg wanda

c)

Sandhangan pangkon

d)

Sandhangan wyanjana

21.

Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.

Ukara ing dhuwur nganggo basa ...

a)

Krama lugu

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama alus

22.

Jangkepana/lengkapi urutan aksara Jawa iki!

Ha ..... Ca ..... Ka

Da Ta Sa ..... .....

a)

Na, Ra

Wa, La

b)

Wa, Sa

Pa, Dha

c)

Na, Ra

Nya, Nga

d)

Pa, Sa

Ga, Ma

23.

"Suku" yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

O

b)

I

c)

U

d)

E

24.

wong sing ahli gawe bekakas saka kayu diarani ...

a)

undhagi

b)

empu

c)

mranggi

d)

juru tulis

25.

slametan nalika bayi umur sepasar (limang) dina diarani ...

a)

khitanan

b)

tedhak siti

c)

nyepasari

d)

mule

26.

dhalang yaiku...

a)

wong sing pinter negesi basa maca

b)

wong sing gaweyane nglakokake lan nyritakake crita wayang

c)

tukang gawe warangka

d)

tukang nabuh gamelan

27.

tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ...

a)

leluhur

b)

bola bali

c)

omah-omah

d)

cekakak

28.

tembung maca yen diudhal manut linggane yaiku ...

a)

{an-/n-}+waca

b)

{any-/ny-}+waca

c)

{am-/m-}+waca

d)

{ang-/ng-}+waca

29.

tembung-tembung sing durung owah saka asale lan bisa madeg dhewe diarani tembung ...

a)

lingga

b)

saroja

c)

andhahan

d)

entar

30.

simbah .... dhahar saiki! titik-titik ing ukara kasebut sing bener kudu diisi nganggo tembung ...

a)

wenehana

b)

paringana

c)

caosana

d)

kekana

31.

kowe mau apa wis turu tenan?

ukara kasebut manawa disalin nganggo basa krama alus dadi ...

a)

sampeyan wau napa pun tilem saestu?

b)

panjenengan mau apa wis sare tenan?

c)

ndika kalawau napa sampun tilem saestu?

d)

panjenengan kalawau punapa sampun sare saestu?

32.

tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane diarani tembung ...

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

tembung garba

d)

tembung dasanama

33.

wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti ...

a)

tata tulis

b)

tata krama

c)

tata lair

d)

tata tentrem

34.

slametan ndongakake wong sing wis seda 1000 (sewu) dina diarani ...

a)

nyewu

b)

mitoni

c)

khitanan

d)

puputan

35.

tembung-tembung ing ngisor iki yen ditulis nganggo aksara jawa mbutuhake pasangan Ha yaiku ...

a)

sayur asem

b)

seneng anggur

c)

latar amba

d)

ngiris apel