Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BAB 1 & 2 (TEKS DESKRIPTIF & PROFIL TOKOH)

Total questions: 30

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Struktur teks tanggapan dheskriptif kanthi runtut yaiku ...

a)

Idhentifikasi - dhefinisi - reorientasi

b)

Klasifikasi - idhentifikasi - deskripsi bageyan

c)

Idhentifikasi - dhefinisi - dheskripsi bageyan

d)

Idhentifikasi - klasifikasi - resolusi

2.

Ing ngisor iki ora kalebu titikan (ciri-cirine) teks tanggapan dheskriptif ...

a)

Njlentrehake ciri-cirine obyek kanthi rinci

b)

Ngandharake tata cara / urutan ngolah panganan (masak)

c)

Nggambarake sawijining kahanan kanthi rinci

d)

Wong sing maca kaya-kaya melu nyawang lan ngrungokake

3.

"Kumliwere wong-wong ing sabrang ratan, wong-wong kang makarya ing sawah tegal, lan wong-wong sing padha lelungan, kabeh bisa disawang. Langit katon padhang sumilak kegawa sunare srengenge esuk. "

Pethikan teks tanggapan dheskriptif ing dhuwur, kalebu ing struktur ...

a)

Idhentifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Orientasi

d)

Deskripsi bageyan

4.

"Reyog Ponorogo iku sawijine kesenian khas Jawa Timuran kang wis kawentar ora mung ing tlatah Jawa Timur, ananging nganti saindenging tlatah Nuswantara."

Ukara pethikan tesk tanggapan dheskriptif ing dhuwur kalebu ing struktur ...

a)

Idhentifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Dhefinisi

d)

Deskripsi bageyan

5.

"Mulane para generasi anom ing Jawa Timur kudu gegladhen Tari Remo. Tari warisan leluhur iki kudu diuri-uri amrih bisa lestari. Manawa para generasi anom akeh kang bisa, digegadhang ora angel golek paraga tari kang wasis narekake ing pagelaran tartamtu."

Pethikan teks tanggapan dheskriptif ing dhuwur kalebu ing struktur ...

a)

Idhentifikasi

b)

Dhefinisi

c)

Klasifikasi

d)

Deskripsi bageyan

6.

Ukara ing ngisor kang nggunakake basa rinengga tembung saroja yaiku ...

a)

Kahanan ing desaku isih katon ijo royo-royo.

b)

Sapa nyana aku bakal oleh ranking siji.

c)

Adhiku nangis amarga kaget banget krungu swara petir.

d)

Sesuk esuke aku age-age budhal sekolah numpak pedah.

7.

Sing diarani basa rinengga yaiku ...

a)

Basa endah

b)

Kosok balen (lawan kata)

c)

Tegese wantah

d)

Tegese apa anane

8.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa rinengga yaiku ...

a)

Kabeh warga njaga karesikan amrih desane katon edi peni.

b)

Soto branggahan duweni ciri mangkoke kang cilik cekli.

c)

Salah siji bocah kuwi sangu ati rengat.

d)

Anggonku sinau mempeng banget supaya dadi bocah pinter.

9.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake jinis tembung wilangan yaiku ...

a)

Adhiku tuku pensil loro.

b)

Awakku malih krasa lara.

c)

Waduh, aku lali tuku kertas folio !

d)

Dheweke seneng banget entuk hadiah saka kancane.

10.

"Adhiku nangis suwi banget amarga dijarak rusli." Tembung nangis kalebu jinise tebung ...

a)

Kriya aktif

b)

Kriya pasif

c)

Katerangan

d)

Panyilah

11.

"Adhiku nangis suwi banget amarga dijarak rusli." Tembung kang kalebu jinis tebung kriya pasif yaiku...

a)

Nangis

b)

Amarga

c)

Dijarak

d)

Adhiku

12.

"Adhiku nangis suwi banget amarga dijarak rusli." Tembung kang kalebu jinis tebung panggandeng yaiku ...

a)

Amarga

b)

Dijarak

c)

Suwi

d)

Banget

13.

"Adhiku nangis suwi banget amarga dijarak rusli." Tembung kang ana jinise tebung sesulih (ganti) yaiku ...


a)

Adhiku

b)

Nangis

c)

Suwi banget

d)

amarga

14.

"Siswa kuwi katon pinter lan ayu". Tembung pinter lan ayu kalebu jinise tembung ...

a)

Aran (benda)

b)

Kriya (kerja)

c)

Kahanan (sipat)

d)

Katerangan

15.

Kang kalebu tembung nganggo swara [i] jejeg yaiku ...

a)

Kawit

b)

Ngalih

c)

Candhi

d)

Nulis

16.

Tembung kang duwe swara (a) miring yaiku ...

a)

Senajan

b)

Rasa

c)

Lara

d)

Krasa

17.

Tembung kang duwe swara (u) miring, kajaba ...

a)

Warung

b)

Balung

c)

Yaiku

d)

Maruk

18.

Tembung kang duwe swara (o) jejeg yaiku ...

a)

Sendok

b)

Dodol

c)

Mangkok

d)

Soto

19.

"Kapinteran iku olehe kudu diusahakake". Tembung kapinteran iku kalebu jinise tembung ...

a)

Kahanan

b)

Aran

c)

Wilangan

d)

Panyilah

20.

Nalika rembugan karo kangmas utawa mbakyu, becike nganggo ragam basa ...

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Alus

d)

Krama Inggil

21.

Struktur teks profl tokoh kang runtut yaiku ...

a)

Idhentifikasi - isi - resolusi

b)

Orientasi - prastawa - reorientasi

c)

Pambuka - isi - konklusi

d)

Prolog - isi - epilog

22.

Sing ora bisa diarani tokoh idola ...

a)

Duwe kaluwihan utawa prestasi

b)

Kena diteladhani

c)

Kelakuwane ala

d)

Duwe daya aruh marang lingkungan

23.

Ngandharake kadadeyan penting, sekolahe, pakaryane, perjuwangane, ditulis ing struktur ...

a)

Orientasi

b)

Prastawa

c)

Reorientasi

d)

Deskripsi bageyan

24.

Struktur teks profil tokoh kang ngandharake wekasan (akir) riwayat tokoh, ana ing ...

a)

Orientasi

b)

Prastawa

c)

Reorientasi

d)

Klasifikasi

25.

Sing diarani tembung andhahan yaiku ....

a)

Tembung loro digabung dadi siji kanthi ngurangi wandane.

b)

Tembung loro digabung dadi siji banjur nuwuhake makna anyar.

c)

Tembung sing durung ngalami owah-owahan.

d)

Tembung sing wis ngalami owah-owahan.

26.

Tembung ing ngisor iki kang entuk wuwuhan ater-ater lan panambang yaiku ...

a)

Kapinteran

b)

Mlaku

c)

Tulisane

d)

Naga sari

27.

Ing ngisor iki kalebu tembung dwilingga salin swara ...

a)

Mlaku

b)

Ayu-ayu

c)

Nesa-nesu

d)

Ndepipil

28.

Sing diarani tembung camboran yaiku ...

a)

Tembung loro digabung dadi siji banjur nuwuhake makna (teges) anyar.

b)

Tembung sing durung ngalami owah-owahan.

c)

Tembung sing wis ngalami owah-owahan.

d)

Tembung loro digabung dadi siji kanthi mbangetake tegese.

29.

Ater-ater anuswara (ny-, m-, ng-, n-) nuwuhake jenis tembung ...

a)

Kriya pasif

b)

Kriya aktif

c)

Katerangan

d)

Kahanan

30.

Tuladhane tembung camboran tugel yaiku ...

a)

Pakdhe

b)

Edi peni

c)

Ana ing

d)

Kesusu