wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS GANJIL BAHASA JAWA TP. 2020/2021

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

1. Kang kawentar saking jinisipun omah jawa inggih menika omah joglo. Tegesipun kawentar inggih menika ….

a)

A. akeh

b)

B. misuwur

c)

C. apik

d)

D. disenengi

2.

2. Ing ngandhap menika perangan saking Omah Joglo, kejawi ….

a)

A. Limasan

b)

B. Paringgitan

c)

C. Pendhapa

d)

D. Ndalem

3.

3. Museum Kambang Putih menika satunggalipun museum wonten ing Kabupaten Tuban. Panggenanipun museum menika caket kaliyan makam Sunan Bonang, Alun-alun lan ugi Pantai Boom Tuban. Cethanipun inggih menika wonten ing Jalan Kartini No.3 Tuban.

Manut struktur teks desktiptif, andharan ing inggil kalebet....

a)

A. Identifikasi

b)

B. Klasifikasi

c)

C. Defenisi bagean

d)

D. Orientasi

4.

4. Omah joglo didamel supados sirkulasi udara menika saged lancar. Semanten ugi kangge mlebetipun sunaring srengenge kathah, saengga boten betah lampu ingkang kathah ugi boten betah AC.

Andharan menika kalebet perangan nilai/pitutur saking wangunan omah adat Jawa….

a)

A. Simbol status sosial

b)

B. Panggenan kangge kempalipun kulawarga ageng

c)

C. Wangunan ingkang ramah lingkungan

d)

D. Wangunan ingkang kuwat lindhu

5.

5. Budaya Jawa ayo (jaga) supaya ora sirna !

Tembung sajroning kurung manawa dirimbang ingkang leres…

a)

A. njaga

b)

B. kojaga

c)

C. dijaga

d)

D. dijagani

6.

6. Aku ora pareng …... Bapak sowan embah.

Supados dados ukara mawa basa ngoko alus, tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih menika…

a)

A. melu

b)

B. ndherek

c)

C. tumut

d)

D. budhal

7.

7. Ing museum Kambang Putih kathah koleksi ingkang ngadahi nilai sejarah. Tembung ingkang lepat panyeratipun inggih menika…

a)

A. museum

b)

B. ngadahi

c)

C. koleksi

d)

D. kathah

8.

8. Batik khas Tuban dipunwastani Batik Gedog asalipun saking ….

a)

A. nami piranti tenun

b)

B. nami ingkang ndamel batik

c)

C. jaman Majapahit

d)

D. swanten piranti tenun

9.

9.Mirza : “Hei, Lan wulangan wingi kowe entuk pira?”

Dilan : “Wah isin aku yen kelingan wulangan wingi.”

Mirza : “Kok isin kepriye ta?”


Pacelathon ing inggil ngginakaken basa ….

a)

A. ngoko lugu

b)

B. ngoko alus

c)

C. ngoko

d)

D. ngoko madya

10.

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Ukara kasebut kalebu struktur teks profil tokoh bagean .....

a)

A. Idhentifikasi

b)

B. Orientasi

c)

C. Prastawa

d)

D. Reorientasi

11.

Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati.

Adhedhasar teks kasebut ing umur 12 taun R.A Kartini ninggalake pamulangan lan ora bisa nulak kekarepane wong tuwane amarga …..

a)

A. Piyambake kudu dipingit

b)

B. Piyambake dadi kanca wingking

c)

C. Piyambake wedi diarani ora ngerti adat

d)

D. Piyambake ngrasa dina-dinane sepi

12.

12. Pesisir Panyuran ing kutha Tuban kahanane seger, adhem, lan tentrem. Banyune katon biru bening lan wit klapa padha thukul ing pinggir segara. Kejaba endah, panggonane ora adoh saka kutha. Yen numpak motor mung sacleretan, wis anjlok ing pesisir Panyuran.

Manut struktur teks desktiptif, andharan ing inggil kalebet....

a)

A. Identifikasi

b)

B. Klasifikasi

c)

C. Defenisi bagean

d)

D. Orientasi

13.

13. Teks profil tokoh uga bisa diarani teks .....

a)

A. Autobiografi

b)

B. Narasi

c)

C. Eksposisi

d)

D. Biografi

14.

14.Bagean sing ngandharake pamawas(pendapat) panulis marang tokoh sing dicritakake diarani ...

a)

A. Reorientasi

b)

B. Orientasi

c)

C. Idhentifikasi

d)

D. Prastawa

15.

15.Tuladha tembung iki sing kalebu tembung dwilingga yaiku .....

a)

A. Buku-buku

b)

B. Kupu-kupu

c)

C. Gado-gado

d)

D. Lumba-lumba

16.

16. Tuladha tembung iki sing kalebu tembung lingga yaiku .....

a)

A. Mangan

b)

B. Nulis

c)

C. Nyapu

d)

D. Turu

17.

17. Wuwuhan sing manggon ing satengahe tembung diarani .....

a)

A. Andhahan

b)

B. Seselan

c)

C. Ater-ater

d)

D. Panambang

18.

18. Bab sing ora perlu digatekake sajrone teks profil tokoh yaiku .....

a)

A. Irah-irahan

b)

B. Sing narik kawigaten

c)

C. Tindak-tanduk sing bisa dituladhani

d)

D. Tema

19.

19. Sing kalebu ater-ater anuswara yaiku .....

a)

A. –in, -um, -er, -el

b)

B. m-, n-, ny-, ng-

c)

C. dak-, ko-, di-

d)

D. –a, -ake, -en, -ana

20.

20.Yen ora gelem olahraga lan mung meneng wae ing kamar, bakal gampang nandang ..... (lara). Tembung dwipurwa sing cocog kanggo ceceg-ceceg kasebut yaiku .....

a)

A. Lelara

b)

B. Lara-lara

c)

C. Lora-lara

d)

D. Kelaran

21.

21. Tuladha tembung iki sing kalebu seselan yaiku .....

a)

A. Milihi

b)

B. Kerelip

c)

C. Nuku

d)

D. Nggolekake

22.

22. Apa bukuku ..... (gawa)? Tembung ater-ater sing cocog kanggp ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .....

a)

A. Dakgawa

b)

B. Digawa

c)

C. Kogawa

d)

D. Nggawa

23.

23. Tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar, diarani tembung .....

a)

A. Camboran

b)

B. Lingga

c)

C. Entar

d)

D. Saroja

24.

24.Tembung iki sing kawuwuhan kanthi bener yaiku .....

a)

A. Garisan

b)

B. Tulis

c)

C. Sumunar

d)

D. Masakan

25.

25. Tembung iki sing kalebu tuladha tembung camboran wutuh yaiku .....

a)

A. Bola-bali

b)

B. Randha royal

c)

C. Tuku-tuku

d)

D. Paklik