Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA ZIDAN

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

2.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

3.

Eyang kakung...................saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

teka

c)

Kondor

d)

Mulih

4.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

5.

1) isi

2) pengarep-arep

3) pamuji

4) pembuka

5) penutup

Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ….

a)

2, 3, 5, 1, 4

b)

4, 3, 1, 2, 5

c)

4, 2, 1, 3, 5

d)

4, 1, 3, 2, 5

6.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

7.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

8.

Gambar ing nduwur termasuk prastawa alam....

a)

Gunung njeblug

b)

Angin lesus

c)

Kobongan alas

d)

Lindhu

9.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

10.

Ing ngisor iki, kang termasuk struktur teks narasi yaiku ...

a)

Identifikasi

b)

Alur

c)

Klasifikasi

11.

Kang diarani teks Deskripsi yaiku ...

a)

Warta

b)

Tulisan sing nggambarake kedadean kang nyata

c)

Tulisan kang isine nyritaake kedadean nganti runtut

12.

Dhakon, jumpritan, egrang, termasuk dolanan ...

a)

Modern

b)

Tradisional

c)

Kekinian

13.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kajaba ...

a)

Boros, wragade akeh lan larang

b)

Bisa gawe karukunan

c)

Nglatih keterampilan

14.

Kadadean kang nyata diarani ...

a)

Teks narasi

b)

Opini

c)

Pawarta

15.

Warta/kabar kang di terbitake kala kala yaiku ...

a)

Ariwarti

b)

Kalawarti

c)

Warta

16.

Parmin panncen kandel kupinge. Tegese tembung kandel kupinge yaiku ...

a)

Bocah nurut

b)

Yen dituturi ora dirungokake

c)

Yen dituturi dirungokake

17.

Parmin iku bocah sing ........ , mulane ora di senengi kancane

a)

Sumeh

b)

Gedhe ndase

c)

Loman

18.

Tembung wilujeng tegese ing Bahasa Indonesia yaiku ...

a)

Selamat

b)

Sengsara

c)

Suka - suka

d)

Mandiri

19.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese ...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

20.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku ...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

21.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani ...

a)

Panyandra

b)

Parikan

c)

Panyendhu

d)

Papindhan

22.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani ...

a)

Basa rinengga

b)

Basa bagongan

c)

Basa guyonan

d)

Basa krama desa

23.

Wartini iku bacahe ayu, alise ...

a)

Nawon kemit

b)

Miji timun

c)

Blalak-blalak

d)

Nanggal sepisan

24.

Bapak Pucung,

Wujude mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara


Tembang Pucung kasebut keperang ana ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

25.
Pemadi tuku gula rong kilo. Basa kramane sing bener yaiku ....
a)
Permadi tumbas gula rong kilo
b)
Permadi tumbas gendhis kaleh kilo
c)
Permadi tumbas gendhis rong kilo
d)
Permadi tuku gula kaleh kilo
26.

Cacahe tembang kuwi kaperang dadi telu, ana tembang cilik, tembang tengahan, lan tembang gedhe


Tembang cilik padha karo tembang macapat sing cacahe ana ....

a)

sanga

b)

sedasa

c)

sewelas

d)

kaleh welas

27.
Bocah ayu untune miji timun, dene drijine ....
a)
mucuk eri
b)
sumunar
c)
nraju mas
d)
nanggal sepisan
28.

Sing kalebu strukture teks narasi yaiku ....

a)

Pambuka, isi, lan panutup

b)

Orientasi, narasi, lan resolusi

c)

Orientasi, komplikasi, lan resolusi

d)

Narasi, eksposisi, lan orientasi

29.

Panggonan kedadeyan sing diandarake jroning crita narasi diarani ....

a)

setting

b)

tema

c)

paraga

d)

amanat

30.

Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan, lan papan panggenane diarani ....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

eksposisi

31.

Jinise pawarta sing wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake diarani pawarta ....

a)

ndinan

b)

lisan

c)

dadakan

d)

crita

32.

Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

33.

Nulis pawarta iku kudu ana irah-irahan. Irah-irahan iku tegese ....

a)

judhul

b)

isi

c)

pambuka

d)

panutup

34.

Kahanan ing Tlaga Sarangan iku nengsemake banget.

Tembung "nengsemake" tegese ....

a)

medeni

b)

mbebayani

c)

mbingungake

d)

nyenengake

35.

Kang kalebu tembang dolanan yaiku...

a)

Pocung

b)

Maskumambang

c)

Gundul-gundul pacul

d)

Gambuh

36.

Tibaning swara ing pungkasaning larik jeroning tembang macapat diarani...

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

parikan

37.

Perang Bhatarayuda iku perange...karo...

a)

Pandhawa lan Kurawa

b)

Pandhawa lan Mandura

c)

Dwarawati lan Ngastina

d)

Mandura lan Kurawa

38.

Ngisor iki carane ngringkes, kajaba ...

a)

ora keno maca

b)

maca kabeh wacan

c)

isine ora keno metu saka wacan

d)

nganggo tembung cekak

39.

Crita kang medharake asal-usule papan panggonan diarani

a)

mitos

b)

legendha

c)

dongeng

d)

fable

40.

Watak paraga bisa dititeni saka

a)

solah bawa

b)

papan panggonan

c)

alur

d)

irah-irahan

41.

Cacahing wanda saben sagatra jenenge ...

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru wilangan

42.

Yen omong kuwi kudu tenanan aja nganti lunyu ilate. lunyu ilate tegese...................

a)

omongane bener

b)

omongane bisa dipercaya

c)

mencla-mencle omongane

43.

Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh diarani …

a)

sesorah

b)

geguritan

c)

nembang

d)

ndhalang

44.

Marang wong tuwa kuwi kudu tansah darma ....

a)

susila

b)

sesanti

c)

sudira

d)

bekti

45.

Adipati Karna iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya. Atmajane iku tegese ...

a)

bapake

b)

adhine

c)

anake

d)

kakange

46.

Pusakane Adipati Karna kang kawentar ampuh yaiku ...

a)

Cakra

b)

Pasopati

c)

Kuntowijayandanu

d)

Gada Rujakpala

47.

Ingkang dados kusiripun Raden Arjuna nalika tandhing inggih punika ...

a)

Prabu Baladewa

b)

Prabu Suyudana

c)

Prabu Kresna

d)

Prabu Puntadewa

48.

Surasa Basa isine ...

a)

Ngucap salam marang tamu kang rawuh

b)

Puja lan puji syukur marang Gusti Allah

c)

Bab penting sing bakal diaturake

d)

Atur panuwun lan pangapura

49.

Ing ngisor iki tuladha kang ora klebu dolanan tradisional yaiku . . .

a)

patelele

b)

dakon

c)

gengjet

d)

engkle

50.

Naliko nindakake sesorah patrap tangan kang pas koyo ing gambar yaiku...

a)

Sendakep

b)

Salaman

c)

Mbanda Tangan

d)

Ngapurancang