wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SUMATIF TENGAH SEMESTER 2 BAHASA JAWA KELAS 5

Total questions: 50

Worksheet time: 13hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Puisi Jawa gagrag utawa model anyar diarani ….

a)

cangkriman

b)

parikan

c)

geguritan

d)

wangsalan

2.

Murid iku kudu manut marang guru.

Ukara ing ndhuwur digawe basa krama yaiku ....

a)

Murid niku kedah nurut dhateng guru

b)

Murid menika kedah manut dhateng guru

c)

Murid niku kedah mituhu dhateng guru

d)

Murid menika kedah mituhu dhateng guru

3.

Bapakke para Pandhawa asmanipun ...

a)

Prabu Duryudana

b)

Prabu Pandu Dewanata

c)

Patih Sengkuni

d)

Prabu Drestarastra

4.

Wayang kang duweni watak kendel, sunggingane warna ...

a)

Putih

b)

Biru

c)

Abang

d)

Ireng

5.

Wayang ingkang ono neng gambar jenenge ...

a)

Yudhistira

b)

Werkudara

c)

Arjuna

d)

Puntadewa

6.

Sing arane Puntadewa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
7.

Wayang ingkang penjelmaane Dewa Kembar Aswin yaiku ...

a)

Raden Arjuna

b)

Raden Sadewa

c)

Raden Yudhistira

d)

Raden Pandhu

8.

Salah sijine wujud kabudayan Jawa sing awujud tontonan lan lumrahe migunakake paraga sing asale saka kulit, gambar utawa golekan, iku diarani ....

a)

Wayang

b)

Ketoprak

c)

Ludrug

d)

Drama

9.

Nama wayang ing nginggil inggih menika….

a)

Sadewa

b)

Yudhistira

c)

Werkudara

d)

Gathottkaca

10.

Ing tengah samodra, Sang Hyang Ananta Boga malik dadi ..... kang ngalang-ngalangi Raden Werkudara kanggo njupuk Tirta Perwitasari.

a)

Naga

b)

Ula

c)

Raksesa

d)

Baya

11.

Bapake Pandhawa asmane...

a)

Salya

b)

Barata

c)

Baladewa

d)

Pandhu Dewanata

12.

Dongeng kang ana gegayutane karo kedadeyan alam utawa dumadine sawijining papan/panggonan diarani ...

a)

Fabel

b)

Legenda

c)

Mitos

d)

Sage

13.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

14.

Katrangan bab papan panggonan, wektu lan swasana utawa kahanan sajroning crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

15.

Urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

paraga

16.

Tokoh sing ana ing sajroning crita diarani ...

a)

alur

b)

tema

c)

paraga

d)

wewatak

17.

Paraga utawa tokoh kang nduweni watak sae/becik/apikan, diarani paraga ...

a)

antagonis

b)

tritagonis

c)

protagonis

d)

anonim

18.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

19.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

20.

Carita legendha Tangkuban Perahu asale saka....

a)

Jawa Tengah

b)

Jawa Barat

c)

Yogyakarta

d)

Sumatera

21.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.


Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....

a)

Benteng

b)

Paguyuban

c)

Pager ghaib

d)

Pundhen kobar

22.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

23.

....

Sunan Kalijaga lan Ki Rangga serta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora ndue kesel babar blas.

...

penggalan crita ing dhuwur, tembung nadyan nduweni teges ... .

a)

ora gelem

b)

nanging

c)

supaya

d)

dadi

24.

Ing ngisor iki kang kalebu cerita legenda kajaba . . .

a)

Asal- usule Banyuwangi

b)

Dumadhine Rawa Pening

c)

Kancil Nyolong Timun

d)

Asal-usule Gunung Tidar

25.

Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….

a)

lalian

b)

keset

c)

pinter

d)

wicaksana

26.

Legenda yaiku crita rakyat sing ana bukti papan panggonan. Tuladhane legenda yaiku ….

a)

Crita Si Kancil

b)

Crita Timun Mas

c)

Crita Bawang Abang lan Bawang Putih

d)

Crita Sangkuriang lan Tangkuban Prau

27.

Sandhangan swara cacahe ana

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

28.

Pasangan sing manggon jejer karo aksara Jawa legenane yaiku

a)

na, ta, sa

b)

nya, ga, sa

c)

pa, la, ga

d)

ha, sa, pa

29.

Tembung kasebut nggunakake sandhangan

a)

Wulu

b)

Taling

c)

Suku

d)

Pepet

30.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

31.

Tembung sing mathuk kanggo mbacutna ukara kasebut yaiku

a)
b)
c)
d)
32.

Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

33.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
34.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)
35.

Pasangan aksara da yaiku ....

a)
b)
c)
d)
36.

Pasangan aksara Jawa la yaiku ....

a)
b)
c)
d)
37.

Pasangan aksara Jawa ba yaiku ....

a)
b)
c)
d)
38.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

39.

kang disebut sandhangan cakra yaiku ....

a)
b)
c)
d)
40.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

41.

Pak guru mangkat menyang sekolahan. Menawa diganti basa krama aluse yaiku .....

a)

Pak guru tindak menyang sekolahan

b)

Pak guru mangkat marang sekolahan

c)

Pak guru tindak dhateng sekolahan

d)

Pak guru tindak menyang sekolahan

42.

Pengetan dina Pahlawan iku saben tanggal .....

a)

10 Nopember

b)

10 Desember

c)

1 Mei

d)

17 Agustus

43.

Sepedha montor mlakune luwih ............ tinimbang pit ontel.

a)

rendhet

b)

alon

c)

banter

d)

suwe

44.

Wasana cekap semanten atur kula. Nyuwun pangapunten bokbilih wonten ingkang ndadosaken kirang rena ing penggalih.


Teks ing dhuwur klebu perangan ... ing sesorah

a)

pangajeng - ajeng

b)

panutup

c)

isi

d)

pambuka

45.

" Sedaya warga sami gumregut anggenipun gotong - royong kanthi raosing manah ingkang remen lan ikhlas"


Tegesipun tembung gumregut inggih punika ...

a)

cekat - ceket

b)

alon - alon

c)

gumregah

d)

gumebrug

46.

Maca sesorah iku kudu nggatekake babagan ...

a)

intonasi saben ukoro kudu bener

b)

intonasi ukoro ora kudu bener

c)

tempo anggone maca ora kudu bener

d)

pamedhote ukoro ora kudu bener

47.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

48.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

49.

Eyang kakung...................saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

teka

c)

Kondor

d)

Mulih

50.

Pak Lurah lagi..........menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku....................

a)

Mangkat

b)

Kesah

c)

Tindak

d)

Budhal