wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa : Paribasan, Bebasan , Saloka Kelas 6

Total questions: 50

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

2.

Titikane Ajeg panggonane, tegese lumrahe wantah "lugas", ora nganggo gegambaran (tanpa kiasan), tanpa jejer (subjek), lan tetembungane ora kena diwolak walik, yaiku ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

3.

Titikane Ajeg panggonane, tegese entar (kias), nganggo gegambaran arupa kahanan, tanpa jejer (subjek), lan tetembungane ora kena diwolak walik, yaiku ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

4.

Titikane Ajeg panggonane, tegese entar (kias), nganggo gegambaran arupa barang/kewan, lumrahe ana jejere (subjek), lan tetembungane ora kena diwolak walik, yaiku ....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

5.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

6.

Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

7.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

Nututi layangan pedhot

c)

Pupur sawise benjut

d)

Kebo nusu gudel

8.

Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku....

a)

Bathok bolu isi madu

b)

Ula marani gepuk

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Kebanjiran segara madu

9.

"Kaya asu karo kucing"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

10.

"Nglungguhi klasa gumelar"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

11.

"Kandang langit kemul mega"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

12.

"Gajah ngidak rapak"


Ukara ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

13.

wacanen pacelathon iki !

Tomo : Rifky mengko aku wenehana wangsulan yen ulangan ya, mengko tak tukokno es coklat.

Rifky : Wingi kowe janji nukokne aku jajan, yo ra kelakon (tidak terlaksana). saiki janji neh.gunemmu mung lamis.

Paribasan sing mathuk karo tindhake Tomo yaiku ....

a)

abang-abang lambe

b)

lambene abang lan kenes

c)

lambene dower kepedesen

d)

Udan tangis

14.

"Gagak nganggo lare merak"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan

a)

Bener

b)

Salah

15.

"Kakehan gludhug kurang udan"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan.

a)

Bener

b)

Salah

16.

"Mikul dhuwur mendhem jeru"


Unen-unen ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

17.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

18.

(1) ber budi bawa leksana

(2) tengu ngedu gajah

(3) mikil dhuwur mendhem jeru

(4) emprit abuntut bedhug


Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

19.

(1) Yitna yuwana, lena kena

(2) Udan tangis

(3) Kenes ora ethes

(4) Abang-abang lambe


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

20.

"Timun wungkuk jaga imbuh"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

21.

Mbah Murti duwe anak pitu, putune rolas. Sedane mbah Murti dadi .... marang kaluawargane.


Unen-unen sing mathuk karo ukara ing dhuwur yaiku....

a)

dawa tangane

b)

nabok nyilih tangan

c)

udan tangis

d)

esuk dele sore tempe

22.

"Kebo kabotan sungu"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

23.

"Udan tangis"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

24.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

25.

Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

26.

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

27.

Sepi ing pamrih rame ing gawe

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

28.

Nulung menthung

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

29.

Njagakake endhoge si blorok

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

30.

Nguthik-uthik macan dhedhe

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

31.

Sandhing kebo gupak

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

32.

Bebek mungsuh mliwis

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

33.

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

34.

Iwak klebu ing wuwu

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

35.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

36.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

37.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

38.

... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Wangsalan

39.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

40.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

41.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

42.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

43.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...

a)

Asu rebutan balung

b)

Becik ketitik, ala ketara

c)

Gupak pulute ora mangan nangkane

d)

Mlakune kaya macan luwe

44.

Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.

Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo nusu gudel

c)

Mikul dhuwur mendhem jero

d)

Cebol nggayuh lintang

45.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....

a)

susah

b)

sedih

c)

bungah

d)

bubrah

46.

Wong tuwa sing kuwalahan ngramut anake digambarake kaya...

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

durung pecus keselak besus

d)

ancik ancik pucuking eri

47.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

48.

Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...

a)

wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae

b)

wis ditulungi malah ora matur suwun

c)

nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan

d)

wong asor naging sugih kapinteran

49.

Kunthul diunekake dhandang tegese...

a)

wong becik dianggep wong ala

b)

wis ditulungi malah ora matur suwun

c)

nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan

d)

wong asor naging sugih kapinteran

50.

Njajah desa, milang kori tegese ...

a)

guneme mung lamis

b)

mideri panggonan nganti tekan ngendi ngendi

c)

wong sugih nanging ora disenengi

d)

bungah lan susah bakal dilakoni bebarengan