wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS Bahasa Jawa Gugus 3

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Teks awujud laporan ngenani sawijining kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi diarani teks ....

a)

informasi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

deskripsi

2.

Kedadean awujud fakta, aktual, narik kawigaten, alur runtut, basa baku, cetha, valid kasebut diarani .... teks informasi

a)

unsur

b)

jinis

c)

wujude

d)

titikane

3.

Informasi kang diandharake kanthi lisan (langsung) digiyaraké lumantar ….

a)

kalawarti (majalah)

b)

TV

c)

internet

d)

ariwarti

4.

Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar media cithak kayata ….

a)

TV

b)

radio-tv

c)

Radio

d)

ariwarti (koran)

5.

Jinise informasi kang dirembakake kanthi komentar lan penilaian saka reporter utawa narasumber kang nduweni keahlian gegayutan karo topik informasi kang dirembug diarani informasi ….

a)

penalaran

b)

langsung

c)

andharan

d)

panemu

6.

Jenis informasi kang ditulis kanthi singkat, padhet, hugas, lan apa anane diarani informasi ….

a)

jangkep

b)

langsung

c)

panemu

d)

penalaran

7.

Jenis informasi kang dirembakake kanthi luwih jangkep saking informasi kang wis ana diarani informasi ....

a)

opini

b)

jangkep

c)

andharan

d)

interpretatif

8.

Unsure pambangun informasi kang nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean, yaiku ….

a)

kapan

b)

geneya

c)

ing ngendi

d)

apa

9.

Nuduhake katrangan ngenani wong kang ana sajrone kedadean yaiku ….

a)

sapa

b)

kepriye

c)

ing ngendi

d)

kapan

10.

Nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining kedadean yaiku ….

a)

kepriye

b)

sapa

c)

ing ngendi

d)

kapan

11.

Teks informasi yaiku teks awujud … ngenani sawijining kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi.

a)

pitakon

b)

tuladha

c)

laporan

d)

wulangan

12.

Titikane teks informasi yaiku kedadean awujud fakta, aktual, narik kawigaten, alur runtut, basa baku, cetha, lan ….

a)

sulit

b)

valid

c)

rumit

d)

pait

13.

Wujude teks informasi menurut sumberé yaiku wujud ....

a)

huruf lan kalimat

b)

teks lan angka

c)

paragraph lan wulangan

d)

lisan lan tulisan

14.

Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar media citak kayata ....

a)

Radio

b)

radio-tv

c)

TV

d)

kalawarti (majalah)

15.

Kepriye kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake papan dumadine sawijining kedadean

b)

nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijining kedadean

d)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

16.

Geneya (Why/Kenapa) kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijining kedadean

b)

nuduhake papan dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

d)

nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining kedadean

17.

Ing ngendi (Where/Dimana) kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijining kedadean

b)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining kedadean

d)

nuduhake papan (panggonan) dumadine sawijining kedadean

18.

Kapan kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijining kedadean

b)

nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake papan dumadine sawijining kedadean

d)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

19.

Sapa (Who/Siapa) kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake katrangan ngenani wong kang ana sajrone kedadean

b)

nuduhake ngenani alesan utawa sebab dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

d)

nuduhake papan dumadine sawijining kedadean

20.

Apa kalebu unsur pambangun informasi kang nduweni teges ....

a)

nuduhake wektu dumadine sawijining kedadean

b)

nuduhake papan dumadine sawijining kedadean

c)

nuduhake ngenani kedadean kang dumadi

d)

nuduhake ngenani proses utawa alurdumadine sawijining kedadean

21.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

3

b)

11

c)

2

d)

7

22.

Guru gatra yaiku .....

a)

Cacahe wanda saben sagatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Tibane swara ing pungkasané gatra

d)

Tibane swara saben sawanda

23.

Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....

a)

Balabak

b)

Maskumambang

c)

Girisa

d)

Citrangmengeng

24.

Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....

a)

Pangkur

b)

Dhandhanggula

c)

Pocung

d)

Gambuh

25.

Tembung macapat tegese ...

a)

Maca

b)

Maca cepat-cepat

c)

Maca papat-papat

d)

Maca seprapat

26.

Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...

a)

Tengahan

b)

Gedhe

c)

Cilik

d)

Kuna

27.

Pambeda antarane titi laras slendro lan pelog yaiku ...

a)

1 lan 3

b)

4 lan 6

c)

4 lan 7

d)

2 lan 5

28.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 8o

29.

Isine tembang pocung iku lumrahe ...

a)

Susah

b)

Pitutur

c)

Kasmaran

d)

Getun

30.

Tibane swara ing pungkasané gatra yaiku ...

a)

Guru swara

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru basa

31.

Tembang kasebut kedaéan saka ... pada

a)

5

b)

6

c)

1

d)

4

32.

PUCUNG Urip bareng iku kudu guyub rukun Ora nggolek perkara Ngomong ya sing ati-ati Aja nganti bubar gegara perkara Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...

a)

Yen urip kudu ngati-ati

b)

Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung

c)

Yen urip iku kudu guyub rukun

d)

Dadi wong kudu seneng golek gegara

33.

Sekar gambuh ping catur Kang cinatur, polah kang kalantur Tanpa tutur, katula-tula katali Kadaluwarsa kapatuh Kapatuhan dadi awon Adhedhasar isine tembang kasebut bisa diarani tembang ...

a)

Pangkur

b)

Megatruh

c)

Mijil

d)

Gambuh

34.

Bapak pucung amung sirah klawan gembung Padha dikunjara Mati sajroning ngaurip Mijil baka sipucung dadi dahana

a)

Geni

b)

Penthul korek

c)

Gajah

d)

Sepur

35.

Urip bareng iku kudu guyub rukun Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...

a)

Congkrah

b)

Bubrah

c)

Nyawiji

d)

Tukar padu

36.

Tembang macapat "dhandanggulo" iku salah sijine jinis tembang ...

a)

Gedhe

b)

Tengahan

c)

Dolanan

d)

Macapat

37.

Tembang dhandhanggulo ing ndhuwur dumadi saka ... gatra

a)

15

b)

7

c)

5

d)

10

38.

Lamun sira anggeguru kaki, milih sujanma kang nyata. Tembung "sujanma" tegese ...

a)

Manungsa

b)

Wanita

c)

Murid

d)

Penggawean

39.

Isine tembang dhandhanggula ing ndhuwur nyritakake ...

a)

Tata kramane dadi murid

b)

Carane milih guru

c)

Tata carane ngibadah

d)

Carane dadi guru

40.

Isine tembang dhandhanggula ing ndhuwur katujokake marang ...

a)

Para pujangga

b)

Among tani

c)

Para siswa

d)

Wong tuwa

41.

Sawijining karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani…

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Gendhing manasuka

d)

Lelagon campursari

42.

Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ...

a)

Guru wilangan

b)

Guru gatra

c)

Guru wanda

d)

Guru lagu

43.

Dhong dhonge (tibane swara) ing pungkasan gatra jroning tembang macapat diarani ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wanda

c)

Guru gatra

d)

Guru wilangan

44.

Tembang macapat kang watake nelangsa keranta ranta yaiku tembang ...

a)

Pocung

b)

Maskumambang

c)

Dhandhanggula

d)

Pangkur

45.

Watake tembang pangkur yaiku ...

a)

Nesu, muntab

b)

Sereng, tegas

c)

Nglokro, sedih

d)

Grapyak, renyah

46.

Iklan uga diarani ….

a)

Narasi

b)

sponsor

c)

Pariwara

d)

slogan

47.

Pariwara utawa iklan bisa diwujudake kanthi medhia cithak. Ing ngisor iki salah sawijining wujud medhia cithak yaiku ….

a)

internet

b)

radhio

c)

TV

d)

Pamflet

48.

Tumrape wong kang nandan pangrasane lumantar tembang ....

a)

Asmaradana

b)

Dhandhanggula

c)

Gambuh

d)

Megatruh

49.

Swara a, i, u, e, lan o ing pungkasaning tembung saben gatra tembang macapat diarani guru ….

a)

lagu

b)

sastra

c)

wilangan

d)

titi laras

50.

Saben tembang macapat duwe watak dhewe. Dene sing ora klebu watake tembang Kinanti yaiku ….

a)

grapyak

b)

tresna

c)

asih

d)

seneng