NEW
Font size
WorksheetsULANGAN BAB SANDIWARA XII
Total questions: 51
Worksheet time: 1hrs 3mins
Kawontenan kethoprak adhedasar saking pagesangan ing jaman punapa ?
kerajaan
pemerintahan
negara
masarakat
cariyos pribadhi
Kethoprak mujudaken mapinten-pinten kesenian dados satunggal ing antawisipun ngandhap punika, kejawi.....
seni tari
seni panggung
seni suara
seni musik
seni raos
Ngandhap punika ginanipun kethoprak ing samadyaning masarakat.
Sarana prasarana
Penerangan saha panglipur
Pendidikan saha kabudayaan
Tontonan saha tuntunan
Kesenian saha upacara
Iki salah sawijining tuladha sandiwara tradisional jawa, yaiku...
Lodruk
Wayang wong
Lenong
Wayang kulit
Kang diutamakake ana ing sandiwara radio yaiku...
Antawacana
Iringan
Papan pentas
Sandhangan
Make up
Tata rakiting sandiwara yaiku...
Jejer, wasesa, lisan
Jejer, pasulayan, pangudharing prakara
Jejer, lisan, paraga
Jejer, wasesa, pangudhar prakara
Jejer, pasulayan, dudutan
Tuladhaning sandiwara tradisional Jawa yaiku...
Kethoprak, jula- juli
Lodruk, lenong
Ketoprak, wayang wong
Lenong, kathoprak
Wayang wong, remo
Salah sawijining sandiwara tradisional kang asli saka jawa Timur yaiku...
Lenong
Wayang wong
Kethoprak
Remo
Lodruk
Tari pambuka ing pagelaran lodruk yaiku...
Srimpi
Remo
Gambyong
Merak
Golek
Asil cipta sastra miturut wujude kaperang dadi 3, yaiku...
Gancaran, cerkak, sandiwara
Guritan, gancaran, sandiwara
Tembang, guritan, sandiwara
Guritan, tembang, lagu
Babad, guritan, cerkak
Sandiwara mujudake genre asil cipta sastra kang nggambarake...
Uripe manungsa lumantar paclathon, solah bawa lan tindak tanduk
Uripe manungsa lumantar guyonan
Uripe manungsa lumantar crita jang ana
Uripe manungsa kumantar sutradhara
Uripe manungsa lumantar tata cara
Pungkasan karampunganing dredah ing tata rakiting sandiwara diarani...
Jejer
Pasulayan
Pangudharing prakara
Dredah
Dududan
Umume sandiwara radio migunakake alur...
Kilas balik
Mundur
Campuran
Maju
Sing mimpin lan tanggung jawab ana sajroning paglaran sandiwara diarani...
Paraga
Sutradara
Astrada
Stage manager
Pamirsa
Pamaragan kang asring kadhapuk dening paraga utama yaiku...
Antagonis
Tritagonis
Protagonis
Figuran
Castingan
Panulis naskah sandiwara nggawe naskah sandiwara kanthi cara konversi teks, ateges ngowahi wacana kang awujud..... dadi.....
paclathon, dialog
pada, narasi
narasi, gancaran
gancaran, paclathon
gancaran, pada
Bab baku kang perlu digatekake dening paraga sandiwara radio yaiku...
Bloking nalika ing panggung
Tembung kang diucapake kudu cetha, lan bisa nggambarake pamaragan.
Wiraga kang sigrak lan luwes
Polatan /mimik nalika paclathon
Iringan/ efek suara kudu bisa nggambarake swasana
Drama kang lumrahe nyritakake babagan kasekten, lan kedadeyan kang ora tinemu nalar diarani...
Drama tradisional/ klasik
Drama semu
Drama goib
Drama khayal
Drama modern
Jinise Drama kang nduweni tujuan menehi pendidikan marang masyarakat kang umume nduwe tema urip padinan diarani...
Drama kehidupan
Drama modern
Drama klasik
Drama tradisional
Drama umum
ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik drama (struktur fisik drama) yaiku....
paraga
setting
alur
tema
perangan crita kang nepungake (mengenalkan) para paraga ing crita kasbeut, watak wantune, (karakter), latar papan, paggonan, lan wektu dumadine crita, lan minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita diarani....
orientasi
komplikasi
resolusi
koda
Sawijining solah bawa utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga diarani …
Drama
Kethoprak
Ludruk
Pidhato
Geguritan
Klenting Kuning : “ Mbok tulungi aku, kula urip dhewe mboten kagungan kadhang mitra, kula pengin urip teng ngriki kaliyan mbakyu-mbakyu menika, kula purun dipunutus napa kemawon “. (Para Klenting ulate dadi peteng)
Klenting Abang : “ Halah Mbok, cah kaya ngono ki rasah ditanggepi!”.
Klenting kuning uripe ora duwe kadang mitra. Uripe klenting kuning bebasane …
Wong saparan-paran
Wong kabur kanginan
Wong kabur saka omah
Wong kabur kena angin
Wong tuna wisma
Tembung sing cocok kanggo ngisi cecek-cecek ing ngisor iki yaiku …
“ Dakladeni sapari polahmu, yen pancen kowe wis ora ……..! (Prabu Gupala metu, sumusul prajurit Wanasegara sing wis siyaga ing jaban kraton)
Pengin mati
Pengin sekarat
Pengin nyawang
Pengin urip
Pengin tatu
"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Rani takon Ani kapan ibune gerah.
Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah
Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Ing sandiwara bahasa Jawa iku sing kudu digatekake sakliyane dialog yaiku pilihan tembung. Pilihan tembung iku uga diarani.....
Mentes
Diksi
Fiksi
Non Fiksi
Ing paugeraning nulis naskah drama utawa sandiwara kudu nggatekake unsur-unsur....
Penghayatan
Pengartian
Intrinsik
Implisit
ing crita drama utawa sandiwara kudu ana sing diarani...supaya crita sandiwara mau bisa urip.
Tragedi
Urutan
Alur
Konflik
Ing sandiwara , pengarang kudu menehi pesan moral marang wong sing maca crita drama. Pesan moral mau kasebut.....
Tema
Alur
Amanat
Setting
Paraga ing sandiwara basa jawa kaperang dadi telu yaiku
Protagonis, prosigonis, lan kartogonis
Protagonis, antagonis lan tritagonis
Vertagonis, Irvigonis lan antagonis
Antagonis, fiksigonis, lan tritagonis
Sawijining olah seni kang di pentasake , dening para paraga ing punggung pan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani...
Sendratari
Tari tradhisional
Drama/sandhiwara
Bedhaya katawang
Ing ngisor iki sing ora kelebu unsur intristic (fisik) drama yaiku
Amanat
Pacelathon (dialog)
Paraga
Alur
Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....
Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.
Pesan moral kang kinandhut ing crita.
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.
Tata urutan lumakune crita
Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......
epilog
monolog
dhialog
prolog
Sing kalebu setting yakuwe....
Papan panggonan
urutan crita
paraga
ringkesan
Unsur unsur intrinsik kang ana ing sajrone sandiwara yaiku (kejaba) .....
Tema
Amanat
Alur
Irah irahan
Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake....
Uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk
Uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan
Uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung
Uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional
Uripe manungsa lumantar sutradhara
Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku....
Gancaran ‘prosa’, cerkak ‘cerpen’, lan sandhiwara ‘drama’
Gancaran ‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang....
Jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku....
Psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane.
Social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan.
Social conflict lan psychological conflict.
Antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa.
Amarga rebutan warisan.
Ing ngisor iki kang kalebu drama tradhisional, kajaba....
Wayang Wong
Lenong
Seni drama lan tari
Sanghyang
Sinetron
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani....
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (kodha)
Owahing crita (
Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake ....
Kramagung
pituduh akting
pituduh pocapan
pituduh bloking
pituh gladhen
Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula ....
bisaane migunakake basa baku
basane kecampuran tembung ora baku
basane trep karo unggah-ungguh basa
ukarane dawa lan jangkep
basane standar kaya basa Jogja-Solo
Maneka jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku ....
ngowahi gancaran dadi prosa
ngowahi guneman dadi dhialog
ngowahi guneman dadi antawacana
ngowahi janturan dadi antawacana
ngowahi antawacana dadi janturan
Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ...
kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.
kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.
kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak.
kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine.
kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.
Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa diceritakakae dening ....
Sutradara
Pamaraga
penulis naskah
narator
editor
Titikane crita ludruk yaiku ....
Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur.
Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah.
Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik.
Critane kapethik saka babad tanah Jawa.
Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.
Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit ...
ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta.
ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah.
para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang.
para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk.
sumber critane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah.
Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese ....
nggambarake panandhanging kawula alit
crita kang ngandhut unsur sejarah
crita bab asal-usul panggonan
crita saka manca Negara
Crita carangan
Minak Koncar : Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!
Patih Logender : Hahahaha......(Karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha...(guyune saya banter). Pancen Minak Jingga pinter, nanging iki mengko bakal kalah karo tipuane Logender (karo ndudingi dhadhane dhewe) hahahaha...
Saka pethikan teks ing ndhuwur, Patih Logender nduweni sipat...
Wicaksana
Ora gampang nyerah
Tanggung Jawab
Pinter
Sombong
