NEW
Font size
WorksheetsCerita Wayang
Total questions: 40
Worksheet time: 21mins
Ing lakon Bima Bungkus , ana jabang bayi kang bakal dadi satriya sekti. Ing pungksane, Bima bungkus sejatine yaiku….
Arjuna
Dursasana
Duryudana
Bratasena
Puntadewa
Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi tansah nandhang duhkita amarga anake mbarep dilairake kawungkus selaput tipis kang ora bisa dipecah/disuwek nganggo pusaka apa wae.
Tembung duhkita padha tegese karo….
Bungah
Mantep
Nelangsa
Sumringah
Nesu
Ing lakon Bima Bungkus, miturut pamrayogane Begawan Abiyasa sang wungkus supaya diselehke ing alas....
Rahtawu
Dandaka
Mandalasara
Kridasana
Amarta
Sasuwene .... taun, ora nana kang bisa mecah bungkuse si jabang bayi (Bima)
4
6
8
10
Kang bisa mecah bungkuse Bima yaiku ....
Bathara Guru
Dewi Umayi
Begawan Abiyasa
Gajah Sena
Sang Bathara Guru uga ngutus Dewi Umayi/Bethari Durga supaya menehi ageman lan nggladhi kawruh babagan kautaman. Tembung kawruh padha tegese....
Kaprigelan
Ngelmu
Kasarasan
Tumindak
Gegladhen
Gambar wayang iki jenenge ....
Werkudara
Arjuna
Puntadewa
Nakula
Ing ngisor iki kang kalebu jejuluke Raden Werkudara yaiku ….
Dwijasena
Yudhistira
Permadi
Antareja
Kresna
Putra Pandhudewanata kang adhi mbarep iku arane Werkudara utawa Bratasena kang duwe watak, kejaba....
Wicaksana
Teguh iman
Pendiriane kuwat
Dur angkara
Kendel lan blaka
Wayang kasebut jenenge yaiku....
Arjuna
Gathutkaca
Puntadewa
Kresna
Kang nglagokake tembang ing pagelaran wayang diarani ....
Dalang
Sindhen
Niyaga
Wayang
Dewi Arimbi iku garwane ....
Werkudara
Gathutkaca
Arjuna
Pandhu Dewanata
Panengahe Pandhawa yaiku ....
Janaka
Werkudara
Puntadewa
Duryudhana
Satriya ing Jodhipati yaiku ....
Yudhistira
Werkudara
Duryudhana
Nakula
ing ngisor iki kalebu wayang 2 dhimensi kejaba....
Wayang Purwa/Kulit
Wayang wahyu
Wayang Suluh
Wayang Golek
Wayang kang paraga lan critane dijupuk saka kabudayan Cina yaiku diarani wayang ....
Beber
Potehi
Wong
Menak
Wayang Beber yaiku ...
Wayang kang digunakake kanggo menehi informasi marang masarakat
Wayang kang dientha lan dilukis ing medhia lulang utawa kulit kewan
Wayang kang dilukis ing geber utawa tonil kang nyritakake sawijining crita utawa prastawa
wayang kang nyritakake penyebaran agama islam ing tanah Jawa
Piranti ing pagelaran wayang Kulit kang nggambarake srengenge, rembulan, lan lintang yaiku ....
Blencong
Kelir
Keprak
Debog
Piranti ing pagelaran wayang Kulit kang nggambarake langit utawa angkasa yaiku ....
Blencong
Kelir
Keprak
Debog
Piranti ing pagelaran wayang Kulit kang nggambarake bumi yaiku ....
Blencong
Kelir
Keprak
Debog
Bab kang kudu ana ing pagelaran wayang kulit salah sijine yaiku...
papan
penari
kelir
gambyong
Puntadewa ratu ing...
Ngamarta
Jodhipati
Madukara
Sawojajar
Gamane Puntadewa yaiku
Kuku Pancanaka
Panah Pasopati
Pedang Tirtamanik
Jamus Kalimasada
Ing pagelaran wayang, Nayaga yaiku...
wong kang nglakokake wayang
wong kang nembangake lelagon in pagelaran wayang
wong kang nabuh gamelan
wong kang nonton wayang
Wong kang nembangake lelagon in pagelaran wayang disebut...
dalang
sinden
kelir
nayaga
Jeneng liyane Puntadewa yaiku...
Yudhistira
Janaka
Bima
Tripala
Pandhawa cacahe ana...
4
5
6
7
Bapake Pandhawa asmane...
Salya
Barata
Baladewa
Pandhu Dewanata
Ibune Puntadewa asmane...
Dewi Kunthi
Dewi Drupati
Dewi Madrim
Dewi Srikandi
Amarga kondhang sabar lan becik bebudene, Prabu Puntadewa kasebut duweni...
ludira sekta
ludira seta
ludira wilis
ludira langking
Putri raja Negara Mantili jenenge …..
Jatayu
Dewi Kunthi
Dewi Shinta
Dewi Widowati
Pasukan kethek putih dipimpin karo ….
Rahwana
Rama
Kumbakarna
Anoman
Kepiye carane Rahwana nyulik Shinta?
Nyamar dadi brahmana
Nyamar dadi manuk emas
Nyamar dadi garuda
Nyamar dadi macan
Sapa sing kasil ngobong negri Alengka?
Brahmana
Anoman
Rama
Jatayu
Kumbakarna diusir seka Alengka amarga….
Mantili
Alengka
Alas gedhe
Kraton
Jatayu yaiku….
kidang emas
kethek putih
manuk emas
garuda
Karaktere Rahwana yaiku …..
Protagonis
Antagonis
Tritagonis
Karaktere Rama yaiku….
Protagonis
Antagonis
Tritagonis
Karaktere Kumbakarna yaiku….
Protagonis
Antagonis
Tritagonis
Saka crita wayang Ramayana, awakdhewe kudu niru sifate Rama, yaiku ….
Manutan
Jujur
Pemberani
