WorksheetsQuiz Bahasa Jawa Kelas 12
Total questions: 50
Worksheet time: 44mins
Sawelas tembang macapat iku nggambarake lakuning urip manungsa wiwit saka kandhutan nganti tekaning mati. Tembang Kinanthi nggambarake wong kang lagi…….
Ngandhut
i
Sembada
Nganthi
Seneng
Lara ati
Guru lagu lan guru wilangan tembang Kinanthi yaiku….
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Wong kang nembang iku kudu nggatekake pawitan….
Titi gatra
Titi mangsa
Titi tembung
Titi swara
Titi laras
Salah siji watak tembang Kinanthi yaiku….
Mituturi
Sedhih
Sakepenake
Galak
Grapyak
Ing ngisor iki kang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6i), yaiku….
Kudu andhap asor
Wani ngalah dhuwur wekasane
Tumumgkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Dedalane guna lawan sekti
Mangka kanthining tumuwuh/
Salami mung awas eling/
Eling lukitaning alam/
Dadi wiryaning dumadi/
Supadi nir ing sangsaya/
Yeku pangreksaning urip//
Tembung kang kalebu tembung garba…..
Kanthining
Awas
Eling
Sangsaya
Yeku
Kang tegese waspada yaiku tembung…….
Kanthining
Awas
Eling
Sangsaya
Yeku
Mangka kanthining tumuwuh/
Salami mung awas eling/
Eling lukitaning alam/
Dadi wiryaning dumadi/
Supadi nir ing sangsaya/
Sasmitaning tembang kasebut anaing gatra kaping……
Siji
Loro
Telu
Pepet
Ora ana sasmitaning
Marma den taberi kulup/
angulah lantiping ati/
rina wengi den anedya/
pandak-panduking pambudi/
bengkas kahardaning driya/
supadya dadya utami//
kang surasane dadi wong kang utama…….
angulah lantiping ati/
ina wengi den anedya/
pandak-panduking pambudi/
bengkas kahardaning driya/
supadya dadya utami//
Upamane wong lumaku/
marga gawat den liwati/
lamun kurang ing pangarah/
sayekti karendet ing ri/
apese kasandhung padhas/
babak bundhas anemahi//
Surasa saka pada ing ndhuwur yaiku……..
Dalan kang gawat kudu diliwati
Dalan kang gawat akeh erine
Kaya wong mlaku kudu ngati-ati
Kaya wong mlaku kesandhung eri
Kaya wong mlaku kesandhung padhas
Sekaten, Simbol Rasa Syukur Maring Gusti
Upacara tradisi sekaten minangka aset budaya dhaerah nganti saiki isih ajeg dipengeti dening saperangan gedhe warga Kutha Solo, ngamot crita rakyat sing nglandesi pagelarane. Kaya sing dicritakake dening KGPH Puger ing bukune Sekaten (2002), tradhisi sekaten ing keraton Kasunanan Surakarta dipurwakani adeging karaton Islam kaping pisan, yaiku Demak. Ratune kang asma Raden Patah ngersakake nyiarake Agama Islam sakjroning negarane, sesandhingan karo para wali. Raden Patah banjur ngadegake Masjid Agung Ing Demak lan digunakake minangka sarana dakwah lan nyebarake Islam, kanthi cara nyawijekake budaya ing papan kono. (kapetik saka Solopos kanthi ewah ewahan)
Suraosipun pawarta ing nginggil inggih menika...
Tata cara tradhisi sekaten sadurunge gunungan dikirab menyang masjid agung
Sejarah lumakune tradhisi sekaten ing tlatah Jawa
T
Sekaten minangka wujud rasa syukur marang Gusti
Dina lan tanggal diadani tradisi sekaten ing kraton
Paraga kang nindhakake tradisi sekaten
Ruwang ngarep ana kang sinebut jaga satru. Ruwang iki ing sangarepe lawang ana sawijining cagak mung siji kang sinebut saka geder utawa cagak keseimbangan. Cagak iki nudhuhake sapa pawongan kang duwe omah. Kejaba iku minangka pratandha minangka cagak kang tansah ngelingake marang Gusti kang Maha Wikan.
Saka geder nduweni kagunan kanggo ...
keseimbangane omah
nudhuhake jembare omah
keseimbangane omah
nudhuhake sapa kang nduwe omah
ngelingake marang kang maha kuwasa
nudhuhake kalungguhane kang nduwe omah
Wacanen teks pawarta ing ngisor iki kanthi patitis!
Ana sawijining pawongan sing arane Guncang Gunawan, umure wolulas (18) taun. Manggone bareng karo wong tuwane ing desa Panican, Kecamatan Kemangkon Kabupaten Purbalingga. Anggone angon bebek udakarane sepuluh kilo adohe saka omahe, mula Guncang karo bapakke gawe gubug cilik sing payone nganggo damen. Alat-alat kanggo nggodhog wedang lan panganan mentah, panganan mateng, jajan saanane kanggo nyambung urip tansah sumimpen ing gubug mau. Sepeda motor cacah loro kang ditutup karung goni katon kinyis-kinyis, mratandhani yen asile ngingu bebek cukup lumayan. Guncang ngaku menawa turu mung lambaran klasa lan tumpukan dami/damen sing ditutup karung-karung goni.
Miturut perangan pawarta ing dhuwur, apa wae sing dicawisake Guncang lan Bapakke nalika arep angon bebek....
gubug sing payone saka damen, pakan-pakan ternak, lan karung goni.
gubug sing payone saka damen, jajan saanane, lan karung goni
gubug sing payone saka damen, alat-alat kanggo nggodhog wedang, lan panganan panganan mentah lan mateng
gubug sing payone saka damen, alat-alat masak, lan pakan-pakan ternak
gubug sing payone saka damen, panganan mentah, lan pakan ternak
Gatosaken pethikan pawarta ing ngandhap menika!
Rebo (27/7) antawisipun tabuh 21.30, setunggal baita kagunganipun nelayan kelep ing Pantai Utara Pemalang, Jawa Tengah. Kedadosan menika dipundugi amargi baita ingkang diputitih dening 18 tiyang menika kenging ombak ageng nalika ing tengah-tengah seganten. Rahayunipun 16 tiyang saged manggih wilujeng. Ananging, kalih tiyang sanesipun, Surinto (37) lan Darno (55), dereng saged dipunpanggihi.
Pethilan ing ngandhap menika ingkang boten jumbuh kaliyan pawarta ing nginggil nun inggih ….
Kacilakan menika kedadosan nalika dinten Rebo surya kaping 27 Juli
Baita ingkang nandhang cilaka menika dipuntitih dening 18 tiyang
Kacilakan menika kedadosan ing kitha Pemalang, Jawa Tengah
Ing kacilakan menika kalih tiyang boten saged manggih wilujeng
Ing kedadosan menika Surinto (55) dereng saged dipunpanggihi
Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi premati!
Sleman, www.jogjatv.tv – Sampun setaun menika, regi mendong bahan baku kangge ndamel gelaran, anjlog. Awit saking menika, petani mendhong ing Kecamatan Minggir, ngendelaken taneman gadhahanipun, dene sawetawis gantos nanem pantun.
Sawetawis petani mendhong ing Kecamatan Minggir Kabupaten Sleman mratelakaken, regi mendhong sakawit Rp 3.000/kg, dene setaun punika, regi mendhong anjlog dados Rp 1.500-Rp 2.000/kg, satemah kadang tani nemahi kapitunan. Awit saking punika, petani mendhong ing Kecamatan Minggir ngendelaken taneman mendhong gadhahanipun, lan sawetawis ing antawisipun gantos nanem pantun. Miturut Sarimin lan Warto Utomo, nanem mendhong langkung bebatheni tinimbang nanem pantun, nanging jalaran regi mendhong anjlog lan bakul ingkang nebasi mendhong boten mbayar kontan, wusananipun kadang tani nemahi kapitunan kathah. Sarimin lan Warto Utomo ngajab, pemerintah nggatosaken sesanggan petani mendhong.
Pawarta kasebut mratelakake ngenani ...
Rega mendhong larang.
Pamarentah nggatekake rega mendhong.
Kadhang tani ngalami kapitunan.
Rega pari anjlog.
Rega mendhong anjlog.
Wacanen pawarta ing ngisor iki kanthi premati!
Sleman, www.jogjatv.tv – Sampun setaun menika, regi mendong bahan baku kangge ndamel gelaran, anjlog. Awit saking menika, petani mendhong ing Kecamatan Minggir, ngendelaken taneman gadhahanipun, dene sawetawis gantos nanem pantun.
Sawetawis petani mendhong ing Kecamatan Minggir Kabupaten Sleman mratelakaken, regi mendhong sakawit Rp 3.000/kg, dene setaun punika, regi mendhong anjlog dados Rp 1.500-Rp 2.000/kg, satemah kadang tani nemahi kapitunan. Awit saking punika, petani mendhong ing Kecamatan Minggir ngendelaken taneman mendhong gadhahanipun, lan sawetawis ing antawisipun gantos nanem pantun. Miturut Sarimin lan Warto Utomo, nanem mendhong langkung bebatheni tinimbang nanem pantun, nanging jalaran regi mendhong anjlog lan bakul ingkang nebasi mendhong boten mbayar kontan, wusananipun kadang tani nemahi kapitunan kathah. Sarimin lan Warto Utomo ngajab, pemerintah nggatosaken sesanggan petani mendhong.
Pawarta ing ndhuwur ana ing laladan ...
Kabupaten Brebes.
Kabupaten Tegal.
Klaten.
Kecamatan Minggir.
Jogja.
Kecamatan Minggir.
Jogja.
Tapih yen diagem kaum priya jenenge......kang tegese para priya kudu ubed ulehe goleh rejeki kanggo keluarga. Dienggone nganggo wiru ing sisih tengen.
Ceceg-ceceg ing ndhuwur dijangkepi tembung....
Iket
Udeng
Bebed
Jarik
Wiru
Diwiwir supaya ora kleru, iki ana ing pinggire jarik lan uga bebed. Yen ing jarik ambane rong driji, yen ing bebed ambane telung driji. Cacahe ganjil, lima, pitu, bisa uga sanga, gumantung dawane jarik utawa bebede. Priyayi kang nggawe iki ora kena nganggo setrika, cukup digegem nganggo epek-epek, lan dicepit supaya ora ucul. Jalaran jarik utawa bebed mau bakal rusak batike. Jarik apa dene bebed diagem arep tambah endah digawa jumangkah.. Jarik saka kiwa nutup tengen, kosok baline bebed saka tengen nutup kiwa.
Wacana ing ndhuwur iku deskripsi saka……
Iket
Udeng
Jarik
Bebed
Wiru
Pakaian tradisional Jawa iku duweni filosofi. Kang ora bener saka pratelan ing ngisor iki yaiku.....
Udheng iku ngemu teges manungsa kudu mudheng karo tujuane urip
Bebed dienggo kaum priya supaya ubed olehe golek pangupa jiwa kanggo kaluarga
Jarik iku duweni teges supaya aja serik, dienggo kaum wanita
Iket duweni karep, sing nganggo pikirane kaiket dadi ora gampang kena pengaruhe.
Benik iku ben menik-menik ana ing udheng
Batik iki biasane dienggo penganten, jalaran nduweni teges wong kang nganggo batik iki bakal urip mukti. Jeneng batik kasebut yaiku....
Truntum
Sida mukti
Sida luhur
Parang kusuma
Parang rusak
Ageman iki dienggo kaum priya ing sirah kang mengku teges pikirane manungsa kudu sawiji, ora kena mikir liyane yen lagi duwe panggayuh. Mula kaum priya kudu nganggo.....
Iket
Udeng
Bebed
Jarik
Wiru
Gambar iki yen dienggo kudu dijangkepi curiga lan warangkane
Iket
Bebed
Sorjan
Beskap landhung
Beskap krowak
Ageman ngisor iki dienggo kaum pria supaya ubed oleha golek rejeki kanggo keluarga
Udheng
Bebed
Sorjan
Beskap landhung
Beskap krowak
Wong urip iku kudu mudgeng karo tujuane urip, tegese pakain Jawa kang ana sirah ing ndhuwur
Udheng
Bebed
Sorjan
Beskap landhung
Beskap krowak
Wong urip ing alam dunya iku sacukupe wae ora kudu kakehan
Iket
Udheng
Sabuk
Wiru
curiga
Jenenge keris uga diarani…..
Iket
Udheng
Sabuk
Wiru
Curiga
Carane nabuh digesek
Siter
Kendhang
Rebab
Gong
Kempul
Alat musik gamelan iki yen ditabuh thuthuke kudu 2(loro) yaiku
gambang
slenthem
kenong
saron
peking
Balungan kang wujude paling cilik iki yen dithuthuk titi larase dobel
gambang
slenthem
kenong
saron
peking
Alat musik gamelan iki ora digawe saka tosan, ananging saka kayu
gambang
slenthem
kenong
saron
peking
Kang ora kalebu balungan ing alat musik gamelan yaiku……
gambang
slenthem
kenong
saron
Peking
Gambar iki arane….
Kempul
Kendhang
Saron
Bonang
Kenong
Iki kaya gong nanging ukurane cilik, jenenge….
Kempul
Demung
Saron
Bonang
Kenong
Jinise ana loro, barung lan penerus, yaiku…..
Kempul
Saron
Demung
Bonang
Kenong
Iki kalebu alat musik gamelan sing diarani balungan
Kempul
Demung
Saron
Bonang
Kendhang
Alat musik gamelan iki digawe saka kayu lan kulit kewan
Kempul
Demung
Saron
Kendhang
Kenong
yen ditulis nganggo latin……
Brebes ana pantura
Brebes ing pantura
Brebes kota pantura
Brebes aneng pantura
a
Brebes iku ing pantura
munine tulisan Jawa kasebut….
Putri Solo
Putri Semarang
Putri Sragen
Putri Salatiga
Putri Surabaya
Serat Ramayana
Serat Wedhatama
Serat Mahabharata
Serat Bharatayudha
Serat Sritanjung
Sinom
Pangkur
Pocung
Gambuh
Kinanthi
Yen kowe takon omahe kancamu, karo wong kang durung kowe tepung, mathuke nganggo ukara pitakon........
Punten mas, umahe Ali sing pundi ya ?
Nuwun sewu mas, griyanipun Ali ingkang pundi inggih ?
Nyuwun sewu mas, dalemipun Ali sing endi nggih ?
Punten mas, daleme Ali sing endi nggih ?
Nuwun sewu mas, dalemipun Ali ingkang endi nggih ?
Yen ibumu pamit arep tindak, kepiye anggonmu matur ?
Inggih bu, ndherekaken. Sugeng tindak, bu.
Inggih bu, ngatos-atos. Sugeng tindak, bu.
Inggih bu, ngati-ati. Wilujeng tindak, bu.
Ya bu, ngatos-atos. Sugeng siang, bu.
Nggih bu, ngati-ati ya. Wilujeng tindakan, bu.
Nalika ana wong tuwa nakokake keslametanmu : Sugeng mas ?
Kepiye wangsulanmu kang bener ?
Pangestunipun sugeng.
Pangestune sugeng.
Pangestunipun wilujeng, kadospundi panjenengan, wilujeng ?
Pangestunipun wilujeng, kados pundi panjenengan, sugeng ?
Pangestunipun sugeng, kadospundi panjenengan, wilujeng ?
Ibu tindak menyang pasar arep mundhut gula karo teh.
Kalebu unggah-ungguh basa……
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama inggil
Krama alus
Bapak remen dhahar sate, wondene kula seneng nedhi soto.
Kalebu unggah-ungguh basa……
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama inggil
Krama alus
Budhe Tini : “ Kulanuwun ... Bapak ana Mas Gagah?
Mas Gagah : “ .... ”
Tembung sing trep kanggo mangsuli pitakone Budhe Tini, yaiku ....
Ayo mlebu Budhe, Bapak lagi adus.
Manjing yuh Budhe, Bapake lagi adus Kaeh.
Mangga Budhe, pinarak dhisit, Bapake nembe Siram.
Wah ana tamu ya ... yuh Budhe manjing mene, Bapane lagi siram.
Mangga Budhe, pinarak rumiyin, Bapak nembe siram.
Dina senen Andin ora mlebu sekolah, ngesuke nalika mlebu banjur didangu bu Guru. Kepriwe anggone mangsuli/ njawab manut unggah-ungguh basa kang trep?
Maaf bu, aku wingi sakit.
Nyuwun pangapunten Bu, kalawingi kula gerah padharan.
Ngapunten lhoh bu, Laras wingi rumab.
Nyuwun pangapunten Bu, kalawingi kula sakit sirahipun.
Ngapuntene Bu guru, enyong wingi sakit.
Kula mboten nate sinau pramila mboten minggah kelas
Ukara kasebut menawa diowahi basa ngoko lugu unine ………..
Enyong mboten nate sinau mila mboten munggah kelas
Kula mboten tau sinau pramila ora munggah kelas
Aku ora tau sinau mula ora munggah kelas
Enyong ora tau sinau mula ora munggah kelas
Enyong mboten tau sinau mula mboten munggah kelas.
Unggah-ungguh basa ngoko alus yaiku tembung-tembunge nganggo….
Ngoko kabeh
Krama madya
Krama inggil
Ngoko lan krama madya
Ngoko lan krama inggil
Unggah-ungguh basa krama alus yaiku tembung-tembunge nganggo…..
Ngoko kabeh
Krama madya
Krama lan Krama inggil
Ngoko lan krama madya
krama inggil
