NEW
Font size
WorksheetsAsessmen Bab Crita Pewayangan
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 30mins
Sawijining seni pagelaran kang nganggo boneka kang dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan, diarani ?
Kethoprak
Ludruk
Wayang
Drama
Teater
Wayang kuwi dumadi saka tembung "hyang" kang oleh ater-ater "wa-", tegese yaiku
Ayang-ayang (bayangan)
Ruh kang mung bisa nggawe bejane manungsa
Ruh kang bisa gawe beja lan cilakane manungsa
Wong kang nglakokake wayang
Wong kang nglagokake tembang
Ing carita wayang Bima bungkus sing kasil mecah bungkuse Bima yaiku...
Jayasandra
Gajah Sena
Begawan Abyasa
Dewi Umayi
Kurawa
Jeneng liyane Bima yaiku...
Yudhisthira
Bratasena
Ramayana
Rahwana
Sadewa
Nalika Dewi Kunthi nglairke putrane sing nomer loro, bayi sing dilairke mau awujud bungkus. Bayi bungkus mau banjur dibuang ana ing alas ngendi...
Mandalasara
Mandalabakthi
Kurusentra
Dandakan
Kramat Jati
Ing crita wayang Bima bungkus sejatine kang dadi ramane (bapak) Bima bungkus yaiku....
Widura
Pandhu Dewanata
Dhestrarasta
Adipati Warangga
Kumbakarna
Paraga-paraga wayang iki sing ora kalebu pandhawa, yaiku ...
Krisna
Werkudhara
Janaka
Yudhisthira
Sadewa
Gadhinge gajah sena kang nancep ing si bungkus akhire dadi ...
Sikil
Kuping
Kuku pancanaka
Tangan
Mustaka
Apa sebabe Prabu Pandhudewanata bingung?
bungkuse jabang bayi iku ora tedhas sakabehing gegaman lan pusaka kang ana ing Astina
anake kang nomer loro wis lair
kahanane jabang bayi isih ana ing sajobone bungkus
kaya sawijining barang kang ana ing plendungan
Bayi kang gampang dipecah bungkuse
Apa sing aneh saka jabang bayi bungkus iku?
bungkus babar pisan ora bisa disuwek utawa dipecah
ana ing njero bungkus
kaya plebungan kang isi angin
lahir ing sajeroning bungkus
Bayi bungkus mau kuat banget
Kang wejangan kang diparingake dewi umayi marang Bima bungkus yaiku....
Tata cara dadi panguwasa
Tata krama
Tata cara dadi bocah kang ala
Tata cara dadi ksatria
Tata cara dadi anake pandhu
Kepriye jabang bayi bungkus mau bisa pecah saka buntelan awake?
disundhang nganggo gadhinge sing lancip
ditendhang banter banget
diumbulake nganggo tlalene
ditendhang-tendhang
dipangan
Sasuwene .... taun, ora nana kang bisa mecah bungkuse si jabang bayi (Bima)
4
6
8
10
11
Putra Pandhudewanata kang adhi mbarep iku arane Werkudara utawa Bratasena kang duwe watak, kejaba....
Wicaksana
Teguh iman
Pendiriane kuwat
Dur angkara
Kendel lan blaka
Paraga ing ngisor iki kang ora melu cawe-cawe mecah bungkus bayi mau yaiku....
Gajah Sena
Bathara guru
Dewi Umayi
Kurawa
Kumbakarna
Gambar wayang iki jenenge ....
Werkudara
Arjuna
Puntadewa
Nakula
Yudhistira
Miturut crita Bima Bungkus paraga sing lagi nandhang susah yaiku… .
a. Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi
b. Gajah Sena
c. Permadi
d. Bratasena
e. Kurawa
" Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. "
Tembung kacetak kandel sing ana ing pethikan teks ing dhuwur tegese… .
a. tenanan
b. ethok-ethok
c. temenan
d. nyata
e. tresna
Saka crita Bima Bungkus relevansine karo jaman saiki yaiku… .
a. nglakoni samubarange kuwi ora kudu dipikir disik
b. aja isin kanggo tumindhak ala ing jaman saiki
c. aja padha congkrah antarane sedulur
d. kudu sabar ngadhepi sanak sedulur aja njur ngawur
e. aja grusa grusu nalika entuk pacoban urip banjur tumindhak nekat
Pitutur luhur sing ana ing crita wayang lakon Bima Bungkus yaiku… .
a. wong yen pengin kepenak rasah nglakoni rekasa barang
b. dadi wong urip iku aja seneng tetulung marang sapadha-padha
c. menawa gelem nglakoni rekasa mesthi bakal nemu kamukten
d. kudu tansah tetulung marang wong liya, ngenani bab sing becik lan ora becik
e. urip bebrayan kuwi rasah nggagas marang wong liya
Sang Guru uga ngutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman. Tembung kawruh padha tegese....
Kaprigelan
Ngelmu
Kasarasan
Tumindak
Gegladhen
Kepiye wujude Bima Bungkus nalika lair ?
kaya bal sing ukurane cilik
kaya waru sing ukurane gedhe
kaya bal sing ukurane gedhe
kaya bayi
Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ...
Gaya basa
Tema
Alur
Paraga lan pamragan
Papan panggonan
Perangan wiwitane carita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ...
Orientasi
Resolusi
Koda
Revolusi
Komplikasi
Ing jaman semono wayang bisa kaanggit lan luwih ngrembaka maneh amarga lumantar saka kaprigelan lan kawicaksanane ...
Para Wali kang nyebarake kabudayan lan agama
Para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif
Para Dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa
Para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20
Para sutrsna kabudayan Jawa kareben lestari
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur generik teks carita wayang, diarani ….
Orientasi
Resolusi
Koda
Revolusi
Komplikasi
Teks carita wayang sing digelar sajrone pentas pewayangan, bisa dadi sarana pasinaon basa, jalaran ...
Antawacanane dhalang bisa kaprungu endhek-dhuwure dening para siswa sajerone
Undha-usuke basa kang diandharake para paraga sajrone wayang, bisa didadekake tuladha panggunaning basa kang laras karo unggah-ungguh
Basaning teks carita wayang biasane laras karo basa sing digunakake para siswa saben dinane
Nyinau nyimak basa Jawa
Paraga Dhalang nalika ngurip-uripi wayange, bisa sinambi mulang basa Jawa
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ...
Perang Bubat
Perang Mahabharata
Perang Baratayudha
Perang Badar
Perang Grilya
Pawongan kang nglakokake gamelan diarani ...
Sindhen
Niyaga
Dhalang
Dagelan
Limbukan
Gamelan ing pagelaran wayang, mralambangake ...
Donya
Langit
Lakune getih
Kabutuhane manungsa
Srengenge
Blencong ing pagelaran wayang, mralambangake ...
Donya
Langit
Lakune getih
Kabutuhane manungsa
Srengenge
Paraga-paraga wayang iki sing ora nduweni watek ala, yaiku ...
Duryudhana
Citraksa
Arjuna
Sengkuni
Dursasana
Perangan kang ora kalebu inti/isi crita sajrone struktur pagelaran wayang yaiku ...
Suluk
Sabetan
Janturan
Antawacana
Pocapan
Kang kalebu unsur ekstrinsike teks crita wayang yaiku ...
Orientasi lan kahanan sosial
Piweling lan budaya
Latar wuri panguripane pengarang lan pandhangan hidhup pengarang
Kahanan sosial lan latar panggonan
tema lan alur
Wayang kang salah sijine nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning kaliyan Dewi Sekartaji yaiku diarani ...
Wayang kulit purwa
Wayang golek
Wayang Beber
Wayang wahyu
Wayang Madya
Bageyan struktur teks crita wayang sing nuduhake yen paraga ing crita wiwit ngalami prakara sing bakal dadi inti lan ndadekake aluring crita, diarani orientasi
Bener
Salah
Paraga ing pagelaran wayang, yakuwi ...
Dhalang, keprak, kelir, Gamelan
Dhalang, sindhen, gamelan, wayang
Dhalang, sindhen, niyaga, dhagelan
Dhalang, sindhen, niyaga, gamelan
Dhalang, sindhen, gamelan, limbukan
Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean ...
Orientasi
Resolusi
Revolusi
Komplikasi
Koda
Ukara kang isine merlokake wangsulan utawa jawaban yaiku ukara ...
Pakon
Pangkon
Pitakon
Carita
Pawarta
"Prajurit. Ayo budhal ing glanggang payudan Tegal Kurusetra!"
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara ...
Pitakon
Carita
Pawarta
Pakon
Langsung
"Sendika dhawuh, Kakangmas. Para mudha ingkang kula gladhi kaprajuritan sampun sami siyaga bela kaprawiran ing madyaning palagan."
Cuplikan ukara ing ndhuwur kalebu ukara ...
Pakon
Pitakon
Pawarta
Pangkon
Ukara ora langsung
Paraga kang dadi panyengkuyung paraga utama diarani paraga ...
Utama
Tritagonis
Protagonis
Antagonis
Figuran
Sudut pandang wong katelu nduweni titikan anane tembung ... sajrone crita.
Aku
Dheweke
Sampeyan
Kula
Kowe
Kanggo nemtokake watak watune paraga bisa dideleng saka, kejaba ...
Apa sing ditindakake paraga
Pocapan-pocapane paraga
Panggambaran fisik paraga dening pangripta
Panggambaran watak kanthi cara langsung dening pagripta
Katrangan langsung saka paraga liya
Gathotkaca kuwi satriya ing ppringgodani, putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathotkaca kaloka satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, turu kepenak ing angkasa. Gathotkaca satriya kang cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang.
Pethilan paragrap ing ndhuwur kalebu tahapan alur bab ...
Tetepungan
Tumujuning perkara
Konflik
Klimaks
Perang
