wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PHT III Kelas VIII (Kabudayan)

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Dongeng "Bledug Kuwu" klebu jinising crita rakyat, yaiku ....

a)

mite

b)

fabel

c)

epos

d)

legendha

2.

Dongeng kepercayaan jaman kuna, gegayutan karo dewa dewi lan manungsa yaiku ....

a)

fabel

b)

legendha

c)

mite

d)

sage

3.

Crita legendha yaiku crita rakyat kang ana lan isine nengenake utawa mbabar ....

a)

alaming lelembut

b)

donyaning kewan

c)

asal usul panggonan

d)

watek kepahlawanan

4.

Ajaran moral utawa pesen ing sajroning crita rakyat jenengane ....

a)

latar

b)

paraga

c)

amanat

d)

alur

5.

Alas, kraton, desa, lan ratan iku klebu unsur ....

a)

tema

b)

latar

c)

amanat

d)

paraga

6.

Pungkasane prang tandhing Pangeran Purbaya karo jin yaiku ....

a)

Pangeran Purbaya kasil ngalahake jin

b)

jin padha ngroyok Pangeran Purbaya

c)

jin menang tandhing karo Pangeran Purbaya

d)

Pangeran Purbaya ora digdaya ngadhepi jin

7.

Kang menehi tumbak Kyai Pleret marang Pangeran Purbaya yaiku ....

a)

Adhipati Wirasaba

b)

Pangeran Pleret

c)

Kyai Pleret

d)

Panembahan Senapati

8.

Kang njalari jin nesu marang Pangeran Purbaya yaiku ....

a)

Pangeran Purbaya lunga saka Kedu

b)

Pangeran Purbaya arep mbabati alas Kedu

c)

jin ora padha bisa mbiyantu Pangeran Purbaya

d)

Pangeran Purbaya ora bisa ngalahake jin kang ana

9.

Panyuwune Ajisaka kang pungkasan marang Dewata Cengkar yaiku ....

a)

njaluk digawakake papan panggonan kang adoh.

b)

yen kalah balunge dipendhem ing lemah kanthi ukuran ikete.

c)

Dewata Cengkar kudu kalah dening Ajisaka nalika prang.

d)

Dewata Cengkar ora kena dadi raja ing Medhang Kamulan.

10.

Dewata Cengkar ora mati. Awake banjur memba dadi bajul putih.

Tembung bajul tegese ....

a)

baya

b)

wedhus

c)

ula

d)

macan

11.

Rerangken crita kang diwiwiti saka asale kedadean nganti pungkasan kedadean runtut iku nggunakake alur ....

a)

mundur maju

b)

campuran

c)

mundur

d)

maju

12.

Ing crita Roro Jonggrang, Prambanan ayem tentrem nalika dipimpin dening......

a)

Roro Jonggrang

b)

Bandung Bondowoso

c)

Prabu Baka

d)

Kerajaan Pengging

13.

Ing crita Roro Jonggrang kang menang ing paprangan ana crita kasebut yaiku ....

a)

jin lan setan

b)

Bandung Bondowoso

c)

Keraajaan Pengging

d)

Kerajaan Prambanan

14.

Ing crita Roro Jonggrang, kang kepengen krama karo Roro Jonggrang yaiku ....

a)

Prabu Baka

b)

Prabu Dandaka

c)

jin lan setan

d)

Bandung Bondowoso

15.

Papan ngasone Jaka Linglung dipercaya dadi bukti asal usule ....

a)

Bledug Kuwu

b)

Semarang

c)

Salatiga

d)

Magelang

16.

Dumadakan, katon geni mbulat-mbulat, wong-wong kang sadurunge turu angler langsung padha mlayu metu omah, nylametake awake dhewe-dhewe. Kedadeyan iku dadi prastawa kang nggegirisi ati.

Pratelan ing dhuwur nuduhake panganggone latar.......

a)

panggonan

b)

swasana

c)

wektu

d)

paraga

17.

Gagasan pokok kang didadekake landhesan ngembangake karangan diarani........

a)

alur

b)

tema

c)

paraga

d)

latar

18.

Paraga utawa lakon kang nduweni watek sae utawa becik diarani paraga ....

a)

antagonis

b)

tritagonis

c)

protagonis

d)

anonim

19.

Kang njalari papan kasebut diarani Desa Kramat yaiku ....

a)

papan pancen kramat lan wingit

b)

papan pasareyane Kyai Kramat

c)

papan jin kang menang prang

d)

papan pasareane Nyai Bogem

20.

Kang njalari atine Nyai Bogem sedhih atine yaiku ....

a)

bisa ngalahake Sonta

b)

Jin Sepanjang kalah

c)

Kyai Kramat nemahi pati

d)

Nyai Bogem dicekel Sonta