wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL BAB 1 KUMBAKARNA_KELAS 9 KURMER SMP

Total questions: 20

Worksheet time: 12mins

Name
Class
Date
1.

                                 Sang Kumbakarna

 Kumbakarna lahir saka  guwa garbaning Dewi Sukesi. Dene ceritane kaya mangkene :

Prabu Sumali raja Ngalengka kagungan putri sing sulistya ing warna. Wis ngancik wayahe palakrama, nanging Dewi Sukesi ora gelem pala krama yen ora karo priya sing bisa medharake “Sastra Jendra pangruwating diyu.”

Prabu Sumali banjur nganakake sayembara sapa sing bisa medharake “Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu” bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.

Kumbakarna menika putranipun...

a)

Dewi Arimbi

b)

Dewi Sukesi

c)

Dewi Sinta

d)

Prabu Sumali

2.

                                 Sang Kumbakarna

 Kumbakarna lahir saka  guwa garbaning Dewi Sukesi. Dene ceritane kaya mangkene :

Prabu Sumali raja Ngalengka kagungan putri sing sulistya ing warna. Wis ngancik wayahe palakrama, nanging Dewi Sukesi ora gelem pala krama yen ora karo priya sing bisa medharake “Sastra Jendra pangruwating diyu.”

Prabu Sumali banjur nganakake sayembara sapa sing bisa medharake “Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu” bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.

Dewi Sukesi ora gelem palakrama yen ora karo priya sing bisa...

a)

nembang jawa

b)

golek raja brana

c)

medharake sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu

d)

ngurmati wongtuwane

3.

                                 Sang Kumbakarna

 Kumbakarna lahir saka  guwa garbaning Dewi Sukesi. Dene ceritane kaya mangkene :

Prabu Sumali raja Ngalengka kagungan putri sing sulistya ing warna. Wis ngancik wayahe palakrama, nanging Dewi Sukesi ora gelem pala krama yen ora karo priya sing bisa medharake “Sastra Jendra pangruwating diyu.”

Prabu Sumali banjur nganakake sayembara sapa sing bisa medharake “Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu” bakal didhaupake karo Dewi Sukesi.

Prabu Sumali banjur ngawontenaken acara menapa?

a)

Ngumbara

b)

nanggap wayang

c)

sayembara

d)

arak-arakan

4.

Kabar sumebar nganti tekan Prabu Danaraja, ora liya putrane Resi Wisrawa. Prabu Danaraja kepengin banget nggarwa Dewi Sukesi sing sulistiya ing warna. Prabu Danaraja banjur nyuwun marang Resi Wisrawa melu sayembara kanggo Prabu Danaraja. Resi Wisrawa nyaguhi.

Resi Wisrawa menyang Ngalengka melu sayembara medharake “Sastra jendra hayuningrat pangruwating diyu” lan kasil bisa medharake mula Dewi Sukesi gelem diboyong Resi Wisrawa.

Ing dalan Dewi Sukesi thukul wiwit slenca ora gelem dadi garwane Danaraja nanging kepengin dadi garwane Resi Wisrawa sing pancen bisa medharake “Sastra jendra pangruwating diyu.”

Sapa ramane Resi Wisrawa?

a)

Prabu Arjuna

b)

Prabu Danaraya

c)

Prabu Danaraja

d)

Resi Sumali

5.

Sing kasil menangake sayembara yaiku...

a)

Resi Wisrawa

b)

Prabu Danaraya

c)

Prabu Danaraja

d)

Prabu Sumali

6.

Pungkasane ingkang dados garwane Dewi Sukesi yaiku...

a)

Prabu Danaraja

b)

Prabu Sumali

c)

Resi Wisrawa

d)

Prabu Danaraya

7.

Sawise Dasamuka nyolong Sinta, negara Ngalengka dadi sasaran perang dienggo jak-jakan kethek-kethek balane Rama. Akeh senapati gul-aguling negara Ngalengka tumekaning pati, wiwit Patih Prahastha, Tri Sirah, Aswani Kumba lan Kumba-Kumba. Aswani Kumba lan Kumba-Kumba iku putrane Kumbakarna.

Dasamuka wiwit bingung golek cara bisa ngalahake balane Rama, banjur kelingan marang adhine yaiku Kumbakarna kang lagi tapa nendra.  Banjur utusan marang Indrajit.

“Jit, gugahen pamanmu Kumbakarna!” prentahe Dasamuka marang Indrajit.

“Pamanmu dina iki kudu madeg senapati, ya mung pamanmu sing tak gadhang-gadhang bisa nginggatake bala kethek saka negara Ngalengka.”

“Sendika dhawuh, rama!”

Kumbakarna iku putrane Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi kang duwe pakulinan...

a)

ngobrol

b)

makarya

c)

tapa brata

d)

ngumbara

8.

Sawise Dasamuka nyolong Sinta, negara Ngalengka dadi sasaran perang dienggo jak-jakan kethek-kethek balane Rama. Akeh senapati gul-aguling negara Ngalengka tumekaning pati, wiwit Patih Prahastha, Tri Sirah, Aswani Kumba lan Kumba-Kumba. Aswani Kumba lan Kumba-Kumba iku putrane Kumbakarna.

Dasamuka wiwit bingung golek cara bisa ngalahake balane Rama, banjur kelingan marang adhine yaiku Kumbakarna kang lagi tapa nendra.  Banjur utusan marang Indrajit.

“Jit, gugahen pamanmu Kumbakarna!” prentahe Dasamuka marang Indrajit.

“Pamanmu dina iki kudu madeg senapati, ya mung pamanmu sing tak gadhang-gadhang bisa nginggatake bala kethek saka negara Ngalengka.”

“Sendika dhawuh, rama!”

Sing bingung lan ora bisa ngalahake Rama yaiku...

a)

Dasamuka

b)

Kumbakarna

c)

resi Wisrawa

d)

Patih Prahasta

9.

Sing dhawuh supaya Dasamuka nggugah Kumbakarna yaiku...

a)

Patih Indrajit

b)

Patih Prahasta

c)

Resi Wisrawa

d)

Prabu Sumali

10.

Sawise Dasamuka nyolong Sinta, negara Ngalengka dadi sasaran perang dienggo jak-jakan kethek-kethek balane Rama. Akeh senapati gul-aguling negara Ngalengka tumekaning pati, wiwit Patih Prahastha, Tri Sirah, Aswani Kumba lan Kumba-Kumba. Aswani Kumba lan Kumba-Kumba iku putrane Kumbakarna.

Dasamuka wiwit bingung golek cara bisa ngalahake balane Rama, banjur kelingan marang adhine yaiku Kumbakarna kang lagi tapa nendra.  Banjur utusan marang Indrajit.

“Jit, gugahen pamanmu Kumbakarna!” prentahe Dasamuka marang Indrajit.

“Pamanmu dina iki kudu madeg senapati, ya mung pamanmu sing tak gadhang-gadhang bisa nginggatake bala kethek saka negara Ngalengka.”

“Sendika dhawuh, rama!”

Dhawuhe marang Kumbakarna supaya Kumbakarna...

a)

nglawan Anoman

b)

ngalahake bala kethek saka Rama

c)

Ngumbara ing jroning alas

d)

ngalahake Patih Prahasta

11.

Sawise Dasamuka nyolong Sinta, negara Ngalengka dadi sasaran perang dienggo jak-jakan kethek-kethek balane Rama. Akeh senapati gul-aguling negara Ngalengka tumekaning pati, wiwit Patih Prahastha, Tri Sirah, Aswani Kumba lan Kumba-Kumba. Aswani Kumba lan Kumba-Kumba iku putrane Kumbakarna.

Dasamuka wiwit bingung golek cara bisa ngalahake balane Rama, banjur kelingan marang adhine yaiku Kumbakarna kang lagi tapa nendra.  Banjur utusan marang Indrajit.

“Jit, gugahen pamanmu Kumbakarna!” prentahe Dasamuka marang Indrajit.

“Pamanmu dina iki kudu madeg senapati, ya mung pamanmu sing tak gadhang-gadhang bisa nginggatake bala kethek saka negara Ngalengka.”

“Sendika dhawuh, rama!”

Kang nyolong Dewi Sinta manut crita kasebut yaiku...

a)

Dewi Sumitra

b)

Dewi Sinta

c)

Dasamuka

d)

Kumbakarna

12.

   “Mendahna senenge atine Sugriwa, maju perang mbelani bebener,” Kumbakarna mangu-mangu.

“Yen aku, maju perang mesthi dikatutake dosane Dasamuka. Nanging yen aku ora maju perang, ateges satriya sing ora ngerti labuh marang negara. Ya, Sugriwa aku ora narimakake negaraku diorak-arik dening bangsa kethek. Ora minggat saka Ngalengka klakon tumpes tapis dening aku.”.

Dhasar apa kang kanggo pancadan Kumbakarna maju dadi senapati perang ?

a)

mbelani Dasamuka

b)

netepi jejering satriya labuh marang negara Ngalengka

c)

nginggatake kethek-kethek balane Rama saka Ngalengka

d)

meri karo Sugriwa kang perang mbelani bebener

13.

Iki ngene Dhi, Ngalengka saiki dadi negara sing ora kajen, sabab munyuk-munyuk balane Rama wis wani ngorak-arik tatanan ing praja Ngalengka. Coba apa kowe ora isin ing atase paman patih Prahasta senapati agul-aguking perang gugur ing paprangan mung mungsuh munyuk,” kandhane Dasamuka marang Kumbakarna.

“Mula saka kuwi Dhi, walesna wirange pamanmu, minangka tandha bektimu marang paman. Tumpesen kethek-kethek kae. Apa meneh mung kethek dewa wae wedi marang kasektenmu Dhi. Majua perang ya Dhi,” panjaluke Dasamuka marang Kumbakarna.

Nalika senapati agul-aguling perang padha gugur, sapa satemene sing nandhang wirang ?

a)

Patih Prahastha

b)

Kumbakarna

c)

Dasamuka

d)

kabeh senapati perang

14.

Wisrawa klakon bisa medharake “Sastra jendra pangruwating diyu” ateges Wisrawa menang sayembara, mula Wisrawa nduweni hak mboyong Dewi Sukesi arep didhaupake karo Danaraja putrane. Embu kepriye wiwitane wose Dewi Sukesi ora gelem didhaupake karo Danaraja, Dewi Sukesi ngukuhi janjine dheweke mung gelem diwengku priya sing bisa medharake “Sastra jendra pangruwating diyu.” Dewi Sukesi meksa supaya dadi garwane Wisrawa. Wisrawa lan Dewi Sukesi nduwe anak Dasamuka, Sarpakenaka, Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.

Piwulang becik apa kang bisa kapethik saka wujude anake Wisrawa kang wujud buta lan satriya bagus?

a)

kabeh wong duwe watak ala kaya Sarpakenaka

b)

kabeh wong ora nate nglakoni bingung

c)

kabeh wong ora nduweni watak becik kaya Gunawan Wibisana senajan sethithik

d)

Saben wong nate duwe watek ala lan becik

15.

Bapak   : “Din kowe wis tuku gambar wayang kanggo tugas sekolah apa durung?”

Dinda   : “Dereng Pak. Kula badhe tumbas sareng kaliyan Mas Raka.”

Dinda matur bapake nganggo basa  … .

a)

ngoko

b)

krama alus

c)

krama  lugu

d)

karma

16.

Supaya kurban ora saya akeh Wibisana matur marang Rama supaya sing ngadhepi Kumbakarna, Rama dhewe.  Rama banjur nggunakake senjata panah Guwa Wijaya. Kumbakarna gugur saka panah iku. Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa Ngalengka  awit niyate maju perang dudu mbelani Dasamuka sing angkara murka.

Sing kasil mejahi Kumbakarna yaiku...

a)

Dasamuka

b)

Patih

c)

Sugriwa

d)

Ramawijaya

17.

Supaya kurban ora saya akeh Wibisana matur marang Rama supaya sing ngadhepi Kumbakarna, Rama dhewe.  Rama banjur nggunakake senjata panah Guwa Wijaya. Kumbakarna gugur saka panah iku. Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa Ngalengka  awit niyate maju perang dudu mbelani Dasamuka sing angkara murka.

Kumbakarna gugur jalaran kena gaman ...

a)

Panah

b)

Panah Guwa Wijaya

c)

Keris

d)

Tumbak

18.

Supaya kurban ora saya akeh Wibisana matur marang Rama supaya sing ngadhepi Kumbakarna, Rama dhewe.  Rama banjur nggunakake senjata panah Guwa Wijaya. Kumbakarna gugur saka panah iku. Kumbakarna gugur minangka kusumaning bangsa Ngalengka  awit niyate maju perang dudu mbelani Dasamuka sing angkara murka.

Kumbakarna gugur ing paprangan, minangka kusumaning bangsa, jalaran...

a)

mbela kangmase

b)

Mbela anake

c)

Mbela bangsane

d)

prang dhewe

19.

“Mula saka kuwi Dhi, walesna wirange pamanmu, minangka tandha bektimu marang paman. Tumpesen kethek-kethek kae. Apa meneh mung kethek dewa wae wedi marang kasektenmu Dhi. Majua perang ya Dhi,” panjaluke Dasamuka marang Kumbakarna.

Kumbakarna sajak mangu-mangu kewuhan anggone arep atur pawangsulan marang Dasamuka.

“Kakang, sepisan meneh kaya sing dakaturake mbiyen, Dewi Sinta balekna marang Rama, supaya perkara iki enggal rampung!”

“Piye?” Dasamuka muntap

“Dhasar buta pengung, iku padha karo ngasorake drajatku. Drajate praja Ngalengka ya drajadmu barang. Wirang apa sing bakal daksandhang yen Dasamuka mbalekake Sinta marang Rama? Wis ora usah kakehan wuwus, kowe gelem maju perang apa ora?” Dasamuka nanting Kumbakarna.

Apa kedadeyane Dasamuka, nalika Kumbakarna duwe panemu supaya SInta dibalekake Rama?

a)

Sabar

b)

bungah

c)

muntap

d)

tresna

20.

“Mula saka kuwi Dhi, walesna wirange pamanmu, minangka tandha bektimu marang paman. Tumpesen kethek-kethek kae. Apa meneh mung kethek dewa wae wedi marang kasektenmu Dhi. Majua perang ya Dhi,” panjaluke Dasamuka marang Kumbakarna.

Kumbakarna sajak mangu-mangu kewuhan anggone arep atur pawangsulan marang Dasamuka.

“Kakang, sepisan meneh kaya sing dakaturake mbiyen, Dewi Sinta balekna marang Rama, supaya perkara iki enggal rampung!”

“Piye?” Dasamuka muntap

“Dhasar buta pengung, iku padha karo ngasorake drajatku. Drajate praja Ngalengka ya drajadmu barang. Wirang apa sing bakal daksandhang yen Dasamuka mbalekake Sinta marang Rama? Wis ora usah kakehan wuwus, kowe gelem maju perang apa ora?” Dasamuka nanting Kumbakarna.

Isine crita kasebut yaiiku...

a)

Dasamuka muntap

b)

Dasamuka ngongkon Kumbakarna maju prang

c)

Ora susah perang

d)

Supaya Kumbakarna lunga