Font size
WorksheetsSTS Basa Jawa 7 Ganjil 24/25
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Pesisir Pulo Merah, yaiku jeneng sing pas kanggo ngarani pesisir sing manggon ing desa Sumberagung kasebot. Di arani pesisir Pulo Merah jalaran wedhi ing sadhawane pesisir rupane semu abang.
Ukara ing dhuwur, biasane ana ing struktur bagian ......
deskripsi bagean
idhentifikasi
simpulan
orientasi
Pesisir Sendang Biru (.........) obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru.
Tembung kang cocog dienggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku ....
minangka
yen
karo
lan
Mojokerto duwe sejarah kang gedhe ajine tumrap bangsa Indonesia amarga ing kutha iki tau madheg kraton gedhe aran Majapahit. Mula ing kono bisa ditemokake petilasan-petilasan kayata Candhi Gentong, Gapura Wringinlawang, Kolam Segaran, Candhi Minakjinggo, Candhi Bajang, Candhi Tikus, Makam Troloyo, lan sapiturute.
Mojokerto duwe sejarah kang gedhe amarga ....
akeh candhine
tau madeg kraton Majapahit
ana petilasan Makam Troloyo
duwe museum kang kondhang
Mojokerto duwe sejarah kang gedhe ajine tumrap bangsa Indonesia amarga ing kutha iki tau madheg kraton gedhe aran Majapahit. Mula ing kono bisa ditemokake petilasan-petilasan kayata Candhi Gentong, Gapura Wringinlawang, Kolam Segaran, Candhi Minakjinggo, Candhi Bajang, Candhi Tikus, Makam Troloyo, lan sapiturute.
Irah-irahan kang cocog karo wacan ing dhuwur yaiku ....
Sejarah Majapahit
Kraton Minakjinggo
Sejarah Petilasan Makam Troloyo
Wisata Sejarah Mojokerto
Salah siji potensi Tulungagung sing klebu misuwur nanging durung kinawruhan wong akeh yaiku potensi seni rupane. Mung wae masia Tulungagung wis akeh nglairake perupa-perupa sing wis kondhang ing tingkat nasional lan internasional. Nanging emane akeh warga Tulungagung sing durung ngerti sapa wae para perupa iku mau.
Saka paragraf ing dhuwur, kalebu struktur teks ….
klasifikasi
idhentifikasi
dheskripsi bagean
orientasi
Tlaga Sarangan yaiku tlaga alami sing manggon ana ing sikile Gunung Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Provinsi Jawa Timur. Tlaga Sarangan dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih adohe 16 km. Tlaga Sarangan uga diarani Tlaga Pasir. Tlaga Sarangan minangka obyek wisata andelane Kabupaten Magetan.
Saka wacan kasebut, obyek sing dibahas yaiku ….
Gunung Lawu
Kabupaten Malang
Kabupaten Magetan
Tlaga Sarangan
Tlaga Sarangan yaiku tlaga alami sing manggon ana ing sikile Gunung Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Provinsi Jawa Timur. Tlaga Sarangan dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih adohe 16 km. Tlaga Sarangan uga diarani Tlaga Pasir. Tlaga Sarangan minangka obyek wisata andelane Kabupaten Magetan.
Tembung sikile duweni swara ....
i jejeg
i miring
e jejeg
i jejeg
i jejeg
e jejeg
i miring
i miring
e jejeg
i miring
i miring
e miring
Saben dina, Sofi menyang sekolah bareng Dina.
Tembung "saben dina" kalebu tembung .....
aran
kriya
katrangan
sesulih
Sing klebu tuladhane tembung kriya, yaiku ....
maca, budhal, tuku
apa, pira, kaya
apik, resik, padhang
loro, akeh, sepuluh
Tuladha tembung sing nganggo swara [i] miring yaiku ....
wajik, sapi, petis
wiwitan, dhuwite, adhine
siji, sawi, klambi
lading, kalis, arit
Saupama manungsa ora nebangi alas, ora ngrusak DAS (Daerah Aliran Sungai), lan mbebuwang sampah menyang kali.
Tembung kang dicetak kandel kuwi diarani tembung ….
katrangan
wilangan
kriya
aran
Tembung sang, si, para, kalebu jinise tembung .....
tembung kahanan
tembung panyilah
tembung panggandheng
tembung panguwuh
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Ing ngisor iki kena nggunakake basa ngoko, kejaba ...
guru marang murid
bapak marang anak
wayah marang simbah
kanca marang kanca
Pak Budi : “Bocah-bocah, Pak Guru pan nginformasikena, kiye ana surat sing Dinas Dikbud sing isine yaiku rong minggu maning pan ana lomba macapat.”
Sobri : “Nyuwun pangapunten Pak, kalih minggu malih menika pasipun tanggal pinten?”
Doni : “Tembangipun menapa kemawon Pak?”
Pak Budi : “Kosik ta, sabar takone siji-siji. Pelaksanaane tanggal 27.”
Sobri lan Doni anggone matur marang Pak Budi nggunakake unggah-ungguh basa ...
krama alus
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
Ibu lunga menyang pasar.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .
Ibu kesah dhateng peken
Ibu bidhal dhateng peken
Ibu tindak dhateng peken
Ibu rawuh saking peken
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Adhik .... susu, kula .... es teh, lan bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnakake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Ngunjuk, ngunjuk, nginum
Sing kalebu swara [u] miring yaiku ...
tamu
sayur
gula
kupu
Sing kalebu swara [o] jejeg yaiku ...
roti
kopi
bocah
kaos
