Font size
WorksheetsUlangan Bab Teks Lakon
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
1. Manungsa iku diajeni ing bebrayan, jalaran nduweni … sing becik.
gelar
derajat
pangkat
moral
martabat
Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahing asil karyaning para seniman, ananging kita uga bisa ….
ngundhakake drajat lan pangkat
ngundhakake gelar lan pangkat
ngundhakake gengsi lan prestasi
ngundhakake pangkat lan jabatan
ngundhakake ilmu lan kaweruh
Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran ….
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sifat doktriner kang meksa.
tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa
kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep kajiwaraga
kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah lan bab moral nduweni sifat doktriner kang meksa
kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga
Ing sajerone adicara penyuluhan utawa sosialisasi, biasane panitia utawa penyaji materi nyuguhake drama cekak kang awujud lakon utawa sosiodrama. Ancase kanggo ….
ngenteni adicara sabanjure
ngenteni adicara inti
menehi pakaryan paraga lakon
minangka adicara inti
narik kawigaten
Lakon kagelar kanthi wujud drama prasaja. Kaarani prasaja jalaran ….
mung nduweni ancas kanggo sesuluh
mung magepokan karo fenomena sosial
tanpa rerenggan tata artistic
tanpa ngetokake prabeya akeh
isine ora goroh utawa mbujuk
Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ….
jejer (orientasi)
pasulyan (komplikasi)
pangudhare prakara (resolusi)
pungkasaning crita (koda)
owahing crita (revolusi)
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks lakon diarani ….
jejer (orientasi)
pasulyan (komplikasi)
pangudhare prakara (resolusi)
pungkasaning crita (koda)
owahing crita (revolusi)
Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani ….
Jejer (Orientasi)
Pasulyan (Komplikasi)
Pangudhare Prakara (Resolusi)
Pungkasane Crita (Koda)
Owahing Crita (Revolusi)
Ing tataran andum gawe, ayahan sepisanan sing kudu katindakake yaiku ….
milih irah-irahan lakon
netepake dhalang utawa sutradhara
netepake jadwal Gladhen
netepake paraga
netepake pananggap
Sadurunge lakon kagelar, scenario kudu didhudhah lan dibabar supaya ….
gambaran kasar ngenani swasana lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake
dhalang bisa milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti sarampunge pagelaran
dhalang bisa milih para paraga kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks
dhalang bisa milih pirantining pagelaran (perabotan, busana, lan paes) sing kudu dicepakake
dhalang bisa milih lan netepake irah-irahan lakon sing arep kagelar lan bisa andum gawe
Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen ….
sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng
sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng
sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab
sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng
sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng
Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur swara, supaya….
antawacanane bisa kaprungu endhek-dhuwur dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung
antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung
paraga lakon bisa ngatur intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung
paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk ) ing sajerone gedhung utawa panggung
Cengkorongan (asring kasebut synopsis) teks lakon, yaiku babon ringkes cerita lakon sing gunane kanggo ….
nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane
nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
nuntun dhalang supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
nuntun dhalang supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka…
bait, baris, paragraf, lan antawacana
paragraf,antawacana,swasana, lan pituduh laku
tokoh,bait, baris ,swasana, lan pituduh laku
tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku
tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku
naskah lakon apa sing tau kokpelajari ing kelas?
Nulung Menthung
Nakula Sadewa
Ramayana
Jayabaya
Rama lan Sinta
Apa gunane nonton lakon utawa sosiodrama?
Sapa wae tokoh ing teks lakon kanthi irah-irahan "Nulung Menthung"?
(a)
Pasulyan ing crita lakon "Nulung Menthung" karampungi kanthi cara kepriye?
Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis ing teks lakon "Nulung Menthung"?
Kepriye rasane sinau bareng Mbak Salwa?
