WorksheetsGladhen Mandhiri-Ti ~ (Ma-Nembang Dha-Lang)
Total questions: 15
Worksheet time: 5mins
Tembang macapat menika menapa?
Tembang ingkang cacahipun wonten sekawan (papat)
Tembang ingkang boten nggadahi paugeran gumathok
Tembang ingkang anggenipun maos kanthi sora
Tembang ingkang nggadahi paugeran gumathok
Tembang macapat minangka gegambaraning menapa?
Sisah saha bingahing pagesangan manungsa
Wiyosipun manungsa ing alam donya
Lampahing gesang manungsa
Lampahing gesang manungsa ingkang mengker kadonyan
Urutanipun macapat dipurwakani kanthi pupuh menapa?
Megatruh
Maskumambang
Pocung
Dhandhanggula
Urutanipun macapat dipunpungkasi kanthi pupuh menapa?
Megatruh
Maskumambang
Pocung
Dhandhanggula
Tembang "dhandhanggula" dumadi saking tembung "gegadangan" ingkang artosipun menapa?
Pangejeng-ajeng
Padamelan
Panyaruwe
Pambiyantu
Menapa watakipun tembang dhandhanggula?
Keranta-ranta
Kewes
Ngrantes
Luwes
Sinten ingkang ngripta Serat Wulangreh?
Hamengkubuwono IV
Pakubuwana VI
Hamengkubuwono VI
Pakubuwana IV
Menapa kemawon paugeran wonten ing tembang macapat?
Guru gatra, guru lagu, guru swara
Guru wilangan, guru gatra, guru gangsa
Guru lagu, guru wilangan, guru swara
Guru wilangan, guru lagu, guru gatra
Menapa ingkang dipunwastani guru gatra?
Cacahing gatra utawi larik saben sapada
Tibaning swara (vokal) utawi dhong-dhing wonten ing pungkasaning gatra
Cacahing gatra utawi larik saben sapupuh
Cacahing wanda (suku kata) saben sapada
Menapa ingkang dipunwastani guru lagu?
Cacahing gatra utawi larik saben sapada
Tibaning swara (vokal) utawi dhong-dhing wonten ing pungkasaning gatra
Tibaning swara (konsonan) wonten ing pungkasaning gatra
Cacahing wanda (suku kata) saben sapada
Menapa ingkang dipunwastani guru wilangan?
Cacahing gatra utawi larik saben sapada
Cacahing swara saben sapada
Cacahing wanda saben sagatra
Cacahing wanda saben sapada
"Nanging yen sira ngeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata"
Menapa pitutur ingkang saged kapethik wonten ing cakepan menika?
Pitutur kangge dados satunggaling guru kanthi sipat saha watak ingkang becik
Pitutur kangge milih satunggaling manungsa ingkang dados guru
Pitutur kangge milih satunggaling guru kanthi sipat saha watak ingkang becik
Pitutur kangge milih satunggaling guru ingkang dados manungsa
Kadospundi manungsa kang nyata menika wonten ing andharan materi menika? Kejaba........
Becik martabatipun
Sumerep bab kukum
Boten menggalih pawehing liyan
Sumerep bab sasmitaning gesang
"Sokur oleh wong tapa"
Wonten ing andharan materi, 'wong tapa' dipungambaraken tiyang ingkang remen
Pasa
Paweweh
Damel cuwa
Amungkul
Kadospundi dudutan pitutur ingkang saged kapethik saking Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula Pada 4 menika?
Manungsa kedah nglampahi gesang ing alam donya kanthi becik
Manungsa kedah nglampahi sadaya parentah agama, kukum, saha pamarentahan
Manungsa kedah nglampahi gesang ing alam donya kanthi tapa
Manungsa kedah nglampahi sadaya parentah agama, kukum, saha kejawen
