WorksheetsGLADHEN 1 CRITA WAYANG
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Name
Class
Date
1.
Wong tuwane Gathutkaca yaiku ....
a)
Arjuna lan Srikandhi
b)
Prabu Puntadewa lan Drupadi
c)
Werkudara lan Dewi Arimbi
d)
Petruk lan Bagong
2.
Saka pilihan wangsulan iki sing kalebu panakawan yaiku ....
a)
Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna
b)
Arjuna, Nakula, lan Sadewa
c)
Bathara Kresna, Semar, lan Petruk
d)
Semar, Petruk, lan Bagong
3.
Sanjata kagungane Werkudara, yaiku ....
a)
kuku pancanaka
b)
kembang wijaya kusuma
c)
panah pasopati
d)
cakra
4.
Panjenengane banjur ngutus paman Arjuna nyuwun pitulungan pusaka marangdewa. Baline ngasta sarunge pusaka Kuntawijaya. Tembung ngasta ing ukara kasebut basa krama lugune yaiku ....
a)
nggawa
b)
nyangking
c)
mbekta
d)
ngasta
5.
Tembung loro sing nduweni teges padha/meh padha lan dienggo bebarengan, diarani tembung ....
a)
saroja
b)
saloka
c)
dasanama
d)
entar
6.
Ing ngisor iki sing kalebu tembung entar, yaiku ....
a)
jembar kawruhe
b)
bapa biyung
c)
mudha-mudhi
d)
abang mbranang
7.
Bardi kuwi entheng tangane, dheweke seneng nyandhak penggaweyan omah kaya ta isah-isah, nyapu, ngepel, lan sapanunggalane. Tembung entheng tangane ing ukara kasebut tegese ....
a)
seneng milara liyan
b)
sregep tandang gawe
c)
nggawe nesune liyan
d)
kesed (males)
8.
Sabar darana, gagah prakosa, tindak tanduk, iku tuladhane saka tembung ....
a)
saroja
b)
entar
c)
garba
d)
dasanama
9.
Tembung agni, pawaka, dahana, mujudake tuladha saka tembung dasanama kang tegese padha karo ....
a)
segara
b)
geni
c)
banyu
d)
langit
10.
Sing ora kalebu dasanamane tembung "gajah" yaiku ....
a)
esti
b)
dipangga
c)
dirada
d)
turangga
100 %
