WorksheetsMateri Pidhato Kelas 9
Total questions: 10
Worksheet time: 9mins
Pidhato yaiku...
medharake gagasan kanthi tulisan ing sangarepe wong akeh.
medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe kaca.
medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh.
medharake gagasan kanthi lisan ing mburine wong akeh.
Struktur pidhato/sesorah.
1.Mbukak cathetan
2.Salam Pambuka
3.Maca fatihah
4.Purwaka
5.Isi/ wigatining pidhato/ surasane
6.Pangarep-arep
7.ndonga
8.Panutup
9.Salam panutup
1-3-4-7-8-9
1-2-5-6-7-8
2-4-5-6-8-9
2-3-4-5-8-9
Assalaamu ‘alaikum warohmatullohi wabarokatuh.
Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya,
Bapak/ Ibu Guru ingkang kula hurmati,
Bapak/Ibu walimurid kelas sanga, sarta para kanca siswa- siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani.
Tuladha bageyan pidhato ndhukur iku kalebu struktur pidhato...
Salam Pambuka
Purwaka
Pangarep-arep
Salam panutup
Bageyan pidhato sing isine ngucap syukur lan panuwun marang Gusti Allah kang Maha Agung.
purwaka
salam pambuka
panutup
isi
Teks pidhato kang kalebu ing Struktur pidhato bageyan pangarep-arep ngisor iki ya iku…
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.
Ingkang kula hormati Bapak Guru Andika Rahmawan.
Ingkang kula hormati para rawuh sedaya.
Alhamdulillahirobbil’alamin.
Sedaya puji syukur tetep kita haturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuasa, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, taufiq saha hidayahipun dhumateng kita sedaya, sahengga kita sedaya tasik pinaringan seger waras ngantos ing dinten menika.
Selajengipun, sholawat saha salam mugya tetep konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad Shollallohu ‘alaihi wasallam, ingkang tansah kita ajeng-ajengaken syafa’atipun mbenjang wonteng dinten Qiyamat
Para rawuh sedaya ingkang minulya.
Mugi-mugi mawon kita saged sinau akhlaq, adab, lan ugi saged ngetrapaken unggah-ungguh basa Jawa kanthi sae kaliyan tiyang sanes wonten ing sabendintenipun. Amin
Para rawuh sedaya ingkang minulya.
Kula kinten cekap semanten anggen kula cecaturan. Mbokmenawi wonten kirang lepatipun anggen kula cecaturan, kula nyuwun agungipun pangapunten.
Maturnuwun.
Bageyan pidhato sing isine nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.
Salam Pambuka
pangarep arep
purwaka
salam panutup
Bageyan pidhato sing isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindak- tanduk.
salam pambuka
isi
purwaka
panutup
Para rawuh sedaya ingkang minulya.
Kula kinten cekap semanten anggen kula cecaturan. Mbokmenawi wonten kirang lepatipun anggen kula cecaturan, kula nyuwun agungipun pangapunten.
Maturnuwun.
Tuladha bageyan pidhato ndhukur iku kalebu struktur pidhato...
purwaka
panutup
salam panutup
pengarep-arep
Nalika ana ing acara kemantenan, Pak Budi dipasrahi keluarga kemanten putri kanggo pidhato nrima pasrah kemanten saking keluarga kemanten putra. Nanging pas wayah acara nembe dibukak, Pak Budi ndadak ngandhani marang Pak Somat sing dadi penanggungjawab acara yen wetenge ndadak mules ora bisa ditahan. Pak Somat ya kaget, merga ora ana wong liya sing arepe ngganteni Pak Budi. Akhire, nalika acara nampa pasrah kemanten saking keluarga kemanten putra dipunaturaken, Pak Somat sing dadi penanggungjawab acara dadi ngganteni Pak Budi sing lagi ana udzur.
Sebab tanpa ana persiapan, Pak Somat pidhato nampa pasrah manten tanpa persiapan, sakbisa-bisane mung gumantung pengalamane.
Metodhe pidhato sing dilampahi Pak Somat diarani….
Maca naskah pidhato
Ngapalake naskah pidhato
Ekstemporan
Impromptu
Pidhato patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai. kalebu pidhato ing....
kahanan resmi
kahanan setengah resmi
kahanan ora resmi
kahanan resmi banget
