WorksheetsGladhen Soal Bab Pawiwahan Adat Jawa
Total questions: 65
Worksheet time: 58mins
gambar alat sing digunakake ing pernikahan adat jawa iku kasebut....
kembang janur
kembang rawe
kembar kembang
kembar mayang
upacara pernikahan adat jawa kasebut jenenge apa ...
balangan bantal
balangan balangan
balangan gantal
uncal uncalan
nalika upacara panggih temanten, tembang kang dikanggo ngiringi manten, yaiku tembang ....
prau layar
kebo bongkang
gugur gunung
kebo giro
kang diarani adat kacar-kucur yaiku....
tata urutan adat panggih, sak wise balangan gantal yaiku....
kang sinebut adat dhahar klimah yaiku....
tatacara adat panggih kang dadi pralambang, manten kakung iku kudu tanggungjawab menehi nafkah marang manten putri, jenenge upacara pernikahan adat apa .....
kacar-kucur
siraman
wiji dadi
mecahan tigan
Upacara adat jawa kanggo memperingati pitungsasine wong kang nggarbini (hamil), kasebut.....
tedak siten
bancakan
tingkeban
tibanan
gambar ing ngisor iki kang kalebu upacara adat tedak siten yaiku....
gambar iki nunjukake salah sawijine urutan pernikahan adat jawa sing jenenge .....
pangkon
panggih
bobot timbang
kacar-kucur
kagiyatan sing dianakake ing saben sasi sura diarani...
grebegan mulud
grebeg sura
nyadran
liru kalpika
ana cengkir gading gambar wayang punika nunjukake kagiyatan....
rujakan
manganan
tingkeban
mantenan
ing ngisor iki kang kalebu seni budaya Jawa yaiku...
ondel-ondel
ludruk
parodi
operet
diarani kagiyatan....
gebyuran
pagas rikma
siraman
wudhu
Gambar kasebut nuduhake upacara adat temanten kang diarani ..….
Lamaran
kumbakarnan
singsetan
panggih penganten
Wujud nafkah lahir lan batin saka manten putra marang manten putri menika ditunjukake kanthi prosesi apa ....
balangan gantal
kacar-kucur
dhahar walimahan
ngonjuk toya wening
Manten lan para pengiring keluargawane padha teka ing omahe manten lanang nalika upacara ....
Temu manten
Ngunduh mantu
Siraman
Ijab kabul
Midodareni
Tatacara krobongan jumlahe ana pira .....
3
4
5
6
Tata cara temanten adat jawa kasebut jenenge apa ....
sujud
sungkeman
krobongan
atur pamit
Sapa sing kapisan ngunjuk rujak degan ....
manten putra
manten putri
wong tuwa putra
wong tuwa putri
Resep masakan lan tutorial gawe ketrampilan kelebu teks eskposisi ... .
definisi
proses
laporan
kosok balen
ilustrasi
Upacara mantu adat Jogja ana tarian edan-edanan. Tarian iki ditarikake dening wong wadon kang macak kaya wong edan, saka make up lan kostume. Gerakan tarine kaya ora nganggo aturan kaya tingkahe wong kang edan. Tarian iki nduweni makna kanggo tolak bala supaya ora nana jin, setan kang ngganggu lakuning upacara.
Paragraf kasebut kelebu teks eskposisi ... .
ilustrasi
definisi
proses
kosok balen
laporan
Ing upacara iki, penganten kakung lan penganten putri adhus kanthi disiram banyu kembang saka 7 sumber dening wong tuwa lan keluarga liyane. Filosofine yaiku supaya penganten sakloron resik jiwa lan ragane.
Upacara iki diarani ... .
lamaran
wiji dadi
timbangan
siraman
balang gantal
Sawise siraman, mbengine sedurunge ijab penganten putri dirias nanging tetep ana kamare ora kena metu. Tujuane kanggo ngenteni mudune widadari supaya besuk ing upacara panggih lan resepsi pasuryane pengenten ayu kaya widadari.
Acara iki diarani ... .
siraman
lamaran
balang gantal
sinduran
midodareni
Ing upacara iki penganten kakung lan penganten putri balang-balangan suruh utawa gantal. Suruh kang dibalangake penganten kakung diarani gondang asih minangka pralambang tresna asih, lan suruh kang dibalangake dening penganten putri diarani ... minangka pralambang wong wadon bakal manut marang garwane.
Kanggo ngisi titik-titik iku kang bener yaiku ...
gondang dia
gondang tutur
gondang manut
gondang asih
gondang gantal
Acara kang ana ing gambar, penganten kakung ngidak endog nganti pecah, banjur penganten putri ngresiki sikile penganten kakung. Upacara iki minangka pralambang penganten kakung kang siap tanggung jawab lair batin lan penganten putri kang siap bekti marang garwane.
Upacara iki diarani ... .
balang gantal
pupuk
wiji dadi
sinduran
sungkeman
Ing upacara iki wong tuwane penganten putri ngrodongake sindur marang penganten sakloron minangka pralambang penganten kakung wis ditampa minangka keluarga.
Gambar kang cocok karo upacara iku yaiku ... .
Kang nggambarake upacara kang nduweni pralambang penganten sakloron arep urip susah seneng bebarengan yaiku ... .
•Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu, sinebut uga “asok tukon”.
Acara iki diarani ... .
timbangan
panggih
lamaran
dulangan
sungkeman
Karangan kang isine njlentrehake utawa njelasake sawijining bab kanggo njembarake utawa nambahi kawruhe pemaos diarani ... .
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
persuasi
Wonten ing adicara mantenan, gambar ing dhuwur nedahake kagiyatan....
sawur-sawuran
balangan gantal
nguncalno dhuwit
suruh temurose
saderengipun adicara mantenan, mesti ana kagiyatan sing bakal dilakoni. kagiyatan ing gambar punika yaiku....
pasang janur
pasang terop
pasang omah-omahan
pasang bleketepe
gambar punika nedahaken kagiyatan...
pangkon
panggih
bobot timbang
kacar-kucur
ing ngisor iki sing diarani kacar-kucur yaiku....
kagiyatan sing dianakake ing saben sasi sura diarani...
grebegan mulud
grebeg sura
nyadran
liru kalpika
kagiyatan sing asring dilakoni wong Jawa resik-resik makam ing sasi ruwah utawa mapag sasi pasa diarani....
panenan
nyadran
manganan
kenduren
ana cengkir gading gambar wayang punika nedahake kagiyatan....
rujakan
manganan
tingkeban
mantenan
Sawijining kagiyatan kang dilakoni wong ing satunggaling wewengkon utawa daerah kang wus dadi tradisi (kebiasaan) sajroning kabudayan, diarani.....
adat
adat istiadat
tata krama
solah bawa
sing ditindakake nalika adicara brojolan ing tingkeban yaiku...
nglebokake klapa gadhing enom
medhot lawe utawa lilitan benang
mecahake wajan lan gayung
nyolong endhoge tanggane
ing ngisor iki kang dudu kalebu adat pahargyan yaiku....
sekaten
brokohan
ngundhuh mantu
tedhak siti
ing ngisor iki kang kalebu seni budaya Jawa yaiku...
ondel-ondel
ludruk
parodi
operet
diarani kagiyatan....
gebyuran
pagas rikma
siraman
wudhu
ing ngisor iki sing kalebu upacara adat kang ana gegayutane karo manungsa isih ing kandhutan nganti kaseban jati yaiku...
petik laut
sedhekah bumi
bersih desa
brokohan
ing ngisor iki kang kalebu tujuan kagiyatan sedhekah bumi yaiku....
satunggaling wujud puji syukur
mangan-mangan
nganakake tayuban
kanggo hiburan
ing ngisor iki sing kalebu urut-urutan ing upacara adat tingkeban yaiku...
siraman
menek andha tebu
brojolan
salin rasukan
sadurunge nikah kudu mangerteni triprakara sadurunge nikah, yaiku bibit, bobot , bebet.
tegese bobot yaiku....
berat badane calon mantu/ bojo
kualitase calon bojo
ayune calon bojo
kaitane karo bandha donyane calon bojo
kang kaitane karo kualitase calon bojo, iku diarani...
bibit
bobot
bebet
kabeh bener
wong kang jejibahane niliki kahananne calon mantu diarani...
makcomblang
calon mamtu
congkok
kurir
wong tuwane teko neng omahe sing wadon saperlu nakokaake sediyane sing arep dipek mantu diarani....
nontoni
midodareni
nembung
liru kalpika
jeneng liyane ali ali yaiku...
ring
sesupe
gelang
wesi bunder
kang ora kalebu uborampe baku kanggo paningset yaiku...
ali-ali
sindur
sinjang truntum
sego golong
liru kalpika iku tegese...
tukar cincin
balang balangan suruh
midak ndog
sowan leluhur
ing gambar iki nuduhake adicara...
tingkeban
sungkeman
sindur binayang
bobot timbang
adicara nalika pengantin nyuwun pangestu marang wong tuwa diaranai adicara..
pamitan
sungkeman
sinduran
balangan suruh.
ubarampe kang ana ing gambar diarani...
gedhang ayu
sego golong
suruh ayu
sindur
adicara kang nglambangake wong lanang kudu biso ngayani, ngayomi lan ngayemi ana ing...
wijikan
midak ndhog
sindur binayang
sungkeman
kacar kucur iku simbol/lambang yen wong lanang kudu bisa...
sugih
aweh nafkah lahir batin
ngunggahake drajate sing wadon
bener kabeh
ubarampe kuwi diarani...
tuwuhan
kembang mayang
bleketepe
tarub
adicara kanggu "mbagi kebahagiaan" karo tangga teparo ana ing...
cethik geni
midodareni
dodol dawet
ngerik rambut
adicara kaya ing gambar iku diarani...
panggih nganten
balangan gantal
bobot timbang
kacar kucur
apa makna utawa filosofine balangan gantal?
wong lanang kudu tanggung jawab
nuduhake tekade kang wis golong gilig
wong lanang kudu ngayomi
wong wedok kudu gemi setiti lan ngati ati.
gantal kuwi ubarampe kang dumadi saka,,..
godhong gedhang
kembang mawar
godhong alang alang
godhong suruh
supaya ora ndadeake fitnah para warga, mula nikah kuwi diumumke nalika...
sowan leluhur
slametan
resepsi
nembung
filosofine adicara bobot timbang yaiku...
wong tuwa ora pilih kasih
wong tuwa kudu kuwat
wong tuwa kudu bisa ngragati mantu
mantu kudu hormat marang mertua
wong kang ngeterake utawa mimpin lakune temanten sarimbit diarani...
congkok
juru paes
cucuk lampah
cucuk tombak
