wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan rinengga 2023

Total questions: 60

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....

a)

Geguritan

b)

Artikel

c)

Panyandra Manten

d)

Lagu utawa tembang

2.

Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Cambora

d)

Lingga

3.

Tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani....

a)

lingga

b)

camboran

c)

Saroja

d)

entar

4.

Tuladhane tembung saroja yaiku....

a)

Dawa tangane, adus kringet

b)

Putih memplak, ayem tentrem

c)

Gagah prakosa, gedhe endhase

d)

Dhuwure kaya otak-otak mega

5.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

d)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

6.

ukara sing ngemu basa sarojo yaiku...

a)

tanpa obah apa kowe bisa mamah?

b)

ageane bapak diampil pakdhe

c)

saben dina pengaweyane mung nuthuki gamelan

d)

pancen bocahe ayu banget tur tindak tanduke ngayem-yemi ati

7.

Tembung adus kringet kagolong tembung ...

a)

entar

b)

camboran

c)

saroja

d)

lugas

8.

tembung ayem tentrem kagolong tembung ....

a)

saroja

b)

entar

c)

camboran

d)

lugas

9.

Masyarakat ing desaku guyup rukun bebarengan resik-resik kampung. Tembung guyup rukun kalebu tembung... .

a)

saroja

b)

camboran wutuh

c)

camboran tugel

d)

entar

10.

Olehe nata barang mbok sing becik, aja ... bisa mbebayani.

a)

abang mbranang

b)

guyup rukun

c)

tumpang tindhih

d)

babak bundhas

11.

Si mbah nginang nganggo suruh, makane dadi dubang. Dubang tegese... .

a)

madu abang

b)

idu abang

c)

mundu abang

d)

duren abang

12.

Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja yaiku... .

a)

babak bundhas

b)

dawa tangane

c)

nagasari

d)

entheng tangane

13.

Negara kita iki kondhang gemah ripah sarto loh ….

a)

lohan

b)

jinawi

c)

sarira

d)

sumelang

14.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .

a)

Ibuku mususi beras ketan ing pawon.

b)

Adhiku nangis gulung-koming.

c)

Bola-bali mangan ancene weteng karet.

d)

Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.

15.

Mas Fatah ngangsu kawruh kuliyah ing Jogya, ngangsu kawruh, tegese golek ...

a)

Dhuwit

b)

Gaweyan

c)

Ilmu

d)

kanca

16.

Menawa nonton TV aja nganti wengi, amarga sesuk kepancal sepur anggone sekolah.Kepancal sepur tegese ...

a)

kecelakaan

b)

telat/kaseb

c)

ditabrak sepur

d)

kesed

17.

Dina pancen bocahe ayu lan lurus atine. Lurus atine tegese ...

a)

elek atine

b)

nakal

c)

jujur

d)

loma

18.

Si Gombloh kae pancen doyan mangan, menyang endi-endi mesthi nggawa panganan. Tembung entare bocah sing panganane akeh, yaiku weteng ...

a)

plastik

b)

wakul

c)

karung

d)

kadhut/karet

19.

Indri karo Runi sabendina nggosip utawa ngrasani kancane. Seneng nyatur/ nggosip tembung entare ...........ilate

a)

dawa

b)

putih

c)

gatel

d)

lunyu

20.

Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira.


Tembung sumyah gumbira kagolong tembung ….

a)

camboran

b)

saroja

c)

entar

d)

lugas

21.

Tembung kang padha tegese utawa meh padha tegese banjur digawe dadi siji di arani tembung ....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Lingga

d)

Camboran

22.

Tembung kang kedadeyan saka rong tembung utawa luweh kang dirangkep dadi siji dadi tembung anyar kang duweni teges siji diarani tembung .. ..

a)

Camboran

b)

Saroja

c)

Entar

d)

Lingga

23.

Tembung kang kadadeyan saka tembung asli lan ora dhuweni imbuhan diarani tembung ....

a)

Camboran

b)

Entar

c)

Lingga

d)

Saroja

24.

Tembung kang dhuweni teges dudu sak lugune diarani tembung ... .

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Camboran

d)

Lingga

25.

Tembung camboran ada loro yaiku

a)

Camboran wancah lan tugel

b)

Camboran wancah lan utuh

c)

Camboran wancah lan tunggal

d)

Camboran utuh lan tunggal

26.

Sanakan ayu rupane bocah iki ora dhuwe kanca amarga tipis lambene. Ukara iku kagolong ukara kang dhuweni tembung ... .

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran utuh

d)

Camboran tugel

27.

Wong kang .... kuwi ora dipercaya wong amarga omongane mencla mencle. Ukara iku jangkepana nganggo tembung entar sing bener yaiku ....

a)

Lunyu ilate

b)

Lunyu tutuke

c)

Lunyu lambene

d)

Lunyu untune

28.

Gatekna tembung ing ngisor ik kang kalebu tembung camboran yaiku ... .

a)

Cilik atine, lunyu ilate, tipis lambene

b)

Abang branang, babak belur, ayem tentrem

c)

Pancasila, omah gedhong,ketan ireng

d)

Sapu tangan, adus kringet, Ajur mumur

29.

Tembung kang kagolong tembung camboran wancah yaiku ... .

a)

Buku gambar

b)

Pancasila

c)

Guru

d)

Sapu tangan

30.

Upin awake mung kari lunglit amarga lara watuk. Ukara iku dhuweni tembung ....

a)

Camboran utuh

b)

Camboran wancah

c)

Entar

d)

Saroja

31.

Dedeg piadhege polisi iku gagah prakosa. Ukara iku dhuweni tembung ....

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran utuh

d)

camboran Tugel

32.

Wong tuwo anggone nyambut gawe direwango adus kringet. Ukara iku dhuweni tembung ....

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran utuh

d)

Camboran wancah

33.

Adik ditumbasne ibu nagasari. Tembung nagasari kagolong tembung ... .

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Camboran utuh

d)

Camboran tugel

34.

Kampunge bulik katon ayem tentrem. Ukara iku dhuweni tembung ... .

a)

Entar lan saroja

b)

Entar lan camboran

c)

Camboran lan saroja

d)

Camboran lan lingga

35.

Wong uwong ... padha kumpul menyang stadion nonton bal - balan. Ukara iku jangkepana nganggo tembung camboran sing bener yaiku ... .

a)

Lanang

b)

Enom tuwo

c)

Gedhe dhuwur

d)

Enom

36.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

37.

Tembung loro (2) kang tegese padha digandheng dadi siji dianggo bareng duwe teges mbangetake di arani...

a)

Tembung camboran

b)

Tembung saroja

c)

Tembung dasanama

d)

Tembung entar

38.

Tembung loro (2) digandheng dadi siji nuwuhake teges anyar diarani....

a)

Tembung camboran

b)

Tembung entar

c)

Tembung Kawi

d)

Tembung saroja

39.

tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal-usule diarani....

a)

Tembung camboran

b)

Tembung saroja

c)

Tembung Entar

d)

Tembung kawi

40.

Tuladhane tembung saroja yaiku....

a)

Dawa tangane, adus kringet

b)

Putih memplak, ayem tentrem

c)

Gagah prakosa, gedhe endhase

d)

Dhuwure kaya otak-otak mega

41.

"Weteng karet aja sok diet", tegese weteng karet yaiku....

a)

wetenge molor

b)

wetenge ora nduwe wareg

c)

wetenge elastis

d)

wetenge amba

42.

Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo

43.

Tembung praupane peteng tegese yaiku... .

a)

seneng banget

b)

susah

c)

bingung

d)

gela

44.

Olehe nata barang mbok sing becik, aja ... bisa mbebayani.

a)

abang mbranang

b)

guyup rukun

c)

tumpang tindhih

d)

babak bundhas

45.

Si mbah nginang nganggo suruh, makane dadi dubang. Dubang tegese... .

a)

madu abang

b)

idu abang

c)

mundu abang

d)

duren abang

46.

Yen omong kuwi kudu tenanan aja nganti lunyu ilate. lunyu ilate tegese...................

a)

omongane bener

b)

omongane bisa dipercaya

c)

mencla-mencle omongane

d)

Omongane ora bener

47.

tembung camboran iku ana 2. sebutna opa wae...........

a)

camboran wutuh lan asli

b)

camboran tugel lan wutuh

c)

camboran wantah lan salugune

d)

Camboran tugel lan wancah

48.

Ukara iki isenana dadi tembung camboran!

Kates sing wis ... iku undhuhen!

a)

dhengus

b)

jitus

c)

bangcuk

d)

dubang

49.

Ukara iki isenana dadi tembung camboran!

Kari ... mikrolete sing lewat

a)

jiro

b)

bangjo

c)

paklik

d)

lunglit

50.

Isuk iki ketok "padhang jingglang" amarga srengenge wis metu. Tembung kang dipetik tegese ...

a)

Terang benderang

b)

Gelap gulita

c)

Gelap terang

d)

Agak terang

51.

Sing kelbu tuladhane tembung saroja ing ngisor yaiku ...

a)

Dadar gulung

b)

Mlaka mlaku

c)

Paklik

d)

Kandel kupinge

52.

Tuladhane tembung saroja ing ngisor iki, kejaba ...

a)

Urip ing ndeso pancene nggarai adhem ayem

b)

Langite peteng ndedet amarga mendung

c)

Krupuk iku dadi ajur mumur amaga mari ceblok

d)

Sekar dolan ing segara nganggo kacamata ireng

53.

Ing ngisor iki kelbu tuladhane tembung camboran, yaiku ...

a)

Dadar gulung

b)

Sambel goreng

c)

Guru

d)

Kabeh bener

54.

Tembung "guru" iku camboran/gandhengan saka tembung ...

a)

Digugu + ditiru

b)

Digugat + ditiru

c)

Digugu + disaru

d)

Digugat + disaru

55.

Tembung "bapak sepuh" yen dicambor/digandeng dadine ...

a)

Basep

b)

Bapuh

c)

Pakpuh

d)

Paksep

56.

Faiz kuwi wonge "rai gedheg". Tembung kang dipetik tegese ...

a)

Bagus

b)

Ora duwe isin

c)

Tanggung jawab

d)

Sabar

57.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku ....

a)

dadar gulung

b)

klambi abang

c)

suwuk sembur

d)

tape ketan

58.

Tembung sumyah gumbira kagolong tembung ....

a)

camboran

b)

saroja

c)

entar

d)

lugas

59.

Mendung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel mbrebes mili. Tembung owah dadi udan tegese yaiku ....

a)

udan

b)

banyu

c)

tangis

d)

kringet

60.

Yen menyang jedhing ojo royokan, kudu gilir ....

a)

Wigati

b)

Sinipi

c)

Gumanti

d)

Gilir