wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASESMENT AKHIR SEMESTER 2 BAHASA JAWA KELAS 5

Total questions: 55

Worksheet time: 1hrs 29mins

Name
Class
Date
1.

Basa ngoko lugu digunakake nalika guneman karo . . . .

a)

wong tuwa

b)

kanca raket

c)

guru

d)

bapak/ ibu

2.

Basa Ngoko Alus digunakake nalika guneman karo . . . .

a)

adhik

b)

kanca sing luwih tuwa

c)

simbah

d)

Ibu

3.

kula saweg (mangan) bapak saweg (mangan)

a)

dhahar; dhahar

b)

maem; dhahar

c)

nedha; dhahar

d)

maem; nedha

4.

Kula dikon simbah tumbas gendhis. tembung dikon benere yaiku ....

a)

diaturi

b)

dipunaturi

c)

dipundhawuhi

d)

diken

5.

Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....

a)

daleme

b)

dalemipun

c)

griyanipun

d)

griyane

6.

Ashila dereng saged turu. tembung turu benere yaiku .....

a)

sare

b)

tilem

c)

nyipeng

d)

molor

7.

Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko biasa

d)

ngoko umum

8.

Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?

a)

Kanca

b)

Bapak/Ibu

c)

Guru

d)

Mas/Mbak

9.

Kula badhe.....dhateng Pak Guru.

a)

omong

b)

matur

c)

ngendika

d)

ngucap

10.

Ing wayah sore srengenge....ing sisih kulon.

a)

jumedhul

b)

angslup

c)

katon

d)

cumlorot

11.

" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

12.

jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...

a)

basa formal - basa informal

b)

basa tulis - basa lisan

c)

basa ngoko - basa krama

d)

basa gancaran - basa sastra

e)

basa rinengga - basa madya

13.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

14.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

15.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

16.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

17.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

18.

Basa kang dinggo bocah-karo bocah utawa saumuran yaiku basa ngoko …. (tulisen nganggo huruf cilik)

(a)  

19.

Unggah-ungguh Basa Jawa dibedakake dadi 4 tataran, yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

20.

"Nduk, wis sarapan apa durung? Ndang sarapan sik. Iki ana sega goreng senengane sampeyan." Pitakone ibu marang Rika.

"Kula sampun dhahar niki wau buk. Sampun kula incipi sekul gorengipun. Hmm ueca temen." Wangsulane Rika.

---------------------------------

Kepiye tanggapanmu babagan unggah-ungguh basa sing dinggo ing pethikan pacelathon ing dhuwur?

a)

Ibu migunakake Basa Ngoko Lugu, amarga ngomong marang wong sing luwih tuwa.

b)

Ibu migunakake Basa Ngoko Alus, kanggo ngurmati anake

c)

Rika matur nganggo basa Krama Lugu. Nanging ana tembung kang kurang bener, yaiku "dhahar".

d)

Rika matur nganggo basa Krama Lugu nalika matur marang ibune. Lan tembunge wis bener kabeh.

21.

"Halo pak. Yak apa kabare sampeyan?" Pitakone Dedi nalika ketemu karo gurune.

"Ya sehat. Nanging, masa karo gurune slay temen kaya ngono. Sampeyan kurang unggah-ungguhe, le."

---------------

Pitakone Dedi ing dhuwur ora trep karo unggah-ungguh basa. Ukara sing leres nalika nakokake kabar marang gurune yaiku......

a)

"Halo pak. Kepiye kabaripun ? Sehat nggih?"

b)

"Halo pak. Yak napa pawartosipun? Sehat nggih?"

c)

"Halo pak. Kados pundi pawartosipun? Wilujeng nggih?"

d)

"Halo pak. Kados pundi pawartosipun sampeyan? Wilujeng nggih?"

22.

Rian lan Adit iku kanca saumuran, nalika lagi omong-omongan Rian nakokake tugas sing diwenehi dening pak Robi. Ukara sing trep kanggo nakokake tugase yaiku?

a)

Dit, mau pak Robi matur ana tugas apa ya?

b)

Dit, mau pak Robi ngekeki tugas ta?

c)

tugase pak Robi mau apa ya Dit?

d)

pak Robi ngomong nek ana tugas ya Dit?

23.

Ibuk : wes mangan le?

anak : ................................

wangsulan sing trep yaiku?

a)

kula sampun dhahar buk

b)

kula sampun nedha buk

c)

sampun

d)

kula sampun mangan buk

24.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

25.

Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia. Ukara kuwi kalebu tataran basa . . . .

a)

Krama

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Lugu

26.

Panjenengan badhe tindak pundi? Ukara kuwi kalebu tataran unggah-ungguh basa...

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama

d)

Krama Inggil

27.

Menawa matur marang wong tuwa, becike ....

a)

matur nganggo basa krama alus

b)

matur nganggo basa ngoko

c)

matur kanti murang tata

d)

matur nuwun

28.

“... ya, aku wis kokwenehi ngerti babagan tata krama mara tamu,” pangucape Bagas.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ....

a)

Nyuwun pangapunten

b)

Ndherek langkung

c)

Matur nuwun

d)

Nuwun pirsa

29.

Menawa kowe arep mlebu omah, kudu ....

a)

Nyuwun sewu

b)

Ndherek langkung

c)

Matur nuwun

d)

Kula nuwun

30.

Menawa ana priyayi sepuh nembe padha lenggahan, banjur kowe arep liwat ngarepe, becike matur ....

a)

kula nuwun

b)

nuwun sewu

c)

mangga pinarak

d)

ndherek langkung

31.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

32.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

33.

Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.


Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

34.

Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.

Paragraf iku nggambarake …………

a)

meja tamu

b)

meja guru

c)

meja kepala sekolah

d)

meja sinau

35.

Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.

Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .

a)

Ibu lan bapak

b)

Bapak lan Rudi

c)

Rudi lan adhine

d)

Ibu lan Rudi

36.

Saka gambar ing nduwur iku yen digawe teks narasi yaiku ... .

a)

Dina Rebo iki aku lan kanca-kancaku arep janjian ing Perpustakaan Kota. Panggonane nyaman lan adem. Jam 8 esuk wes janjian ing ngarep latare perpustakaan. Ani, Dadang lan Faisal wis podho teka. Sinau kelompok bareng kanca-kanca pancen nyenengake.

b)

Perpustakaan iki panggonan sing nyaman gawe maca buku. Akeh koleksi buku lan gratis yen arep nyilih bukune.

c)

Ing sajroning perpustakaan iku akeh koleksi buku lan majalah. Pengunjung oleh nyilih paling akeh telung buku wae.

d)

Panggonan sing adem lan nyaman kuwi gawe maca buku yaiku perpustakaan. Tapi ing wayah pandemi saiki, kabeh panggonan umum kuwi isih ditutup karo pemerintah.

37.

Sing ora klebu latar ing teks narasi yaiku...

a)

wektu

b)

papan

c)

konflik

d)

swasana

38.

Salah siji titikan wacan narasi kaya ing ngisor iki, kejaba …

a)

nyritakake pengalaman

b)

nyritakake dedongengan

c)

nggambarake kahanan, panggonan

d)

urut wektu/kronologis

39.

Ing ngisor iki, kang termasuk struktur teks narasi yaiku ...

a)

Identifikasi

b)

Klasifikasi

c)

Alur

d)

berita

40.

Bubar sholat subuh, srengenge ing sisihwetan durung mlethek. Tuladha ukara titikan teks narasi bagean .........

a)

Ngandharake/nyritakake

b)

Urutan

c)

Paraga lan watake

d)

Papan, wektu, swasana

41.

Kang ora kalebu perangane teks narasi yaiku ....

a)

Orientasi

b)

Persuasi

c)

Komplikasi

d)

Resolusi

42.

Perangan teks narasi kang ngemot pemecahan konflik, yaiku ...

a)

Komplikasi

b)

Persuasi

c)

Narasi

d)

Resolusi

43.

Wacana kasebut kalebu perangan teks narasi ....

a)

Orientasi

b)

Resolusi

c)

Komplikasi

d)

Persuasi

44.

Sawijining jinis sastra Jawa kang disusun kanthi migunakake basa kang endah lan tembung-tembung kias diarani ....

a)

Macapat

b)

Geguritan

c)

Cerpen

d)

Berita

45.

Geguritan yen ana ing Bahasa Indonesia padha karo . . .

a)

Puisi

b)

Prosa

c)

Pantun

d)

Karangan

46.

Nalika maca geguritan kudu nggatekake wirama kang tegese . . .

a)

isining geguritan

b)

alon, banter, cetha lan samaring swara

c)

obahing awak

d)

ngucapake swara

47.

Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .

a)

dawane ukara

b)

pathokan

c)

rasaning swasana ati

d)

pocapan kang cetha

48.

Irah-irahe geguritan ing nduwur yaiku . . .

a)

Kembang Mlati

b)

Pahlawan

c)

Makam pahlawan

d)

Nangis

49.

Geguritan iku diwaca kanthi ... .

a)

macapat

b)

maca banter

c)

maca alon

d)

maca endah

50.

Maca geguritan kudu nggatekake mobah mosike pasuryan kang trep karo isine geguritan sing lagi diwaca. Mobah mosike pasuryan iku diarani ... .

a)

lafal

b)

vokal

c)

intonasi

d)

ekspresi

51.

Apa sing diarani "larik" ing geguritan yaiku . . . .

a)

baris

b)

bait

c)

rima

d)

judul

52.

Apa sing diarani "bait" ing geguritan yaiku . . . .

a)

siji larik

b)

unsur rima

c)

kumpulan larik

d)

judul gegurutan

53.

Wong sing nulis geguritan diarani . . . .

a)

penulis

b)

pujangga

c)

penggurit

d)

juru crita

54.

Unsur instrinsik geguritan kang ngemot pesen utawa piwulang yaiku . . . .

a)

tema

b)

amanat

c)

diksi

d)

rima

55.

Gegurutan uga diarani puisi jawa . . . .

a)

lawas

b)

klasik

c)

tradisional

d)

modern