Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASA JAWA 6 S2 HAL 030

Total questions: 5

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Jlentrehna tegese tembang Sinom!

a)

saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya

b)

wis lair lan jelas priya utawa wanita

c)

kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe

d)

rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok balene) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi

2.

Apa tegese tembang Durma?

a)

ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe

b)

saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepengin weweh marang sapadha-padha

c)

saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa

d)

saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa

3.

Jlentrehna gunane tembang Megatruh!

a)

Kabeh jawaban bener

b)

Medharake rasa sedhih

c)

Medharake rasa keranta-ranta

d)

Medharake rasa gela

4.

Kepriye watake tembang Gambuh?

a)

blaka

b)

kabeh jawaban bener

c)

tanpa ragu-ragu

d)

lugas

5.

Jlentrehna gunane tembang Asmarandana!

a)

ngaturake pitutur urip marang manungsa

b)

kanggo pengeten nalika ing perang, tantang-tantangan

c)

medharake rasa susah lan kasmaran

d)

nggambarake kawicaksanan urip sing kudu bisa nyingkiri macem-macem kepinginan lan nesu