WorksheetsASESMEN SUMATIF AKHIR SEMESTER 1
Total questions: 25
Worksheet time: 8mins
Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki kang ora kalebu jinising wacan yaiku ….
a)
Narasi
b)
Deskripsi
c)
Ektemporan
d)
Persuasi
2.
Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 2-3! Omahe Budi iku manggon ing pucuk bukit. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujoake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati. Wacan kasebut ing dhuwur kalebu jinising wacan ….
a)
Deskripsi
b)
Narasi
c)
Argumentasi
d)
Persuasi
3.
Manut ukara utamane wacan kasebut ing dhuwur kalebu jinising paragrap ….
a)
Induktip
b)
Deduktip
c)
Ineratip
d)
Deduktip-induktip
4.
Gatekna ukara ing ngisor iki! (1) Isine ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk, (2) Isine nggambarake sawijining objek (bisa) panggonan utawa wewujudan (liyane) kanthi trewaca, (3) Isine ngajak para pamaca supaya nglakoni kang dikandhakake panulis, (4) Isine njlentrehake nganti cetha trewaca. Titikane wacan argumentasi katunjukake ing nomer ….
a)
1
b)
2
c)
3
d)
4
5.
Wacan kang bisa gawe wong kang maca kaya-kaya bisa (ngingeti, krungu, ngrasakake, lan ngambu) apa kang digambarake dening penulis yaiku wacan ….
a)
Persuasi
b)
Argumentasi
c)
Narasi
d)
Deskripsi
6.
Wacan kang ancase maparake, njlentrehake, ngaturake informasi, lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaca bisa nampa utawa narima yaiku ….
a)
Argumentasi
b)
Deskripsi
c)
Eksposisi
d)
Persuasi
7.
Wacan kang ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaca kasebut wacan ….
a)
Eksposisi
b)
Deskripsi
c)
Narasi
d)
Argumentasi
8.
Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan maca ….
a)
Sora
b)
Cepet
c)
Seru
d)
Batin
9.
Kang diarani maca intensip yaiku ….
a)
maca kangge paring pawarta
b)
maca sandiwara
c)
maca kanthi tenanan saengga bisa paham ancase
d)
maca cepet
10.
Gatekna ukara ing ngisor iki! (1) Nemtokake ancase karangan, (2) Ngembangake kerangka karangan, (3) Nemtokake tema/objek karangan, (4) Nata rantaming karangan (nyusun rancangan karangan), (5) Ngumpulake data kanthi ngamati objek kang didadekake objek karangan. Urutane nulis karangan deskripsi kang trep yaiku ….
a)
3-1-2-4-5
b)
3-1-5-4-2
c)
3-2-5-4-1
d)
3-5-1-4-2
11.
Gatekna ukara ing ngisor iki! (1) Nulis ukara bakune, (2) Maca wacan kang arep dirinkes, (3) Jlentrehake ukara baku kanthi ringkes lan gampang dimangerteni. Urutane nulis ringkesan wacan kang trep yaiku ….
a)
2-2-1
b)
2-1-3
c)
1-3-2
d)
1-2-3
12.
Wayang kulit iku kalebu kesenian kang awujud … dimensi
a)
4
b)
3
c)
2
d)
1
13.
Wayang kang awujud bonekah cilik-cilik. Critane mangsa jaman Kraton Tar-Tar utawa Babad Tiongkok yaiku wayang ….
a)
Suket
b)
Kulit
c)
Golek
d)
Potehi
14.
Wayang kulit uga kasebut wayang ....
a)
Potehi
b)
Purwa
c)
Wong
d)
suluh
15.
Crita kang nyaritakake Dewi Sinta, garwa Sri Rama yaiku serat ….
a)
Ramayana
b)
Utarakandha
c)
Mahabharata
d)
Mansalapurwa
16.
Paraga Punakawan cacahe ana ….
a)
7
b)
6
c)
5
d)
4
17.
Ing ngisor iki kalebu Punakawan, kejobo ....
a)
Semar
b)
Bagong
c)
Arjuna
d)
Petruk
18.
Punakawan ingkang nduweni sikil pincang, kejobo iku tangane ceko ananging nduweni sipat ora seneng jupuk apa sing dadi hake wong liya yaiku ….
a)
Semar
b)
Gareng
c)
Petruk
d)
Bagong
19.
Paraga kang nduwe watak becik kasebut ….
a)
Protagonis
b)
Tritagonis
c)
Tritagonis
d)
Protagonis-tritagonis
20.
Gambar ing sisih kiwo paraga Punakawan nduweni jeneng yaiku ….
a)
Bagong
b)
Petruk
c)
Gareng
d)
Semar
21.
Ing ngisor iki kang ora klebu jinis dongeng yaiku ….
a)
Sejarah
b)
Sage
c)
Legenda
d)
Mite
22.
Dongeng Kancil lan Baya, Kancil lan Keong, lan Wedhus lan Jaran. Kalebu jinising crita fiksi yaiku ….
a)
Mite
b)
Hikayat
c)
Legenda
d)
Fabel
23.
Gatekna jinising dongeng ing ngisor iki! (1) Dongeng Roro Jongrang, (2) Dongeng Nyi Roro Kidul, (3) Dongeng Candhi Sewu, (4) Dongeng Dewi Lanjar. Kang klebu sage, katunjukake nomer ….
a)
(2) lan (3)
b)
(2) lan (4)
c)
(1) lan (3)
d)
(1) lan (4)
24.
Suku, yaiku sandhangan sing gawe swara …..
a)
i
b)
u
c)
e
d)
o
25.
Gatekna pranyataan-pranyataan ing ngisor iki! (1) Aksara hanacaraka iku uga diarani aksara jawa, (2) Aksara pasangan digunaake kanggo mateni aksara samburine, (3) Aksara murda iku satemene ora ana, (4) Sarana kang dianggo misah aksara angka padha lingsa. Pranyataan kang bener katunjokake nomer ….
a)
(1) lan (2)
b)
(1) lan (3)
c)
(2) lan (4)
d)
(3) lan (4)
100 %
