Font size
WorksheetsPAS BAHASA JAWA KELAS 8
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Carita rakyat awujud gancaran kang dianggep bener dening kang duwe carita minangka sawijining kedadean kang bener-bener nate dumadi.
Legenda
Fabel
Mite
Dongeng
Ciri-ciri legenda ana pira?
2
3
4
5
Latar carita awujud latar penggonan lan latar waktu. Kelebet?
Ciri dongeng
Ciri legenda
Jenis legenda
Jenis dongeng
Tokoh sing ana ing sajroning crita diarani ...
Alur
Paraga
Tema
Latar
Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...
tema
latar
alur
paraga
Urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...
tema
alur
latar
paraga
Paraga utawa tokoh kang nduweni watak sae/becik/apikan, diarani paraga ...
antagonis
tritagonis
protagonis
anonim
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.
..................................................
Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....
Legendha Gunung Muria
Legendha Desa Lahar
Legendha bom Hirosima
Legendha ledakan bom Sekutu
Roro jonggrang ana gegayutane karo ....
candi prambanan
candi borobudur
candi pawon
candi cetho
Fajar nembe maos crita Roro Jongrang, ing ngisor iki kang kalebu tujuan/ancas crita legendha yaiku . . . .
Kanggo ngarang crita
Kanggo ngrasani tiyang
Kanggo dolanan
Kanggo Hiburan
Unsur instrinsik kang njlentrehake ngenani papan panggonan kedadean diarani . . . .
Pitutur luhur
Irah-irahan
Latar/Setting
Paraga
Pesen kang bisa ditemokake saka crita diarani . . . .
Tema/ide pokok
Pitutur luhur
Setting/latar
Paraga
ing ngisor iki kang ora kalebu jenis-jenis paraga yaiku . . . .
Paraga Titragonis
Paraga Antagonis
Paraga Protagonis
Paraga Tirtagonis
....
Teka dina katelu anggone perang tanding,kekarone wis padha kesele. Awake iwak Sura lan Baya babak bundhas kabeh. Untu landhepe iwak Sura gawe suweke kulite Baya senajan kulite kasar lan alot. Semono uga untune Baya sing kuwat kasil nyuwek-nyuwek iwak Sura.
....
Punggelan crita ing dhuwur kalebu crita rakyat jenis ....
fabel
legenda
mite
sage
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Dumadine desa Cluwak
Joko Tingkir
Nyi Rorokidul
Timun Mas
Crita rakyat/dongeng kang isine babagan sejarah yaiku ...
Fabel
legendha
sage
mite
Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!
Legendha Desa Lahar
Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.
Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....
Benteng
Paguyuban
Pager ghaib
Pundhen kobar
Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!
Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati
Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.
.......................................................
Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?
Ki Joyodrono
Raden Alim
Ki Gabul
Ki Jiwonolo
Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….
lalian
keset
pinter
wicaksana
Crita rakyat Rara Jongrang yaiku asal-usule candhi ….
Borobudur
Singosari
Prambanan
Jago
Asal-usul Semarang
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan duwe putra arane Pangeran Pandan Aran. Sawijining dina Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas kang gung liwang-liwung, Pangeran Made Pandan leren, banjur mbukak alas mau kanggo nandur lan pomahan.
Emane, durung bisa ngrasakake kasile, Pangeran Made Pandan banjur seda. Sadurunge seda Pangeran Made Pandan ninggal weling, “Ngger anakku Pandan Aran, olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene amarga mengkone papan iki bakal dadi panggonan kang reja”.
Pangeran Pandan Aran tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau banjur katon ijo royo-royo, subur lan makmur.
Sawijining dino, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Aran ngendika, “Rakyatku, papan iki kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukule aseme arang-arang. Mula saka iku, papan iki bakal dakjenengi Semarang, saka tembung asem kang arang-arang.
Kang dadi tokoh utama ing crita “Asal-usul Semarang” yaiku ….
Pangeran Pandan Aran
Pangeran Made Pandan
Para Abdi
M.B Rahimsyah
Sawijining dino, ana kang aneh saka papan mau. Lemahe subur nanging ana wit asem sing thukule arang-arang. Marang para abdine, Pangeran Pandan Aran ngendika, “Rakyatku, papan iki kalebu aneh. Coba delengen lemahe subur nanging thukule aseme arang-arang. Mula saka iku, papan iki bakal dakjenengi Semarang, saka tembung asem kang arang-arang.
Tembung Semarang iku asale saka ….
asem larang
asem arang-arang
wit asem
wiji asem
Dumadine Rawa Pening
Kacarita ing desa Banarawa, duwe adat nganakake memetri desa ing saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet. Nalika lagi ngaso ing tengah alas, gaman ditancepake ana wit kang dilungguhi. Nanging saka wit mau malah metu banyu abang. Jebul, wit kang dilungguhi kuwi sejatine awak taksaka gedhe banget. mula ulane banjur dipateni lan daginge dienggo memetri desa.
Latar panggonan crita Dumadine Rawa Pening ing Desa...
Banarawa
Banyuwangi
Banaran
Rawa Pening
Nalika semana, ana bocah bajang kang arane Baruklinthing kang sejatine jelmaan taksaka mau. Bocah kuwi marani salah sijining omah kanggo njaluk daging, yaiku omahe Ki Juru Mathokan
Sapa bocah kang sejatine jelmaane ula ?
Bajang
Baruklinthing
Mbok Randha
KI Juru Mathokan
Baruklinthing : "Kula sampun pinten-pinten dinten dereng nedhi. Nyuwun kawelasan panjenengan, Ki"
Ki Juru Mathokan : "Ora ana pangan turah ing kene. He, bocah lethek, lungoa ambune awakmu njalari ora enak nggonku mangan"
Saka prethilan teks kuwi, Ki Juru Mathokan watake...
Ala
Becik
Loma
Medhit
Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv
Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv
Serat Wulangreh kaanggit dening?
Sri Susuhan Pakubuwana IV
Hamengkubuwana IV
Sunan Mangkunegara IV
Pangeran Diponegoro
Cacahing larik saben sa-padha yaiku?
Guru Pupuh
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Tembang Gambuh ing ndhuwur nduweni pirang Gatra?
4
5
7
8
Tibaning Swara vokal ing pungkasaning Gatra diarani?
Guru Padha
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
Cacahing wanda saben sa-gatra diarani?
Guru Padha
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Wilangan
"Sekar Gambuh Ping Catur" Tembung Catur saka ukara kasebut nduweni teges?
Kupat
Papat
Lepat
Sepat
Sing ora kalebu tembang macapat yaiku...?
Koplo
Dhandhanggula
Pangkur
Gambuh
Tembang gambuh kaiket dening ....
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
purwakanthi, sampiran, isi
pokok isi, ukara utama, diksi
tembung, ukara, pada
Tumindak adigang, adigung lan adiguna pungkasane gawe ....
cilaka
culika
seneng
goroh
Tembang Gambuh kedadeyan saka 5 gatra. Tembung Gatra tegese padha karo...
baris/larik
paragraf
bait
ukara
Sri Sususuhunan Pakubuwana IV iku saka kraton....
Kasunanan Surakarta Hadiningrat
Yogyakarta Hadiningrat
Mangkunegaran Surakarta
Kaultanan Pajang
Ukara “Polah kang kalantur” ing tembang gambuh tegese yaiku
Begja selawase
Ora tau polah
Polah sing apik
Polah sing kebablasen
Kang kalebu paugeran tembang macapat,kajaba......
Guru lagu
Guru wilangan
Guru kelas
Guru gatra
serat wulangreh ing saben pupuh tembange isi piwulang kang piguna kanggo sing......
gelem mbuka
gelem maca
gelem tlaten
gelem takon
Pangeran kang sipat murah, tembung 'pangeran' ing serat wulangreh niku tegese.....
Tuhan
Manungsa
Anake raja
Keturunane raja
Panulise Serat Wulangreh arupa.....
Tembang
Geguritan
Syair
Pantun
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Gatra kasebut ngandhakake yen aja diteruske tumindak kang ....
ora jujur
becik
jujur
sakarepe
tembung sekar tegese
barang
tembang/kembang
papat
kaping
Unggah-ungguh Basa Jawa dibedakake dadi 4 tataran, yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Nalika badhe nedha kedah ngangge....tengen.
tangan
suku
asta
mustaka
Nalika kepethuk bapak ibu guru prayogane.....
mecucu
mbesengut
mesem
mrengut
Krama Inggil mangan :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
