Font size
WorksheetsSAS BAHASA JAWA KELAS 9
Total questions: 35
Worksheet time: 33mins
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku…
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra.
Basa rinengga.
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni.
Basa kawi utawa basa Jawa kuna.
Wacaen kang premati wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal !
Becak Motor (BENTOR)
Bentor utawa biasane diarani Becak Motor kuwi kalebu sawijine transportasi sing wis dimodifikasi, tegese wis ana bab sing wis an owah-owahane. Manut jenenge bentor Iki saka becak sing diwenehi mesin sepeda motor. Dadi sing sadurunge becak kuwi dipancal, ing bentor Iki wis nganggo mesin. Dadi ing mburine iku wis digathukake karo mesine sepedha motor. Bentor iki isih ana ing kutha kutha gedhe, saben pertelon utawa prapatan iku ana Bentor sing ngenteni penumpange.
Bentor Utawa becak motor iki kedadeyan saka rong piranti transportasi, sepisan sepedha motor lan kaping pindhone saka Pit utawa Becak. Saka rong piranti mau digathukake dadi siji, becake dijupuk bagean ngarepe. Dene sepedha motore ditugel ing bagean gulune utawa setire. Dadi roda/bagean ngarepe sepedha motor mau diowahi nggone becak. Tujuane supaya bisa ngemot penumpang luwih saka siji lan bisa kanggo ngemot barang sing akeh. Dene dipasangi mesin sepedha motor supaya ora prelu ngetokake tenaga linuwih.
Nyatane bentor Iki kanggone linuwih banget. Nanging wektu saiki bentor angel banget ditemokake jalaran wis kalah karo ojek online kaya Grab lan Gojek. Senajan saiki wis kalah karo ojek online nanging isih ana wae sing mbutuhake. Kayata kanggo ngemot kasur, dagangan Pasar, lan liya-liyane. Saiki anane bentor akeh ditemokake ing pasar, sing jasane kanggo ngemoti blanjan dagangan Pasar. Mula anane bentor Utawa becak motor Iki migunani tumrap panguripan saben dina.
Adhedasar teks observasi ing dhuwur, ing ngendi biasane bentor bisa ditemokake?...
Ing sekolah lan pasar.
Saben pertelon utawa prapatan ing kutho lan sekolah.
Ing pasar lan rumah sakit.
Ing pasar lan saben pertelon utawa prapatan ing kutho.
Wacaen kang premati wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal !
Becak Motor (BENTOR)
Bentor utawa biasane diarani Becak Motor kuwi kalebu sawijine transportasi sing wis dimodifikasi, tegese wis ana bab sing wis an owah-owahane. Manut jenenge bentor Iki saka becak sing diwenehi mesin sepeda motor. Dadi sing sadurunge becak kuwi dipancal, ing bentor Iki wis nganggo mesin. Dadi ing mburine iku wis digathukake karo mesine sepedha motor. Bentor iki isih ana ing kutha kutha gedhe, saben pertelon utawa prapatan iku ana Bentor sing ngenteni penumpange.
Bentor Utawa becak motor iki kedadeyan saka rong piranti transportasi, sepisan sepedha motor lan kaping pindhone saka Pit utawa Becak. Saka rong piranti mau digathukake dadi siji, becake dijupuk bagean ngarepe. Dene sepedha motore ditugel ing bagean gulune utawa setire. Dadi roda/bagean ngarepe sepedha motor mau diowahi nggone becak. Tujuane supaya bisa ngemot penumpang luwih saka siji lan bisa kanggo ngemot barang sing akeh. Dene dipasangi mesin sepedha motor supaya ora prelu ngetokake tenaga linuwih.
Nyatane bentor Iki kanggone linuwih banget. Nanging wektu saiki bentor angel banget ditemokake jalaran wis kalah karo ojek online kaya Grab lan Gojek. Senajan saiki wis kalah karo ojek online nanging isih ana wae sing mbutuhake. Kayata kanggo ngemot kasur, dagangan Pasar, lan liya-liyane. Saiki anane bentor akeh ditemokake ing pasar, sing jasane kanggo ngemoti blanjan dagangan Pasar. Mula anane bentor Utawa becak motor Iki migunani tumrap panguripan saben dina.
Wacan ing dhuwur kalebu teks observasi, struktur teks kasebut yaiku…
Pambuka, deskripsi bagiyan, deskripsi manfaat, panutup.
Pambuka, deskripsi manfaat, deskripsi bagiyan, panutup.
Pambuka, deskripsi sifat, deskripsi bagiyan, panutup.
Pembuka, deskripsi manfaat, panutup.
Ing ngisor iki kang ora kalebu ukara camboran yaiku…
Adikku nek mangan ora eleng dulure.
Beno nerusake ing sekolah SMK dene Tono nerusake ing SMA.
Aku salin klambi banjur budal dolan.
Santi sekolah nggawa buku lan alat tulis laine.
Wacaen kang premati wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal !
Gawe Gas LPG Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop
………………..
Ing tangane priya saka Karanganyar iki, proses prodhuksi biogas digawe luwih prasaja, gampang, lan murah, nanging tetep efektif nalika digunakake. Kanthi inovasi lan eksperimen bolabali, ngasilake mesin prasaja kanggo ngolah sampah dadi gas sing efektif lan ramah lingkungan. Sanajan mung lagi skala omahan, nanging idhe kreatif iki uga bisa dadi peluang usaha sing menarik. ”Mesin iki dijenengi Albakos. Singkatan saka Alat Biogas Konsumsi Sampah,” ujare Budi (49), sing uga kondhang diundang bapak biofuel iki.
Sawise nemokake mesin ciptaane kuwi, priya iki uga mbukak pelatihan bab gawe biogas ing kantore sing arane Agro Makmur. Ora nyana peserta sing ndhaftar akeh lan teka saka wilayah saIndonesia. Kantor pelatihan Agro Makmur kuwi mapan ing desa Doplang, Karangpandan, Karanganyar, Jawa Tengah. Priya sing jeneng komplite Soelaiman Budi Sunarto iki ngandhakake, menawa mesin Albakos bisa ngolah sampah organik garing dadi gas sing bisa digunakake minangka bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo konsumsi ing skala omahan. Kanggo sampah garing 5 kg bisa ngasilake gas sing murup watara 2 jam.
Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan?
”Pisanan kita kudu duwe mesin Albakos dhisik,” imbuhe Rudi (21), sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur.
Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres lan uga dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa.
Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit sakompore.
Urutan bagean ing mesin Albakos yaiku…
Ruang kompres tur pangadheme, blower, tabung kanggo wadah pembakaran lan kompor kanggo metune murube gas.
Tabung kanggo wadah pembakaran, blower, ruang kompres tur pangadheme lan kompor kanggo metune murube gas.
Ruang kompres tur pangadheme, tabung kanggo wadah pembakaran, blower lan kompor kanggo metune murube gas.
Tabung kanggo wadah pembakaran, ruang kompres tur pangadheme, blower lan kompor kanggo metune murube gas.
Ing nisor iki termasuk struktur teks drama trasional, kajaba…
Paraga lan wewatakane
Tema
Amanat
Pamawas
Kesenian drama tradhisional sing moncer ing Jawa Timur khususe ing Surabaya lan Malang, sabanjure bisa sumebar ing saben-saben dhaerah diarani…
Janger
Ludruk
Wayang wong
Kethoprak
Ing nisor iki termasuk jinise drama Tradhisional Jawa, kajaba…
Ludruk
Wayang wong
Kethoprak
Sendratari
Basa krama ne “tidak kelihatan” yaiku…
Mboten ketingal
Mboten kepireng
Mboten sanjang
Mboten semerap
Urut-urutane prastawa ing crita crama saka wiwitan nganti pungkasan diarani…
Dialog
Paraga
Alur
Setting
Wong kang nindhaake tanggap wacana (sesorah utawa pidhato) di arani…
Pamedharsabda
Pambiwara
Waranggana
Pranatacara
Tanggap wacana bisa disebut ngomong ing ngarepe wong akeh. Salah siji contoh tanggap wacana yaiku pranatacara. Tugas e pranatacara yaiku…
Ngatur lumakune sawijine acara murih bisa lumaku kanthi rancag.
Menehi sesorah utawa ceramah.
Menehi suguhan ing para tamu.
Ngatur apa wae kang dibutuhake nalika acara.
Nalika nyusun teks pidhato kudu nggatekake struktur kang kinandhut. Ing ngisor iki kang ora kalebu struktur teks pidhato yaiku...
Salam pambuka
Pambuka
Andharan isi
Manfaat
Wacaen kang premati bagian teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab soal !
………………….
Puja puji syukur konjuk dhateng ngarsanipun gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula arupi kesehatan jasmani lan rohani, saengga ing wekdal punika kita saget ngawontenaken pepanggihan kangge ngrembag bab kaleksananing lomba karesikan lingkungan.
…………………
Wacan ing dhuwur kalebu struktur teks pidato yaiku….
Salam pambuka
Pambuka
Andharan isi
Panutup
Ing ngisor iki ana bab-bab sing kudu diandharake jroning mbukak sawijine acara, kajaba…
Ngrangkum asile utawa lumakune adicara seng wes ditindhakake
Uluk salam
Puji syukur konjuk ing ngarsane Allah SWT
Miwiti acara sarana mimpin dungo pambuka
Ing ngisor iki mujudake tujuan saking tanggap wacana (pidato), kajaba…
Panyacad
Panglipur
Ajak-ajak
Aweh informasi
Ing ngisor iki ana bab-bab kang kudu digatekake jroning nindhakake tanggap wacana, yaiku…
Obahe awak di gawe-gawe
Lagune swara kudu monoton
Swarane kudu jelas lan cetha
Ulate becike mbesengut
Ing ngisor iki kang termasuk teknik tanggap wacana yaiku…
Teknik nulis naskah
Teknik nyalin naskah
Teknik maca naskah
Teknik nurun naskah
Wacaen kang premati bagian teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab soal !
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya
Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani
Wacan ing dhuwur kalebu struktur teks pidato yaiku…
Salam pambuka
Pambuka
Salam Pakurmatan
Andharan isi
Wacaen kang premati bagian teks pidato ing ngisor iki kanggo jawab soal !
Wilujeng siyang asalamualaikum kantreteman saha kawilujengan mugi kantumprapan dhumateng panjenengan sedaya,…………..
Ing sajroning pidato tuladha kasebut diarani ...
Salam pambuka
Pambuka
Salam pakurmatan
Andharan isi
Ukara ing ngisor iki kalebu ukara camboran, yaiku!
(pilih 2 jawaban)
Anas bocah kang rajin banget nanging adike males.
Lastri salim karo ibue banjur budal sekolah.
Bapak ngunjuk kopi pas wektu isuk.
Playune Andi banter banget.
Gatekna tabel ing ngisor iki!
Pasangan kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku !
(pilih 2 jawaban)
(2,a)
(4,d)
(3,b)
(1,c)
Wacaen kang premati wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal!
Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.
Ukara ingkang trep kalian pranyatan ing inggil inggih menika ….
(pilih 2 jawaban)
Sampah bisa awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas.
Akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.
Sampah dadi siji-sijine masalah ing Indonesia.
Sampah yaiku materi sisa kang dikarepake masyarakat Gresik.
Ing pagelaran drama ana syarat-syarat kang kudu dipenuhi, yaiku!
(pilih 2 jawaban)
Sutradhara
Papan lan umbarape
Konsumsi
Setting
Teks drama dibangun saka pirang-pirang struktur saengga teks drama apik lan endah. Ing ngisor iki kang termasuk struktur drama yaiku!
(pilih 2 jawaban)
Paraga lan wewatakane
Dhialog
Sutradhara
Skenario
Ing ngisor iki pernyataan struktur teks tanggap wacana kang bener yaiku !
(pilih 2 jawaban)
Contoh salam pambuka yaiku uluk salam lan ngucapno sugeng enjing/sonten.
Contoh pambuka yaiku ngaturaken pakurmatan marang sapa ae sing rawuh.
Contoh andharan isi yaiku ngaturaken pamuji syukur ing ngarsane Allah SWT.
Contoh panutup yaiku mujudaken dudutan (kesimpulan) lan andharan atur panuwun marang sapa ae sing rawuh.
Ing ngisor iki kang mujudake tugas pranatacara yaiku !
(pilih 2 jawaban)
Mbuka acara
Ngrangkum kabeh lumakune acara
Ngaturake pesan moral
Nyiyapake apa ae kang dibutuhake ing sawijine acara
Syarat baku kang kudu di nduwei pranatacara yaiku !
(pilih 2 jawaban)
Olah swara
Olah busana lan olah raga
Umur cukup
Bisa ndongo
Jroning nindakake tanggap wacana, ana bab-bab kang kudu digatekake yaiku !
(pilih 2 jawaban)
Ngadeg jejeg (percaya diri)
Swarane cetha (aja kebanteren lan aja kelirihen)
Suarane monoton
Ulate becike mbesengut
Teks tanggap wacana (pidato) lan pranatacara disusun saking pirang-pirang struktur. Ing ngisor iki kang kalebu struktur kasebut yaiku !
(pilih 2 jawaban)
Andharan isi
Salam pakurmatan
Andharan manfaat
Salam sapaan
Ukara camboran yaiku ukara kang andharane rangkep (dumadi saking rong ukara lamba utawa luwih). Nggaweo 2 contoh saking ukara camboran !
Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake sifat e barang (nerangake tembung aran). Nggaweo 2 contoh ukara kang disusun saking tembung kahanan !
Jroning teks drama tradisional kasusun saking struktur ing ngisor iki. Jelasna kang dimaksud struktur kasebut !
a. Alur
b. Paraga
c. Seting
d. Tema
e. Amanat
Jelasno maksud saking 4 tata cara teknik tanggap wacana !
a. Maca naskah
b. Ngapalake
c. Dadakan
d. Ngonceki sawijine andharan
Coba nggaweo rantaman/susunan acara jroning kegiatan maulid Nabi Muhammad SAW !
