Font size
WorksheetsUlangan harian kelas 8
Total questions: 32
Worksheet time: 1hrs 13mins
Tuliskan identitasmu !
Nama/Kelas/No. Absen
Soal Menjodohkan!
Kagatosna ukara-ukara ing ngadhap menika lajeng dipunpadosi pundi jodoh ingkang leres!
Bu, kula nyuwun pangapunten amargi randat anggenipun mlebet kelas.
Nyuwun kawigaten
Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun pamit dhateng Koperasi.
Atur pangalembana
Sugeng siyang. Kepareng kula nyuwun kawigaten sedhela marang kanca-kanca supados samangkih bibar sekolah kasuwun makempal rumiyin ing lapangan.
Nyuwun idin
Wah. Dhik Rini ayu banget kaya Kartini tenan!
Nyuwun pangapura
Gatosna ukara-ukara ing ngandhap menika!
1. Ibu arep tindak Surabaya.
2. Menapa bapak rawuh mriki?
3. Kangmas lagi dhahar.
4. Kula boten saged sowan eyang.
Pundi wangsulan ingkang leres?
a. 1,2,3 menika ngoko alus
b. 1 lan 3 menika krama alus.
c. 2 lan 4 menika krama alus.
d. 1 lan 4 iku ngoko alus.
1. Sasampunipun rampung anggenipun matur, Hesti banjur pamitan marang Pak Pramana.
Ukara lan unggah-ungguh ingkang leres kangge pamitan inggih menika….
a. “Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula pangandikan kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.”
b, “Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula ngendika kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.”
c. “Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula matur kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.”
d. “Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi anggen kula matur kathah kaluputan kula nyuwun pangapunten.”
Bu Hana (a) kantor (b) mobil.
Tembung-tembung ingkang trep kangge ngganepi ukara kasebut inggih menika….
“Kowe pancen bocah kang bekti marang wong tuwa!”
Ukara menika kalebet unggah-ungguh menapa?
a. nyuwun kawigaten
b. nyuwun idin palilah
c. aweh pangalembana
d. aweh pakurmatan
Ingkang BOTEN ngginakaken basa ngoko alus inggih menika….
a. Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
b. Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangakate.
c. Priyayi kakung marang garwane.
d. Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Gatosna ukara-ukara ing ngandhap menika!
1. Muga-muga Gusti paring pitulungan.
2. Aku tansah ngarep-arep tekamu.
3. Sing tak ajab mung siji, lulus!
Tembung ingkang mujudaken ukara pangarep-arep inggih menika....
a. muga-muga, ngarep-arep, tak ajab
b. tansah,paring, tak ajab
c. muga-muga, tekamu, lulus
d. ngarep-arep, panjalukku, mung siji
Basa ingkang tembung-tembungipun krama sedaya dipunwastani….
a. krama lugu
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. ngoko alus
Nalika mengeti dinten riyaya Idul Fitri, kadhang enom marak sowan dalemipun para sepuh. Aturipun nalika sungkem pangabekti inggih menika….
a. Ngaturaken wilujeng riyaya, nyuwun pangapura sedaya kalepatan lair dumuginipun batin.
b. Ngaturaken sugeng riyaya, nyuwun pangapunten sedaya kaluputan lair dumuginipun batin.
c. Ngaturaken wilujeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kaluputan lair dumuginipun batin
d. Ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan lair dumuginipun batin.
Menawi kita gadhah kalepatan dhumateng tiyang sanes, kita prayoginipun….
a. matur nuwun
b. nuwun sewu
c. kula nuwun
d. nyuwun pangapunten
Laporan kedadeyan/prastawa ingkang nembe dumadi, menika pangertosan saking…
a. pawarta
b. kedadeyan
c. sawetawis
d. laladan
Nyemak pawarta menika saged saking media elektronik, tuladhanipun kados ing ngandhap menika, kajaba....
a. radio
b. TV
c. kalawarti
d. internet
Sipat pawarta ingkang tegesipun enggal (anyar), inggih menika…
a. faktual
b. wigati
c. aktual
d. narik kawigaten
Menjodohkan!
Pundi pasangan ingkang leres?
media elektronik
Internet
media cithak
Perangan teks pawarta ingkang ngandharaken kenging menapa (why) lan kadospundi (how) ing pawarta dipunsebat?
a. isi pawarta
b. teras pawarta
c. irah-irahan pawarta
d. dudutan
Menapa tema ingkang dipunginakaken wonten ing Hari Tari Dunia 2016?
a. Meneguhkan Tari sebagai Media Edukasi dan Komunikasi.
b. Pagelaran Tari Dengan Varian Terbanyak Diikuti 171 Penyaji oleh 2000 Penari Secara Maraton Selama 25 jam.
c. Meneguhkan Tari sebagai Media Edukasi dan Konservasi
d. Pagelaran Tari Dengan Varian Terbanyak Diikuti 170 Penyaji oleh 2000 Penari Secara Maraton Selama 24 jam
Sinten kemawon peserta ingkang ndherek nyengkuyung adicara pengetan Hari Tari Dunia 2016?
a. mahasiswa, sanggar seni, komunitas, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.
b. mahasiswa, sanggar senam, sekolah, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.
c. mahasiswa, sanggar seni, sekolah, lan seniman tari sanesipun Unnes.
d. mahasiswa, sanggar seni, sekolah, lan seniman tari sakering-tengenipun Unnes.
Kapan adicara Hari Tari Dunia 2016 kalampahan?
Adicara Hari Tari Dunia 2016 kalampahan wiwit (a) dumugi (b) .
Wonten pundi pementasan tari kalampahan?
a. Laboratorium Budaya dan Edu wisata Kampus Unnes Sekaran Gunungkidul
b. Fakultas Bahasa dan Sastra Universitas Negeri Semarang
c. Laboratorium Budaya dan Edu wisata Kampus Unnes Sekaran Gunungpati
d. Lembaga Prestasi Indonesia-Dunia utawi (LEPRID)
Kenging menapa adicara kasebut dipunwontenaken?
a. Penghargaan saking Lembaga Prestasi Indonesia-Dunia utawi (LEPRID)
b. kangge nglestantunaken budaya
c. Pagelaran Tari dipundhereki penari-penari ngantos 25 jam
d. Amengeti Hari Tari Dunia warsa 2016
Crita gancaran ingkang ngandharake sarining kadadosan utawi lelakon saking wiwitan dumugi pungkasan kanthi cekak. Isinipun padhet lan ringkes, dipunwaos sepisan suwene 20-30 menit rampung. Dipunwastani menapa ?
a. novel
b. dongeng
c. cerkak
d. babad
Pratelan ingkang kacetha ing ngandhap menika pundi ingkang BOTEN kalebet piweling saking cerkak "Peteng"?
a. Anak kudu bisa ngerteni kahanane wong tuwa
b. Supaya bisa lulus anggone sekolah kudu sregep sinau.
c. Wong tuwa anane mung kudu manut kekarepane anak.
d. Wus dadi kuwajibane bocah sekolah saben dina kudu mangkat sekolah
Sinten ingkang dados paragatama ing cerkak "Peteng"?
Bu Weni
Indra
Mboke Indra
Bagiyo
Indra nggadhahi watak ingkang kirang sae, nanging ugi nggadhahi watak ingkang sae, inggih menika...
a. ngormati tiyang sepuh
b. sregep ngelapi sepedha
c. ngurmati dhateng guru
d. remen dolan
Nama-nama paraga ngandhap menika pundi ingkang minangka paraga tritagonis?
Bu Weni
Indra
Mboke Indra
Bagiyo
Petikan ing ngandhap menika pundi ingkang nedaheken bilih Indra kesed mangkat sekolah?
a. "..Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa katrangan. Kamangka kalih minggu malih sampun UNAS."
b."... Lha miturut data. Indra dereng nate lulus saben wonten latihan ujian..."
c. "Metu ya metu Mbok! Aku wegah sekolah maneh. Aku ora bisa lulus!"
d. "Ndra, ngendikane Bu Guru, ujian kari rong minggu. Yen kowe nganti ora sinau tenanan, ya ora bisa lulus." mboke Indra ngelingake.
"Lha kowe ki kok ngapusi barang to, Ndra! Karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah, nanging nyatane kowe ora tekan sekolahan."
Pethikan cerkak menika nedahaken bilih paraga Indra nggadhahi watak menapa?
a. seneng dolan
b. sregep
c. neson
d. seneng ngapusi
"Wis jam setengah pitu,Ndra. Ndang mangkat sekolah, mengko telat!"
pethikan cerkak menika nelakaken setting wekdal menapa?
awan
wengi
sore
esuk
Tuladha cerkak kanthi irah-irahan "Peteng" ing nginggil ngangge alur menapa?
a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Flashback
Dina iku langit katon padhang, blas ora ana mendhung sethithik-sethithika. Aku mangkat sekolah mung mlaku dhewekan. Rika kanca beda kelas sing omahe cerak omahku ora mangkat sekolah jalaran lagi kena lara DB. Anggonku mlaku mung alon wae jalaran wekhine isih lodhang, lagi jam 06.30 WIB. Nalika meh tekan prapatan, ing satengahe prapatah katon ana rubung-rubung Aku banjur mlayu nyeraki.
Pethikan menika nedahaken menawi cerkak menika ngangge pamawas/sudut pandang….
a. wong kapisan
b. wong kapindho
c. wong katelu
d. campuran
Selamat sampun kagarap sedaya!
Mugi-mugi pikantuk biji ingkang sae sedaya nggih!
Matur nuwun sampun sinau lan purun garap soal dinten menika.
Ampun kesupen dedongan nggih..
Sambil nunggu temen temen yang lain selesai mengerjakan, coba gambar apapun yang ada dipikiran kalian sekarang. Let's go!

