wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Simulasi wajib PAT BD Kelas 7

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Karya sastra Jawa kang ora kaiket paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu lan ora dilagokake diarani…..

a)

Tembang dolanan

b)

Tembang macapat

c)

Tembang kreasi

d)

Geguritan

2.

Karya sastra geguritan iku kalebu karya sastra gagrag…..

a)

lawas

b)

kuna

c)

tengahan

d)

anyar

3.

Geguritan :


Saiki jamane wis ora karuan

Manungsa seneng ngomongake liyan

Alane wong dadi guyonan

Apike janma mung dadi drengkian

………………..

Pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi.....

a)

Guru swara

b)

Guru sastra

c)

Guru basa

d)

Guru lumaksita

4.

Perangan kang dadi pokok utawa dhasare nggawe geguritan yaiku…..

a)

Diksi

b)

Irah-irahan

c)

Koda / amanat

d)

Tema

5.

Cacahe tembang macapat iku ana…..

a)

12

b)

11

c)

10

d)

9

6.

Tembang macapat kang guru gatrane padha karo tembang Pucung yaiku……..

a)

Tembang Maskumambang

b)

Tembang Dhandhanggula

c)

Tembang Sinom

d)

Tembang Mijil

7.

Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani…..

a)

Guru gatra

b)

Guru wilangan

c)

Guru basa

d)

Guru lagu

8.

Setya iku dumadine saka laku

Bisa dipercaya

Omongane ra nggorohi

Dadi kancaning urip ana ing dunya


Paugeran guru wilangan lan guru lagu tembang Pocung ing dhuwur yaiku…..

a)

12u, 8a, 6i, 12a

b)

12u, 6a, 7i, 12a

c)

12u, 6a, 8i, 12a

d)

12u, 8a, 8i, 12a

9.

Cecaturan antarane ibu marang anake kanggo muruki basa yaiku……….

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Inggil

d)

Krama Alus

10.

“Ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya sanak kadang ingkang sampun rawuh wonten dalu menika.”

Ukara ing dhuwur migunakake basa….

a)

Krama Lugu

b)

Ngoko Lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Krama Alus

11.

Basa Ngoko Alus iku basa Ngoko Lugu kang kecampuran basa Krama Inggil. Ing ngisor iki tuladha ukara Ngoko Alus yaiku…..

a)

Bapakmu mau tindak Malang nitih apa?

b)

Ibu menapa kersa kula damelaken wedang kopi?

c)

Mangga bu, kula wangsul rumiyin

d)

Adhik wis turu iki mau

12.

Ing ngisor iki pasangan tembung Ngoko – Krama Inggil kang bener yaiku….

a)

budhal – tindak

b)

mangan – nedha

c)

kondur – bali

d)

tumbas – mundhut

13.

Tembung-tembung kang migunakake swara e pepet yaiku….

a)

apem, bebek, pelem

b)

lele, goreng, pepes

c)

golek, apes, lemper

d)

sepet, geger, kesel

14.

Salah sawijine jinis karangan kang gunane kanggo nggambarake kahanan kanthi rinci yaiku….

a)

karangan narasi

b)

karangan pawarta

c)

karangan deskripsi

d)

karangan eksposisi

15.

Tuladha tembung kang migunakake swara I miring yaiku…….

a)

sapi, ireng, kali, ijo

b)

giling, daging, sapi, siji

c)

kucing, putih, paling, cilik

d)

kulit, driji, nganti, ilang

16.

Cara ndhapuk tembung lingga dadi tembung andhahan iku bisa diwenehi?

a)

Wuwuhan, seselan, lan camboran

b)

Ater-ater, dirangkep, dicambor

c)

Ater-ater, seselan, lan panambang

d)

Wuwuhan, dirangkep, dicambor

17.

Kang kalebu tembung dwilingga semu yaiku…..

a)

wit-wit

b)

mlaku-mlaku

c)

undur-undur

d)

bola-bali

18.

Kang ora kalebu tuladha tembung kang oleh ater-ater anuswara yaiku....

a)

nyumbang

b)

nyanyi

c)

ngundang

d)

nampa

19.

Tuladha ukara kang migunakake tembung kang oleh ater-ater tripurusa yaiku…….

a)

Bukune wis daktitipake Rina

b)

Aku nyilih sepedamu sedhiluk, ya

c)

Berkate gawanen mulih ya!

d)

Ndang pesen panganan kanggo buka!

20.

Tuladha ukara kang migunakake tembung kang oleh seselan –in- yaiku……

a)

Kapan panjenengan saged sowan mriki malih?

b)

Ibu mundhut kain wonten peken

c)

Tindake maestro Didi Kempot gawe warga sedhih

d)

Yen wis tinakdir, ora bakal bisa diowahi

21.

Febri ngombe susu rong gelas.

Tembung “ngombe” kalebu tembung……

a)

Tembung andhahan

b)

Tembung lingga

c)

Tembung camboran

d)

Tembung dwilingga

22.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung sesulih yaiku…..

a)

Pak tani lan bu tani padha mangkat menyang sawah

b)

Sesawangane jan nengsemake ati !

c)

Srengenge katon angslup tengere wis manjing dalu

d)

Nalika wayah sore, bocah-bocah kae padha budhal ngaji

23.

Kang ora kalebu faktor utawa pangaribawa ing sajroning Cerita rakyat yaiku……….

a)

Koda

b)

Pamawas (sudut pandang)

c)

Latar / setting

d)

Alur / plot

24.

Perangan ing cerita rakyat kang isine nepungake sakehing paragane, papan panggonan kelakone crita, kapan wektu kedadeyane, lan wiwitaning crita yaiku…..

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

25.

Saben isuk ing pinggir alas, kewan-kewan padha makarya kanthi temenan.

Yen disetitekna saka pola ukarane, kang kalebu wasesa yaiku…..

a)

Saben isuk

b)

Pinggir alas

c)

Kewan-kewan

d)

Padha makarya

26.

Tuladha ukara kang migunakake purwakanthi guru basa, yaiku…

a)

Aku lunga menyang Madura

b)

Macane mari mangan mati

c)

Aja turu, turune kok karo ngguyu

d)

Wingi bengi Esti bali

27.

Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung entar yaiku….

a)

Gemi nastiti iku laku kang prayogi

b)

Blarake tansah ngawe-awe kena angin

c)

Tirta putih denminumake ing pinanganten kekalih

d)

Dadi bocah aja nganti ciyut manahe

28.

Tuladha tembung yen ditulis ing aksara Jawa mbutuhake sandhangan pepet yaiku…

a)

arep

b)

sate

c)

lemper

d)

lele

29.

Pasangan kang owah dadi wujud asline menawa oleh sandhangan suku, cakra, keret apadene pengkal, yaiku pasangan….

a)

na, ga, pa

b)

sa, ra, nga

c)

ka, ta, la

d)

nya, tha, ma

30.

Tembung "numpak pit" yen ditulis ing aksara jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)