wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Perbaikan PAS Bahasa Jawa Sem 1 2023/2024

Total questions: 28

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1-5.

Wacanen kang patitis!

Museum Kreta Kraton Ngayogyakarta

Dewi diajak Bapak lan Ibune menyang Museum Kreta Kraton ing Kutha Ngayogyakarta nalika preinan semesteran. Museum Kreta Kraton Ngayogyakarta dumunung ana ing Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kapanewon Kraton, Kota Yogyakarta, prenahe ing sisih kidul Alun-alun Lor Kraton Ngayogyakarta. Museum iki bukak saben dina Senin tekan Ahad jam 09.00 tekan jam 16.00. Dewi lan wong tuwane mangkat seka ngomahe ing Dusun Klampok, Galur, Kulon Progo. Dewi lan Bapak Ibune numpak mobil watara sakjam tekan papan sing dituju.

Museum Kreta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun nalika jamane Sri Sultan Hamengku Buwana VIII. Sri Sultan HB VIII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839 lan seda tanggal 30 Desember 1931. Nalika isih timur Sri Sultan HB VIII asma Raden Mas Murtejo. Panjenengane katelah Sultan Sugih jalaran kagungan pabrik gula kang cacahe ana pitulas.

Koleksi saka Museum Kreta Kraton Ngayogyakarta wujud kreta kang ditarik jaran. Kabeh gunggunge kreta ana telulikur. Kreta pusaka Kanjeng Nyai Jimat minangka kreta sing umure paling tuwa. Kreta kuwi mau digawe nalika tahun 1750. Kreta kang disepuh emas aran Kreta Kyai Garudha Yeksa kang modhele padha karo kreta Kerajaan Belanda sing aran Gouden Koets. Ana uga kreta sing nate di agem dening Pangeran Diponegoro arane Kreta Mondro Juwolo. Kreta kang cacahe telulikur kuwi ana wolulas kreta kang isih dinggo keperluan upacara- upacara ageng kraton. Koleksi kreta kuwi mau saben sasi Sura (Muharam) diwetokake seka museum dijamasi supaya tetep resik lan ora gampang rusak.

                                    

1.

Apa irah-irahan wacanan ing duwur?

a)

Museum Kraton Nganyogyakarta

b)

Kraton Ngayogyakarta

c)

Kreta Kraton Ngayogyakarta

d)

Museum Kreta kraton Ngayogyakarta

2.

Genea Sri Sultan Hamengku Buwono VIII katelah Sultan sugih?

a)

Amarga kraton e megah

b)

Amarga nduwe kreta akeh

c)

Amarga nduwe pabrik gula cacahe 17

d)

Amarga lemahe jembar

3.

Ana ngendi dununge Museum Kreta Kraton Ngayogyakarta?

a)

Dusun Klampok, Galur, Kulon Progo

b)

Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kapanewon Kraton, Kota Yogyakarta

c)

Sisih lor Alun-alun Lor Kraton Ngayogyakarta

d)

Jalan Sultan HB VIII, Kelurahan Kadipaten, Kapanewon Kraton, Kota Yogyakarta

4.

Ukara pitakon kang trep karo jawaban ing ngisor iki yaiku ...

"Supaya tetep resik lan ora gampang rusak."

a)

Genea koleksi kreta saben sasi Sura (Muharam) diwetokake seka museum dijamasi?

b)

Kapan koleksi kreta diwetokake seka museum dijamasi?

c)

Sopo sik jamasi koleksi kreta ana museum kreta kraton Ngayogyakarta?

d)

Piro cacahe koleksi kreta kang diwetokake seka museum saperlu dijamasi?

5.

Ukara pitakon kang trep karo jawaban ing ngisor iki yaiku ...

"Nalika jamane Sri Sultan Hamengku Buwana VIII."

a)

Kapan Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun?

b)

Kapan museum kreta Kraton Ngayogyakarta diresmiake?

c)

Kapan museum kreta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun?

d)

Kapan museum kreta Kraton Ngayogyakarta dibuka?

6.

Nalika isih timur Sri Sultan HB VIII asma Gusti Raden Mas Murtejo. Dasa namane tembung timur ing ukara kasebut, yaiku ….

a)

wetan

b)

enom

c)

lahir 

d)

tuwa

7.

Sri Sultan Hamengku Buwono VIII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839. Kosok baline tembung miyos yaiku ….

a)

urip

b)

lahir

c)

seda   

d)

gesang

8.

Ukara iki surasane …

a)

Dadi anak kang seneng bekti marang wong tuwa

b)

Dadi anak kang migunani marang wong tuwa

c)

Dadi anak kang ngurmati marang wong tuwa

d)

Dadi anak kang ngajeni marang wong tuwa

9.

"Bocah kang pinter karana sinau."

Aksara Jawa ne yaiku ...

a)

b)

c)

d)

10-13.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Mijil

Tansaha njunjung budi pekerti

Ing lair lan batos

Becik tumindak lan pituture

Pratanda kalbu agung sejati

Tan bakal nemoni

Iku kala bendu

10.

Gatra kapapat tembang Mijil kuwi guru wilangan lan guru lagune yaiku ….

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

11.

Sapada tembang ing dhuwur ana … gatra.

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

12.

Sapada tembang Mijil ing dhuwur ngemu pitutur ….

a)

Pitutur lan tumindak becik, ora bakal kena cilaka

b)

Yen tumindak becik bakal nemoni kala bendu

c)

Menawa ana kala bendu kudu nyingkir

d)

Aja wedi karo kala bendu

13.

Tibane swara ing pungkasane gatra diarani ….

a)

guru lagu      

b)

guru gatra    

c)

guru sastra

d)

guru wilangan

14.

Satriya kang dumunung ana ing Jodhipati ndhuweni kuku pancanaka lan gada rujakpala yaiku ….

a)

b)

c)

d)

15.

Raden Gathutkaca satriya kang sekti mandra guna, duwe aji-aji narantaka, bisa mabur tanpa elar. Ewa semono ing paprangan Baratayuda gugur ketaman senjata kunta pusakane Adhipati Karna. Crita wayang kuwi ngemu pitutur ….

a)

Kendel maju perang labuh negara

b)

Aja seneng pamer kasektten marang sapadha-padha

c)

Labuh negara kudu nganggo dipetung aja grusah-grusuh

d)

Menungsa ana apese lan yen tekan mangsane bakal dipundhut Kang Maha Kuasa.

16.

Nanda bocah kang ayu dhewe ana ing desane. Mula dheweki diarani ….

a)

kembang desa

b)

kembang goyang

c)

kembang lambe

d)

kembang telon

17.

Durna bocah kang sugih. Ananging seneng umuk karo kancane. Tumindake kang seneng umuk kui diarani bocah kang … sirahe.

a)

cilik

b)

atos

c)

gedhe

d)

abot

18.

Baratayuda iku perang antarane Pandhawa lan Kurawa. Papan kanggo perang Baratayuda ana ing ….

a)

Alun-Alun

b)

Kayangan

c)

Tegal Lembut

d)

Tegal Kurusetra

19.

Satria kang ndhuweni gaman kang aran Gada Rujakpala yaiku ….

a)

Arjuna

b)

Karna

c)

Werkudara

d)

Puntadewa

20.

Pandhawa kang ngugemi bebener wusana unggul ing jurit ing perange Baratayuda. Andharan kasebut paribasan becik ketitik ….

a)

ala ketara

b)

bejo cilaka

c)

ala setitik

d)

tumindak becik

21.

Menawa mertamu sakwise nothok lawing banjur uluk ….

a)

uluk

b)

salam

c)

pamit

d)

matur

22.

Nalika mara tamu kudu mangerteni unggah ungguh. Manawa diparingi suguhan  anggonmu njupuk nganggo tangan ….

a)

kiwa

b)

tengen

c)

loro

d)

apik

23.

Wong Jawa kui ngugemi tatacara kang utama. Menawa mara tamu kudu ngerti suba … ara kena jelalatan.

a)

santun

b)

sopan

c)

sita

d)

mata

24.

Aja maratamu ing wayah lingsir wengi. Lingsir wengi tegese ….

a)

tengah awan

b)

sore-sore surup

c)

isuk-isuk

d)

tengah wengi

25.

Yen ana tamu, sawise dimanggakake, tamune diaturi ….

a)

mlebu

b)

mangan

c)

ngunjuk

d)

pamit

26.

Bonar bocah kang seneng njupuk darbeking liyan. Apa tembung entare?

a)

Dawa tangane

b)

Atos sirahe

c)

Jembar atine

d)

Abang kupinge

27.

Uripe ana ing pucuking eri. Apa tegese tembung pucuking eri?

a)

Ayem

b)

Kuatir

c)

Seneng

d)

Sedih

28.

Ana ing crita wayang lakon  Karna Tanding, Prabu Karna perang mungsuh sapa?

a)

Janaka

b)

Werkudara

c)

Nakula

d)

Durna

29.

Sapa kang diarani Satria duweni otot kawat balung wesi iku?

a)

Janaka

b)

Puntadewa

c)

Bima

d)

Gatotkaca

30.

Apa kang diarani guru wilangan iku?

a)

Cacahe wanda saben sagatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Unine swara ing akhir gatra

d)

Unine swara ing akhir pada

31.

1) Jamus Kalimasada

2) Panah Pasopati

3) Payung Tunggulnaga

4) Tumbak Karawelang

5) Kuku Pancanaka

Kang kalebu pusakane Prabu Puntadewa yaiku ...

a)

1, 2, 3

b)

1, 3, 4

c)

2, 4, 5

d)

3, 4, 5

32.

1) Janaka

2) Puntadewa

3) Sadewa

4) Werkudara

5) Nakula

Urutane Pandhawa miturut enom tua ne yaiku ...

a)

2, 4, 1, 5, 3

b)

1, 2, 4, 3, 5

c)

4, 3, 2, 5, 1

d)

3, 5, 2, 1, 4

33.

Sapada tembang mijil kadadeyan saka 6 gatra.

Sebutna guru wilangan lan guru lagune saka gatra sepisan nganti gatra nem!

a)

8i, 7u, 10i, 6o, 10e, 10i

b)

6i, 6u, 10i, 6o, 10e, 10i

c)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

d)

10e, 10i, 10i, 6o, 6i, 6u

34.

Tulisen surasane aksara Jawa iki nganggo aksara latin!

a)

Aja seneng njukuk gone liyan

b)

 Aja dadi wong kang umuk lan kumalungkung

c)

Aja dadi bocah kang sembrana

d)

Aja dadi wong kang serik atine

35.

Tulisen nganggo aksara Jawa!

Bapak tindak pasar nitih sepeda.

a)

b)

c)

d)