wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

POST-TEST NYERAT GEGURITAN

Total questions: 10

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Yen pancen loma

Ora usah duraka

Marang sapadha-padha

Purwakanthi kang ana ing pada ndhuwur yaiku . . .

a)

purwakanthi guru swara yaiku swara u

b)

purwakanthi guru sastra yaiku aksara d

c)

purwakanthi guru swara yaiku swara a

d)

purwakanthi guru sastra yaiku aksara s

e)

purwakanthi guru basa yaiku tembung loma

2.

Geguritan kasebut nggambarake rasa . . .

a)

seneng

b)

sedih

c)

nesu/jengkel

d)

susah

e)

kemeren

3.

Sawise lawas pisah

Ketemu wes padha dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih


Ing pethilan geguritan kasebut tinemu imaji ....

a)

imaji paningal/ penglihatan

b)

imaji pangrasa/ perasaan

c)

imaji pangrungu/ pendengaran

d)

imaji panindak/ perbuatan

e)

imaji warna

4.

Kawaosa ukara-ukara ing ngandhap menika!

1) Dipunwiwiti tembung “sun gegurit”;

2) Ngginakaken purwakanthi guru swara;

3) Mboten kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan;

4) Dhong-dhing swanten ing pungkasan gatra kedah runtut;

5) Cacahipun gatra mboten tinamtu, ananging limrahipun sekawan gatra.

Bab-bab ing nginggil ingkang kalebu titikan (ciri-ciri) geguritan gagrag enggal inggih menika….

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

5.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Ing geguritan iku, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

tangga

6.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama Hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani

Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, amarga kangen ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong

d)

ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana

e)

anak lagi kangen marang bapak lan ibune kang nyambutgawe ing lor kali

7.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tembung “lungguh kursi ing pethikan geguritan iku ateges ...

a)

dadi pemimpin

b)

dadi juwara

c)

lungguh kepenak

d)

lungguh empuk

e)

kursi sing empuk

8.

jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.


tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita/basa

d)

diksi

e)

tipografi

9.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tema pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Kursi empuk

b)

Kursi panas

c)

Pemulung

d)

Rosokan

e)

Pemimpin

10.

Kagatosna pethilan geguritan ing ngandhap menika!

Mung swaramu,

….………………..

Ngebatke nesu lan keselku,

Lan ngrenggani kabeh panyawangku.

Ukara ingkang trep kangge jangkepi (melengkapi) pethilan geguritan ing nginggil inggih menika…..

a)

Rinonce nalika pepacangan

b)

Kang gawe nggronjaling rasa

c)

Kang bisa nyisihake rasa kangenku

d)

Kang sumimpen primpen jroning ati

e)

Saiki ilang kabuncang tanpa rowang