NEW
Font size
WorksheetsKelas 8 UH Bab Layang
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 15mins
Manut wujude layang kaperang dadi…
layang pribadhi lan layang resmi
layang pribadhi lan layang iber-iber
layang dhawuh lan layang kekancingan
layang pribadhi lan layang ganep
Manut tujuwane, layang pribadhi isih bisa kaperang dadi layang pribadhi…lan…
kulawarga lan instansi
asipat resmi lan asipat pribadhi
tunggal lan kelompok
tulis lan ketik
Manut tujuwane, layang resmi katujokake marang…
kulawarga lan pribadhi
pawongan (pribadhi) lan lembaga
instansi lan organisasi
tulis lan ketik
Layang iber-iber kang kalebu tuladhane layang resmi yaiku…
layang kekancingan, layang ulem
layang ganep, layang kekancingan
layang dhawuh, layang kitir
layang ulem lan layang ganep
Layang kang isine ngemu prakara pribadhi, diaranai layang…
iber-iber
kekancingan
pribadhi
resmi
Jinis layang kang tinulis atas nama pribadhi ngemu prakara pribadhi kang katujokake marang instansi, tuladhane layang lamaran kerja. Kalebu jinis layang …
iber-iber
kekancingan
pribadhi
resmi
Layang sing didhapuk dening sawijining organisasi tartamtu kang katujokake marang sawijining pawongan (pribadhi), diarani layang …
ganep
ulem
pribadhi
resmi
Sing kalebu ciri-cirine layang kitir (memo) yaiku…
tujuan layang sifate tinarbuka
isine saprelune wae (cekak)
isine undhangan hajatan
dhawuhe dhuwuran marang andhahan
Kang bedakake layang pribadhi asipat resmi karo layang pribadhi asipat pribadhi, kajaba…
basane
tujuwane
tinta
unggah-ungguh basane
Layang kang ora mung ngrembug sawijine bab, ananging mawarna-warna bab diarani…
layang ulem
layang kitir
layang ganep
layang dhawuh
(1) Irah-irahane mawa tengeran tembung kitir, (2) tujuan layang katur marang sapa, (3) isine cekak wae, (4) papan lan titi mangsa layang katulis, (5) peprenah (jabatan) lan jenenge sing kirim layang. Kang kasebut iku titikan (ciri-ciri) layang …
layang ulem
layang kitir
layang ganep
layang dhawuh
Jinis layang kang tujuane katur marang sapa sipate tinarbuka (terbuka), jenneg sing kirim layang uga sipate umum, diarani layang …
layang ulem
layang kekancingan
layang paturan
layang kitir
Kang diarani layanng kekancingan yaiku…
undhangan hajatan
isine ngenani kawicaksanan
isine mung saprelune wae
isine dhawuhe dhuwuran marang andhahan
Layang kang duweni ciri kudu dingerteni deng wong akeh, diarani layang …
layang paturan
layang dhawuh
layang ulem
layang kekancingan
Layang ulem iku asring dimangerteni minangka …
surat izin
surat perintah
surat tugas
surat undhangan
Sarupane layang kang isine ganep/ora mung ngrembug mligi sawijine bab diarani …
layang dhawuh
layang ganep
layang kitir
layang dhawuh
Tuladhane layang resmi, kajaba …
layang paturan
layang kekancingan
layang dhawuh
layang kitir
Tuladhane ukara ing satata basa…
katur Bapak saha Ibu ing dalem
Malang, 10 April 2019
ingkang sembah sungkem
salam taklim
“Kula kinten cekap semanten atur kawula”. Ukara kasebut ana ing perangan layang…
surasa basa
wasana basa
purwaka basa
satata basa
Layang kang isine aweh kabar kasusahan/kesripahan, layange wong kang lagi kepaten disebut layang …
layang ulem
layang kitir
layang paturan
layang lelayu
Perangan layang kang isine pandonga, pamuji, pakurmatan…
adangiyah
papan, titi mangsa
wasana basa
purwaka basa
Ing ngisor iki minangka ukara pambuka ing layang ulem, kajaba...
Mahasuci Allah ingkang sampun mijilaken titahipun kanthi pasang pinasangan.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Awit saking donga pangestu panjennegan , kula ngaturaken agunging panuwun.
Kanthi ngucapake puji syukur dhumateng Allah SWT.
Ing ngisor iki kang mbedakake antarane layang resmi lan layang pribadhi yaiku…
ana titi mangsa
ana pambuka
ana nomer layang
ana peprenah
Perangane layang kang wujud ukara kanggo mungkasi layang: nyuwun pangapura, pangarep-arep, nyuwun walesan layang utawa surat, lsp. arane…
satata basa
wasana basa
purwaka basa
adangiyah
Ucapan nyuwun donga pangestu ing layang ulem kalebu perangan …
isi
pambuka
panutup
pangajab
Ucapan panuwun peparinge donga pangestu ing layang ulem kalebu perangan …
isi
pambuka
pangajab
panutup
“Kula badhe matur bilih arta kos-kosan sampun titi wancinipun kedah dipunbayar. Ingkang kedah bapak ibu uningani, wiwit Januari 2015 sapunika regi kos-kosan mindhak”. Ukara kasebut ana ing perangan …
adangiyah
purwaka basa
surasa basa
wasana basa
Perangan kang gunane kanggo nuduhake manawa ana dokumen kang disertakake ing layang resmi diarani…
kop layang (kop surat)
nomer surat
perihal
lampiran
“Mugi-mugi gegayuhan ingkang kula idham-idhamaken sageda kaleksanan, bapak saha ibu pinaringan panjang yuswa”. Ukara kasebut nggunakake ragam basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama alus
ngoko andhap
Ewa semono ing bebrayan Jawa isih kita prangguli maneka layang kang nggunakake basa Jawa, diarani …
surat tilang
ariwarti
kiriman/iber-iber
kalawarti
Ing ngisor iki kalebu sawijining titikan (ciri-ciri) layang lelayu yaiku …
isi gegayutan karo warta sing kudu dimangerteni dening wong akeh
isine mawerna-warna, bab kahanan/kasarasan, suka susahe, lsp.
isine ngenani kawicaksanan saka pimpinan sawijining lembaga
isine ana jenenge paraga sing seda, katrangan kapan sedane, lan ing ngendi papan pangubure
Sebutna ukara wasana basa ing layang ganep …
“Ingkang sembah sungkem”
“Kepriye kabarmu, Dhik? Yen aku tansah pinaringan bagas waras tanpa rubeda.”
“Dakkira samene dhisik isi layang tamba kangenku iki,tulung walesen ya!”
“Adhimu ing paran, Amar.”
“Mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun saha katampi sedaya amalipun kanthi ganjaran kaswargan”. Ukara kasebut ana ing layang …
ulem
lelayu
ganep
kekancingan
“Kanthi serat punika ingkang putra nyaosi pirsa, bilih kula tansah sehat, ginanjar wilujeng nir sambikala..”. Ukara kasebut ana ing perangan layang ganep …
satata basa
purwaka basa
surasa basa
wasana basa
Tuladhane layang resmi yaiku …
surat izin ora mlebu sekolah
surat menyang kulawarga
surat lamaran kerja
surat perintah dhedhuwuran
“Salam taklim, kang pandonga, pamuji slamet, puji rahayu” tembung-tembung kasebut ana ing perangan layang ganep…
titi mangsa
adangiyah
peprenah
jeneng sing kirim layang
Ing ngisor iki basane kurang trep nalika arep kirim layang marang mbakyu/kangmas …
apa panjenengan wis bar mundhut alat sekolah?
sampeyan remen napa boten wonten ngrika?
gawakna jajan sing akeh lan aja lali sangune!
sampeyan sampun dangu boten numbasaken srabi.
Perangan layang ganep sing mratelakake ing ngendi lan kapan layang kasebut ditulis disebut…
papan/titi mangsa
adangiyah
satata basa
wasana basa
“Mujudaken sawijining pahargyan & kabagyan tumrap kawula bilih Bapak/Ibu/Sedherek kersa rawuh paring donga pangestu kangge temanten kekalih”. Ukara kasebut kalebu perangan layang ulem …
pangajab
peprenah
panutup
sing kagungan gawe
Perangan layang sing mratelakake prenah/sesambungan antarane sing kirim layang karo sing dikirimi layang disebut …
peprenah
adangiyah
papan/titi mangsa
satata basa
Bab-bab wigati kang kudu dimangerteni ing layang ganep, kajaba …
panulise alamat sing arep dikirimi layang cetha lan jangkep
panulise titi mangsa ing dhuwur sisih tengen
layang ganep kudu dilampiri fotone sing kirim layang
panulise jeneng kang dituju kudune ganep
Ora kalebu titikan (ciri-ciri) layang paturan yaiku …
gegayutan karo warta sing kudu dimangerteni wong akeh
individu sing kirim layang ditulis sapa jenenge
tujuan layang sipate tinarbuka
sing ngirim layang sipate umum
Urutane perangan layang kitir kang trep yaiku …
satata – isi – ttd.
tembung kitir – satata – isi – ttd./parab
tembung kitir – purwaka – isi – ttd./parab
tembung kitir – satata – isi – panutup
Ragam basa kang digunakake nalika kirim layang menyang simbah yaiku …
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Ucapan panuwun peparinge donga pangestu, kalebu perangan layang ulem …
pangajab
peprenah
panutup
isi
Ing ngisor iki ora kalebu isine layang lelayu yaiku …
jenenge paraga sing seda
katrangan kapan sedane
ing ngendi papan pangubure
wiwit kapan ana tahlil (pengajian)
“Mugi kulawarga ingkang dipuntilar kaparingan katabahan lan kesabaran”. Ukara kasebut minangka panutup ing layang …
dhawuh
kitir
ganep
lelayu
Perangan layang ganep arupa purwakaning layang kang isi keslametan lan puji syukur marang Gusti Allah, diarani …
adangiyah
papan/titi mangsa
purwaka basa
peprenah
Ing ngisor iki adangiyah kang katujokake marang anak utawa putu yaiku …
winatu ing puja-puji
ingkang sembah sungkem
ingkang taklim
salam taklim
Perangane layang kang nyebutake isi/surasane layang utawa kepriye kekarepane penulis arane…
satata basa
surasa basa
wasana basa
purwaka basa
