wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Sumatif Pawarta

Total questions: 20

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Teks ingkang nglaporake kedadosan, prastawa utawi informasi ngenani sawijining kedadosan ingkang sampun kalampahan utawi salaginipun kedadosan inggih menika...

a)

Artikel

b)

Esai

c)

Eksposisi

d)

Berita

2.

Pawarta kedah di damel sistematis, ateges....

a)

Disajiake kanthi urut supaya jelas lan gampang dipahami

b)

Nyata utawa pener-pener kedadosan lan bisa dibuktiake kepenarane

c)

Ngemot data kang pener lan trep

d)

Disajiake kanthi seimbang , ora mihak salah satunggal pihak

3.

Struktur pawarta gunanenipu kangge nulung pamaos supados mangertosi prastawa ingkang di pawartaken lan menyonyo(menonjol) ing pawarta , teknik grafikanipun inggih menika....

a)

pambuka

b)

wos

c)

judul

d)

kerangka

4.

"Dina Selasa, 3 November 2020 ing SMA Kristen Shekinah Temanggung, ana kegiyatan simulasi pembelajaran tatap muka."

Saking pethilan pawarta punika, unsur pawarta ingkang dereng wonten inggih menika....

a)

Who

b)

Where

c)

Why

d)

What

5.

Sifat pawartos salah setunggalipun kedah aktual. Tegesipun aktual inggih menika...

a)

Wigati

b)

Anyar

c)

Mitayani

d)

Nyata

6.

Miturut isi pawartos, pawartos kaperang dados 4. Ingkang boten kalebet saking 4 jinising pawartos miturut wosing inggih punika pawartos…

a)

Lisan

b)

Opini

c)

Penyelidikan

d)

Langsung

7.

Jawah dipunmaweni angin kenceng ingkang nempuh hampir sedaya kabupaten/kitha ing DIY ngakibataken macem-macem bencana, ing antawisipun yaiku wit ambruk ingkang kathah kedadosan ing kabupaten Sleman, dina Kemis sonten (5/1/2017).

Saking pawartos punika, saged dipunpendhet dudutan …

a)

Wit ambruk bebayani nalika jawah ugi angin kenceng

b)

Angin keceng saged dadosaken jawah

 

c)

Sleman taksih jawah dipunmaweni angin kenceng

d)

Angin kenceng ugi jawah sampun kedadeyan saking seminggu awit dinten Rebo DIY kathah

8.

Unsur when ing sajroning pawata wosipun babagan....

a)

Kadospundi prastawa kasebat kedadosan.

b)

Papan panggenan prastawa ingkang dipawartaken

c)

Wekdal kedadosan prastawa ingkang dipunpawartaaken

d)

Sinten ingkang dipunwartaaken

9.

Unsur when ing sajroning pawata wosipun babagan....

a)

Kadospundi prastawa kasebat kedadosan.

b)

Papan panggenan prastawa ingkang dipawartaken

c)

Wekdal kedadosan prastawa ingkang dipunpawartaaken

d)

Sinten ingkang dipunwartaaken

10.

1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sakniki kang arep luntur. Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati, Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun marang para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kagiyatan iki. Dheweke pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki dianakake setahun pisan.

Saking waosan teks pawartos, unsur where ingkang wonten ing teks pawartos inggih punika….

a)

Endang Sri Wahyuningsih

b)

Stadiun Jayakusuma

c)

Dina Kesaktian Pancasila

d)

Pemuda Pati

11.

Koran yaiku wujude pawarta?

a)

Nyata

b)

Omongan

c)

Lisan

d)

Cetak

12.

Pawarta kang wujude internet yaiku?

a)

Buku

b)

Artikel/Website

c)

Koran

d)

Majalah

13.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

14.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku...

a)

Bener

b)

Akurat

c)

Lengkap

d)

Manjila

15.

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah. Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/ hutan lindung sing dilindungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.


Sapa sing duwe tanggung jawab njaga lestarine alam Indonesia!?

a)

Masyarakat

b)

Pemerintah

c)

Presiden

d)

Kabeh warga negara Indonesia

16.

Teks pawarta sing ana ing medhiya elektronik yaiku...

a)

Ariwarti

b)

Radio

c)

Kalawarti

d)

Tabloid

17.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

18.

Regi lombok ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, ngantos samangke taksih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap, kepara alon-alon mindhak malih. Miturut bakul lombok ing peken Klaten kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Paling boten saben dintenipun regi lombok mindhak pitung ewu rupiyah. Kawontenan kasebat njalari panyadenipun lombok kirang laris awit konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.

Pokok-pokok isi pawarta ing inginggil inggih menika ... .

a)

reregan sansaya mindhak ing Klaten

b)

Regi lombok ing Klaten mindhak

c)

regi sayuran ing Boyolali mindhak

d)

kathah tiyang ingkang nyuda tumbas lombok amargi awis

19.

Akeh para warga sing kudune nandur pari, nanging nandur jagung. Miturut warga, jagung lewih larang regane menawa panen. Jagung anggere ditandur ing sawah bisa tukul apik. Wohe uga akeh, kejaba gampang anggone ngrumat. Miturut Prasetyo, jagung iku bisa diolah dadi jagung godhog utawa uga bisa diolah dadi panganan liyane.

Ukara utawa kalimat ing ngisor iki kang ora trep karo isining pawarta ing dhuwur yaiku ... .

a)

jagung regane lewih larang timbang pari

b)

regane pari lewih murah

c)

jagung bisa digodhog lan gawe panganan liyane

d)

kadang tani kurang modhale

20.

Atusan guru bebarengan nembang macapat ing workshop Basa Jawa ing Pendapa Sekretariat Daerah (Sekda) Pemerintah Kabupaten Klaten, Senen 9 Juli 2021. Workshop iki dianakake kanggo ningkatake kompetensi guru basa Jawa ing Klaten.

Saka pethikan pawarta ing dhuwur, sapa sing diberitakake?

a)

Sekda Kabupaten Klaten

b)

guru-guru ing kabupaten Klaten

c)

Pendapa Sekretariat Daerah Kabupaten Klaten

d)

Bupati Klaten