WorksheetsKPBTS bersama bu Endah
Total questions: 15
Worksheet time: 45mins
"Sur, piye kabarmu ing Jakarta? Wis suwe ora keprungu kabarmu. Aku tansah ndedonga muga-muga sliramu lan kluargamu tansah sehat wal'afiat."
Punggelan teks layang ing dhuwur klebu ing perangan....
Pambuka
Surasa basa
Wasana basa
Adangiyah
Budi nulis layang kanggo Budhene ing Palembang. Perangan peprenah kang bener kudune ditulis....
Keng putra
Saking siswa
Saking ponakan
Keng wayah
"Sembah pangabekti kula katur dhumateng Bapak Ibu ing Ngawi"
Pethikan ing dhuwur klebu perangan...
adangiyah
asma jangkep
wasana
surasa
Ing ngisor iki tuladha ukara panutup ing layang, kang bener yaiku ...
Sesarengan serat menika kula ngaturi kabar bilih kawontenan kula sae-sae mawon
Budhe ing liburan semester 1 kula badhe sowan dateng dhalemipun ing Blitar
Kula sakeluwarga pinaringan rahayu wilujeng. Kula suwun semanten ugi keluwarganipun Pakdhe lan budhe
Wasana cekap semanten menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
Malang, 24 Maret 2024 ing perangan layang diarani...
papan lan titi mangsa
bebuka
adhangiyah
panutup
Nuwun ,kanthi puja-puji rahayu ugi kairing sagunging pakurmatan angantu-antu rawuh panjenengan.
Tuladha kasebut kalebu perangane apa ?
adhangiyah
pambuka
isi
titi mangsa
"Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten klentune atur kula nyuwun agunge pangapunten"
punggelan layang kasebut manggon ing perangan ....
surasa basa
bebuka
wasana basa
titi mangsa
Sembah sungkem, kanthi layang punika aku ngaturaken kabar bilih kawontenan kula wonten ing Surabaya ginanjar wilujeng boten wonten rubeda satunggal punapa, ingkang tansah kula suwun mugia Bapak saha Ibu wonten ing mriki mekatena ugi, amin. Pethikan teks layang kasebut kalebu bagian layang yaiku ...
Papan lan titi mangsa
Peprenah
Surasa basa
Pambuka
Kula kinten cukup semanten atur kula, bokbilih wonten klentune atur, keng putra nyuwun agunging samudra pangaksami, Nuwun.
Pethikan teks layang kasebut kalebu bagian layang, yaiku . . .
Bebuka
Surasa basa
Wasana Basa
Peprenah
Layang kasebut durung urut, coba urutna layang kasebut adhedhasar strukture kanthi bener....
1-2-3-4-5-6-7
7-6-5-4-3-2-1
7-3-5-2-6-1-4
4-1-6-2-5-3-7
“Minggu wae mengko bukuku takjupuke dhewe”. Ukara kasebut diarani ukara ...
Andharan
Pitakon
Sananta
Pakon
Kajawi saking punika ,kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra sampun angsal padamelan ing pabrik garmen. Pramila kang putra nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi anggen kula nyambut damel saged lancar. Ing wulan punika kang putra dereng saged wangsul amargi taksih dados karyawan enggal. Mugi-mugi wulan ngajeng kula saged wangsul nuweni bapak kaliyan ibu. Punggelan layang kasebut kalebu . . .
Wasana basa
Bebuka
Peprenah
Surasa basa
Saka layang kasebut, struktur layang peprenah yaiku . . .
A
B
F
G
Layang kasebut kalebu jenis layang . . . .
Pribadi
Ulem
Lelayu
Dhawuh
Ing ngisor iki tuladha ukara panutup ing layang, kang bener yaiku ...
Sesarengan serat menika kuila ngaturi kabar bilih kawomtenan kula sae-sae mawon
Budhe ing liburan semester 1 kula badhe sowan dateng dhalemipun ing Blitar
Kula sakeluwarga pinaringan rahayu wilujeng. Kula suwun semanten ugi keluwarganipun Pakdhe lan budhe
Wasana cekap semanten menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten
