NEW
Font size
WorksheetsUNGGAH UNGGUH BASA
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama lugu
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, nedha
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Kanca-kanca, dina iki bu Susi ora rawuh.
Ukara ing dhuwur kalebu basa Jawa ragam... .
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....
Kabeh wae bisa mulih saiki
Kabeh wae bisa teka saiki
Kabeh wae bisa lunga saiki
Kabeh mawon saget dugi saiki
Simbah kandha marang bapak yen arisane trah diundur minggu ngarep.
Tembung kramane "kandha" ing ukara nduwur yaiku...
Ngomong
Ngendika
Matur
Caos atur
Kandhane Dea,dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas. Ukara kasebut mujudake ukara ...
Langsung
Ora langsung
Tanduk
Tanggap
Ing ngisor iki sing kalebu ukara ora langsung yaiku... .
Shafira takon, “Dina iki awakmu arep ing ngendhi?”
"Coba njaluk tulung Bapak,” kandha ibu, “Panjenegane mesti bisa bantu awakmu.”
Nia takon marang ibu yen dheweke kelangan dhuwit sewu.
“Mau menyang endi ?” takon Arya marang Feni.
Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara langsung yaiku ... .
“Pancen Gita kuwi bocah sing sregep,” jare budhe Sita.
Dheweke mangan sate wae cukup jarene Galuh marang Dika.
Aji ngomong yen dheweke ketemu idolane.
Rini kandha yen dheweke dhek wingi oleh sepedha.
Jare Shafira, “Aku mengko sore arep menyang omahe Dita.”
Ukara ora langsung saka ukara langsung ing dhuwur yaiku ... .
Shafira ngomong yen aku mengko sore arep menyang omahe Dita.
Shafira ngomong, aku mengko sore arep menyang omahe Dita.
Shafira ngomong yen dheweke mengko sore arep menyang omahe Dita.
Aku arep menyang omahe Dita mengko sore, kandha Shafira.
