wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Kelas 9 BAB Drama Modern

Total questions: 25

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

Istilah liya drama yaiku sandhiwara. Tembung sandhiwara asale saka tembung sandhi lan wara. Kang sinandhi (tersembunyi) ing drama yaiku ...

a)

paraga

b)

plot

c)

konflik

d)

amanat

2.

Pamilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama diarani ...

a)

monolog

b)

sutradara

c)

casting

d)

setting

3.

Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiyarsa, ana ing struktur drama ...

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

koda

4.

Struktur drama orientasi yaiku ....

a)

Nelakake pesen utawa nilai-nilai moral

b)

Para paraga diadhepake ing prakara

c)

Para paraga ditepungake watake

d)

Para paraga wis nemokake cara ngrampungake prakarane

5.

Ing ngisor iki asal istilah drama/teater/sandhiwara, kajaba ...

a)

dram

b)

theatron

c)

theater

d)

dhialog

6.

Ing ngisor iki ora kalebu titikane teater modern yaiku ...

a)

Naskah minangka cekelan kang kukuh bakuh

b)

Pacelathon lan lakune paraga kudu padha karo naskah

c)

Kang dipentasake ing panggung temen gambarane naskah/teks

d)

Risiko cabar (gagal) banget gedhene

7.

Ing ngisor iki titikane teater tradhisional yaiku ...

a)

Paraga ora ngapalake teks/naskah

b)

Cara ngomong utawa gerakane mujudake inisiatif lan kreativitas paragane

c)

Arahan sutradara mung saprelune

d)

Kabeh jawaban bener

8.

Drama kang nggambarake gesehing panemu antaraning paraga utama lan kekuwatan ngedab-edabi, kang pungkasane nuwuhake prahara utawa bab kesusahan, sinebut ...

a)

drama dukaria

b)

drama sedhih

c)

drama heroik

d)

drama moralis

9.

Drama kang wujude basa pinathok (puisi) yaiku ...

a)

drama ria

b)

drama dukaria

c)

drama liris

d)

drama heroik

10.

Pangertene drama heroik yaiku ...

a)

Drama kang mung cocog kanggo diwaca

b)

Tetirone wujud tragedhi tansah atema katresnan lan jeneng becik (nama baik)

c)

Drama keagamaan isi crita saka Alkitab

d)

Drama kanthi alur sing luwiih mathuk kanggo drama sedhih, nanging pungkasane bagya

11.

Drama kang tuwuh ngrembaka cundhuk klawan dina-dina pestaning rakyat saka karang padesan, disebut ...

a)

drama borjuis

b)

drama domestik

c)

drama rakyat

d)

drama ria

12.

Ing seni teater apa sing migunakake magis ...

a)

sanghyang lan reyog

b)

sanghyang lan mamanda

c)

ludruk lan reyog

d)

calonang lan reyog

13.

Drama tradhisional kang asring sinebut kanthi teater pakem, yaiku ...

a)

wayang wong

b)

ludruk

c)

lenong

d)

mendu

14.

Titikane drama tradhisional ludruk yaiku ...

a)

Kisah Dewa Mendu kang dipentasake pitung episode

b)

Mligine kanggo tujuwan tulak balak

c)

Diperanake dening kaum priya

d)

Nganggo dhialog wujud gurindam utawa dendang

15.

Nalika meragakake drama, tembung-tembung kang diunekake kudu cetha saengga pamiyarsa bisa mangerteni karep/maksude. Bab iku asring disebut ...

a)

blocking

b)

intonasi

c)

artikulasi

d)

mimik

16.

"Ing sawijining wengi Pak Lurah pinuju ngendikan karo Pak Jagabaya lan Pak Carik ing pendhapa kelurahan. Katelune lagi ngrembug babagan katentreman lan maneka warna prakara kang ana ing desane."

Pethikan teks drama ing dhuwur lumrahe ana ing struktur ...

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Koda

17.

Ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake pakaryan manut apa kang diprentahake, diarani ukara ...

a)

ukara agnya

b)

ukara sambawa

c)

ukara andharan

d)

ukara camboran

18.

"Nggawaa jas udan aku ora bakal kudanan".

Kalebu ukara ...

a)

agnya

b)

sambawa pangarep-arep

c)

sambawa senajan

d)

sambawa upama

19.

"Lungguha terus yen ora sarapan ya bakal lemes."

Kalebu ukara ...

a)

pakon

b)

sambawa upama

c)

sambawa pangarep-arep

d)

sambawa senajan

20.

"Siramana tandurane saben dina."

Kalebu ukara ...

a)

sambawa senajan

b)

sambawa pangarep-arep

c)

sambawa upama

d)

agnya

21.

"Sugiha kaya apa yen ora sembahyang apa gunane."

Kalebu ukara ...

a)

pakon

b)

sambawa senajan

c)

sambawa upama

d)

sambawa pangarep-arep

22.

"Mangana sing akeh ya dhik supaya cepet sehat."

Kalebu ukara ...

a)

agnya

b)

sambawa pangarep-arep

c)

sambawa senajan

d)

sambawa upama

23.

"Budhala luwih isuk aku ora bakal telat."

Kalebu ukara ...

a)

agnya

b)

sambawa upama

c)

sambawa pangarep-arep

d)

sambawa senajan

24.

"Entenana ya bakule tahu kareben ana sing dianggo sarapan."

Kalebu ukara ...

a)

pakon

b)

agnya

c)

sambawa pangarep-arep

d)

sambawa upama

25.

"Tulungana wong sing lagi nandang susah."

Kalebu ukara ...

a)

agnya

b)

sambawa upama

c)

sambawa pangarep-arrep

d)

sambawa senajan