wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZ MATERI UYON-UYON

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Ungeling gangsa ingkang boten kinanthenan joged utawi kagungan sanesipun inggih menika…

a)

a.  Macapat

b)

b.  Campur sari

c)

c.   Karawitan

d)

d.  Uyon-uyon

e)

e.  Kidung

2.

Gamelan sapangkon mujudaken gamelan ingkang…

a)

a.  Kadadosan saking 1 laras

b)

b.  Kadadosan saking 2 laras

c)

c.   Kadadosan saking 3 laras

d)

d.  Kadadosan saking 4 laras

e)

e.  Gamelan ingkang tanpa laras

3.

Ing ngandhap menika ingkang kalebet laras ing gamelan inggih menika..

a)

a.  laras gatra, laras wilangan

b)

b.  laras madya, laras wasana

c)

c.  laras slendro, laras pelog

d)

d.  laras pelog, laras wilangan

e)

e.  laras laras mendho, laras pelog

4.

Ing ngandhap menika ingkang kalebet gamelan wilahan pencon inggih menika…

a)

A

b)

B

c)

C

d)

D

e)

E

5.

Gamelan ingkang kalebet gamelan wujud pipa inggih menika…

a)

a. Saron

b)

b. Demung

c)

c. Gong

d)

d. Slentho

e)

e. Suling

6.

Ingkang kalebet gamelan awujud pencon inggih menika…

a)

a. Bonang, kethuk, kenong

b)

b.  Slentho, gong kemodhog, bonang

c)

c.  Gong, kendhang, siter

d)

d.  Demung, gambang, saron

e)

e.   Kenong,kempul, gender

7.

Gamelan menika kalebet gamelan wujud…

a)

a.  Pencon

b)

b.  Wilahan

c)

c.  Balungan

d)

d.  Kebukan

e)

e.  Kawatan

8.

Piwulang saking gamelan ingkang maneka werna wujudipun, tabuhipun beda-beda, ugi cara nabuhipun beda-beda nanging menawi dipuntabuh dadoa swara kang harmonis inggih menika…

a)

a.    Manungsa kedah beda-beda sipatipun supados kados gamelan.

b)

b.    Manungsa kedah kagungan maneka warni gamelan supados pinter musik.

c)

c.    Manungsa beda suku, bangsa, agama, gaweyan nanging nalika manunggal/nyawiji saged nuwuhaken katentreman saha kaendahan.

d)

d.    Manungsa beda-beda agama, suku, bangsa gaweyan nanging nalika dipundadosaken setunggal dados padu saha drengki.

e)

e.    Manungsa kedah nuladha gamelan ingkang kagungan swara piyambak-piyambak.

9.
  1. Pasindhen estri/wadon ing uyon-uyon inggih menika……….wondene ingkang jaler/lanang inggih menika

a)

a.    Sindhen, Sindhen lanang

b)

b.    Sindhen, Niyaga

c)

c.    Swarawati, wiraswara

d)

d.    Wiraswara, swarawati

e)

e.    Waranggini, Waranggana

10.

Pagelaran gamelan tradhisional ingkang kangge ngiringi wayangan , kethoprak, saha pagelaran sanesipun inggih menika…

a)

a.  Uyon-uyon

b)

b.  Campursari

c)

c.   Gerongan

d)

d.  Karawitan

e)

e.  Geguritan

11.

Ingkang boten kalebet  pérangan uyon-uyon inggih menika…

a)

a.   Gangsa

b)

b.   Pasindhen

c)

c.   Pranatacara

d)

d.   Gendhing

e)

e.   Niyaga

12.

Pagelaran uyon-uyon kagelar wonten ing adicara ngandhap menika, kajawi/kajaba..

a)
  1. a. Selapanan lare

b)
  1. b. Merti dhusun

c)
  1. c. Syukuran

d)
  1. d. Sunatan

e)
  1. e. Ruwahan

13.

Tembung paring ing cakepan ketawang Ibu pertiwi nginggil tegesipun…*

a)

a.     Pangan

b)

b.   Panganggo

c)

c.   Weweh/paweh

d)

d.   Lunga

e)

e.   Manungsa

14.

Tembung boga ing cakepan ketawang Ibu pertiwi nginggil tegesipun…

a)

a.     Pangangge

b)

b.   Pangan

c)

c.   Tresna

d)

d.   Pikiran

e)

e.   Rasa

15.

Tembung murakabi ing cakepan ketawang Ibu pertiwi nginggil tegesipun…

a)
  1. a. Dhuwur

b)
  1. b. Nalar

c)
  1. c. Sapadha-padha

d)
  1. d. Kendel

e)
  1. e. Migunani/maedahi

16.

        Ingkang kalabet amanat saking ketawang ibu pertiwi inggih menika …

a)
  1. a. Boten prelu bekti mring Ibu Pertiwi

b)
  1. b. Manungsa kedah tresna asih dhateng sesami

c)

  1. c. Nalika paring sandhang dhateng tiyang sanes boten kedah murakabi

d)
  1. d. Dados manungsa kedah pilih sih

e)
  1. e. Ibu Pertiwi peparing rejeki marang manugsa kang drengki

17.

“Ayo kanca ngayahi karyaning praja”. Tembung praja tegese…

a)

a.  Katresnan

b)

b.  Gatra

c)

c.   Negara

d)

d.  Warga

e)

e.  Raja

18.

“Lila lan legawa kanggo mulyaning negara”. Ukara kasebut tegesipun…

a)

a.  Kanthi eklas lan nrima supados negarane mulya

b)

b.  Mulyaning negara amargi ngati-ati

c)

c.   Nata negara kanthi landhesan sembrana.

d)

d.    Sedaya warga kedah njaga negara.

e)

e.  Nglakoni kanthi pamrih.

19.

Gugur gunung mujudake kegiayatan ingkang asring katindakaken dening masarakat supados gaweyan/pakaryan enggal rampung. Dasanama/sinonim gugur gunung inggih menika…

a)

a.  Kumpul-kumpul

b)

b.  Rapat

c)

c.   Arisan

d)

d.  Ngarit

e)

e.  Gotong royong/ sambatan

20.

Piwulang saking lancaran gugur gunung inggih menika…

a)

a.  Supaya gaweyan enggal rampung becikipun digarap kanthi gugur gunung linandhesan lila legawaning ati.

b)

b.  Baris kedah ditindakaken nalika badhe nandangi pegawean.

c)

c.   Nindakaken gaweyan kanthi pamrih.

d)

d.  Padu, drengki, menika sipat ingkang becik dhateng sesami.

e)

e.  Ngayahi gaweyan kanthi sakkarepe dhewe.

21.

Tetembungan ingkang dipunginakaken ing tembang lelagon utawi gendhing utawi asring kasebut lirik lagu utawi syair inggih menika…

a)

a.   Cakepan

b)

b.   Titi laras

c)

c.   Senggakan

d)

d.   Slendro

e)

e.   Pedhotan

22.

Unen-unen saking wiraswara utawi wiyaga ing satengahing tembang ingkang binarung swanten gendhing, sipatipun supados nyeseli lelagon amrih langkung gumyak kadosta “ Hak ee… hak ee” inggih menika…

a)

a.   Senggakan

b)

b.   Slendro

c)

c.   Pedhotan

d)

d.   Cakepan

e)

e.   Titi laras

23.

Saking pasinaon uyon-uyon kapengker saged dipunmangretosi bilih tuladhanipun lelagon/gendhing menika…

a)

a.   Ketawang Ibu pertiwi, Santi Mulya, Macapat

b)

b.   Slendro, Pelog, Madya

c)

c.   Ketawang, Ladrang, Megetruh

d)

d.   Santi Mulya, Manyura, Gugur Gunung

e)

e.   Lancaran, Ladrang, Ketawang

24.

Wonten ing satunggaling pasugatan uyon-uyon, kajawi kedah wonten gamelanipun ugi kedah wonten tiyang ingkang nabuh gamelanipun. Tiyang ingkang pedamelanipun nabuh gamelan inggih menika…Wonten ing satunggaling pasugatan uyon-uyon, kajawi kedah wonten gamelanipun ugi kedah wonten tiyang ingkang nabuh gamelanipun. Tiyang ingkang pedamelanipun nabuh gamelan inggih menika…

a)

a.    Gangsa

b)

b.    Niyaga/Wiyaga

c)

c.     Gendhing

d)

d.    Pranatacara

e)

e.    Gamelanira

25.

Gamelan ingkang kadadosan saking 2 laras dipunwastani…

a)

a.   Gamelan saperangkat

b)

b.   Gamelan boten jangkep

c)

c.   Gamelan wirama

d)

d.   Gamelan sapangkon

e)

e.   Gamelan nuswantara