WorksheetsAsesmen akhir 2, durma, unggah ungguh, angka jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 18mins
Serat Wulangreh iku kaserat dening....
Sunan Paku Buwana I
Sunan Paku Buwana II
Sunan Paku Buwana III
Sunan Paku Buwana IV
Panulise Serat Wulangreh arupa.....
Tembang
Geguritan
Syair
Pantun
Ing Serat Wulangreh, saben ....tembang ngemot isi pitutur kang migunani
tegese
pupuh
judul
tema
Wong urip ing jaman saiki kudu ngati ati lan tansah manembah ing ngarsaning Gusti kareben .....
Nampa bandha kang akeh
Antuk jabatan kang dhuwur
Tansah eling lan ngaturake panuwun dhumateng Gusti
Lali marang asale
Kang duweni teges cacahe wanda saben sagatra yaiku…
Guru Lagu
Guru Wilangan
Guru Gatra
Guru pada
cacahe serat wulangreh wonten pinten tembang?
12
13
14
11
Apa isine serat wulangreh pupuh durma....
carane ngendhaleni hawa napsu
carane milih guru
cara srawung utawa milih kanca
tata krama, mbedakake ala lan becik
Paugerane serat wulangreh pupuh durma yaiku....
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8a, 8i, 6a, 7a, 8i, 9a, 7i
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 8a, 8i
12a, 7i, 6i, 7a, 8a, 5a, 7i
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Tembung guling ana ing Serat Wulangreh pupuh Durma gatra loro tegese yaiku.....
Aja seneng guling-guling
Ora kena guling
Bantal guling
kakehan turu
Dipunsami ambantingisaranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Tembung darapon ana ing Serat Wulangreh pupuh Durma gatra 3, anduweni teges.....
supaya
Pikoleh
Pakaryan
Luwih-luwih
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar tembang Durma ing dhuwur, ana gatra siji kang unine “Dipunsami ambanting ing badanira” tegese yaiku.....
Aja seneng ngapusi
Padha mbanting badan
Biasakna awakmu prihatin
Dadi wong aja seneng nacat wong liya
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar tembang Durma ing dhuwur, ana gatra papat kang unine “Nepsu kang ngambra-ambra” tegese yaiku.....
Ngilangake hawa nepsu
Aja padha tumindak ala
Aja ngurangi hawa nepsu
Hawa nepsu kang sumebar utawa angel dikendhalikake
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar wos ing Serat Wulangreh Pupuh Durma Pada siji bisa dimangreteni bilih awake dhewe kudu tansah ngurangi mangan lan turu, ancase yaiku.....
Supaya sehat
Supaya ngirit
Supaya ora lemu
Sarana kanggo ngurangi hawa nepsu
Dipunsami ambanting sariranira,
Cegah dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadi sabarang,
Karyanira lestari.
Adhedhasar serat Wulangreh pupuh Durma pada siji ing dhuwur bisa dimangreteni isine yaiku.....
Urip iku kudu prihatin, carane yaiku kanthi nyudha mangan lan turu. Mula urip ing donya aja akeh mangan lan turune mundak dadi wong males. Yen males awake dhewe angel anggone nggayuh cita-cita
Aja padha seneng mangan karo turu mundak awak dadi lemu. Lan sregepa ngibadah supaya bisa mlebu swarga.
Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngendhaleni hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Nyedaka marang Gusti Allah supaya tansah pikantuk kanugrahan saking Gusti Allah.
Tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Ing pangawruh lair batin aja mamang,
yen sira wus udani,
ing sariranira,
yen ana kang amurba,
misesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Tegese tembung "udani" ana ing gatra kaping kalih yaiku ....
jawah
paham
krungu
dhahar
Ing pangawruh lair batin aja mamang,
yen sira wus udani,
ing sariranira,
yen ana kang amurba,
misesa ing alam kabir,
dadi sabarang,
pakaryanira ugi.
Guru wilangan lan lagune gatra kaping gangsal yaiku ....
7a
71
8a
8i
Apan ana sesiku telung perkara
Nanging gedge pribadi Puniki lilira
Ya kang telung perkara
Poma ywa nggunggung sireki
Sarta lan aja nacad kepati pati
Saking serat wulangreh pupuh Durma ing nginggil wonten sesiku ingkang kedah dipun singkiri inggih punika :
nggunggung salahe wong liya
sengit banget karo wong liya
nggoleki salahe wong liya lan jumlah salahe wong liya
njumlah salahe wong liya lan nyacad wong liya
Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku ...
Wong anom marang wong tuwa.
Siswa marang gurune
Guneman marang wong sing lagi kenal.
Kanca sapadha kanca kang wis akrab banget.
Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku....
Adhi kula sampun dhahar kalawau.
Bu, panjenengan ingkang mbekta tas punika, kula ingkang ngasta buku!
Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor
Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul
Gatekna pratelan drama ing ngisor iki!
(Krungu swara tilpun kring…kring….)
Tono : “Hallo, sugeng dalu. Punika sinten inggih?”
Ardi : “Sugeng dalu. Iki aku, Ardi.”
Tono : “O, Ardi. Ana apa, Di?”
Ardi : “Iya, aku arep takon sesuk ulangan basa Jawa bab apa wae ya?”
Tono : “Wingi ngendikane Bu Martini bab 1 lan 2.”
Ardi : “O, bab 1 lan 2 ta? Ya wis, matur nuwun ya, Ton.”
Tono : “ Ya, padha-padha, Di.”
Ragam basa kang digunakake dening Tono yaiku....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Gatekna pratelan drama ing ngisor iki!
(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)
Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”
Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”
Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, Bu!”
Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan drama kasebut yaiku....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
wacan ukara iku yaiku ...
aku duwe pitik 8
ibuku duwe pitik 8
aku dugi ping 8
ibuku maringi 8
ꦱꦺꦤꦶꦤ꧀꧈꧇꧑꧙꧇ꦗꦤꦸꦮꦫꦶ꧇꧒꧐꧑꧙꧇
ukara iku diwaca ...
Kamis, 17 Januari 2018
Senin, 21 Januari 2019
Senin, 19 Januari 2019
Kamis, 14 Januari 2018
“Ibu, tindak dhateng toko badhe…punapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe…buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku....
Mundhut, tumbas
Tuku, tumbas
Tumbas, mundhut
Tuku, tumbas
Wis telung dina ibu lara weteng. Basa krama aluse yaiku.…
Pun tigang dinten ibu gerah padharan.
Sampun tigang dinten ibu gerah padharan.
Wis telung dina ibu sakit padharan.
