wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TRY OUT B. JAWA MI BRAWIJAYA

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Virus Corona

Penyakit virus corona minangka penyakit infeksi sing disebabake dening virus corona kang nembe ditemokake. Umume wong sing kenek corona ngalami tandha – tandha sing paling umum yaiku : mriyang, watuk garing, lemes. Uga ana tandha sing ora umum kayata lara ing tenggorokane, diare lan ilang rasa utawa ambu. Umume virus iku mau nulare ngliwati wong sing kenek watuk, wahing, lan liya – liyane.

Teks ing dhuwur manut jinise kalebu teks pawarta. Teks kasebut duweni ciri – ciri …

a)

Ora ana buktine

b)

Ngajak lan ngelingake

c)

Bisa digunakake

d)

Isine pawarta

2.

Banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan ana ing sakiwa tengene sumber. Aja mbuwang sampah lan limbah  menyang kali. Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Teks ing dhuwur kelebu teks persuasi. Kang dikarepna teks persuasi yaiku  ...

a)

Ngandharake fakta

b)

Ngajak utawa narik kawigatene wong sing maca

c)

Kamomot ana ing medhia cetak

d)

Isine pawarta

3.

Pak Guru         :  “Bocah – bocah sapa sing durung nggarap PR ?”

Badi                :  “Kula Pak, kula kesupen menawi wonten PR.”

Pak Guru         :  “  ....... “

Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku  ...

a)

Kok kowe sregep tenan

b)

Kok kowe bisa lali

c)

Kok kowe wis nggarap PR

d)

Kok kowe ora lali

4.

Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku  ...

a)

Ukarane mentes

b)

Ukarane nyenengake

c)

Ukarane mamerake

d)

Ukarane ngunjuk – ujuki

5.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya.

Kuwi nuduhake menawa pawarta iku ...

a)

bener

b)

lengkap

c)

manjila

d)

akurat

6.

Ing ngisor iki ukara kang kalebu jinise pariwara/iklan yaiku  ...

a)

Ngundhuh wohing pakarti

b)

Ayo njaga lestarine alam

c)

Banjir nrajang pirang – pirang desa

d)

Lemah longsor mendhem puluhan omah

7.

Kang kalebu tembang macapat yaiku  ...

a)

Bengawan Solo

b)

Ilir – ilir

c)

Jaranan

d)

Gambuh

8.

Bapa pucung dudu watu dudu gunung,

sangkamu ing sabrang,

 ngon – ingone sang bupati

yen lumampah si pucung lembehan grana.

Batangane tembang ing dhuwur yaiku  ...

a)

Sepeda

b)

Gajah

c)

Sepur

d)

Macan

9.

Cacahe wanda saben sagatra jroning tembang macapat diarani  ....

a)

guru wanda

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru lagu

10.
a)

Tuku buku tulis

b)

Buku tulisku

c)

Buku tulis

d)

Tuku buku

11.

Yen kekancan kudu bisa milah – milih.

 Yen watake ala.

Iku aja dikumpuli.

Watek becik kumpulana.

Guru wilangan lan guru lagune tembang kasebut yaiku ...

a)

12i, 6a, 8i, 8a

b)

12u, 6a, 81, 12a

c)

8u, 8i, 8a, 8i

d)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

12.

“Negor sauwit nandur satus bibit”. Ukara iki kalebu  ...

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

dhiskripsi

13.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama alus kang bener yaiku  ..

a)

Kula dipun utus bulik mundhut gendhis.

b)

Kula dipun utus bulik tumbas gendhis.

c)

Kula dikengken bulik mundhut gula.

d)

Kula dikengken bulik tumbas gula.

14.

Adhang – adhang tetese embun. Ukara iki kalebu  ...

a)

Paribasan

b)

Saloka

c)

Bebasan

d)

Ukara

15.

Ngubak – ubak banyu bening. Bebasan iki tegese  ...

a)

Wong sing rupane bagus utawa ayu tur becik bebudine.

b)

Wong sing mareni tumindak ala.

c)

Wong sing ayu nanging ora ana tata kramane.

d)

Wong sing nglanggar janjine.

16.

Muruki penggawean sing ora ana paedahe. Ukara iki diparibasake  ...

a)

Ngajari bebek nglangi.

b)

Adhang – adhang tetese embun.

c)

Adigang, adigung, adiguna.

d)

Ana catur mungkur.

17.

Bebasan “ Kebo kabotan sungu” tegese  ...

a)

Wong kang sengsara uripe merga dhemen apus – apus.

b)

Wong kang sengsara uripe merga kakehan pakaryane.

c)

Wong kang sengsara uripe merga dhemen mangan turu

d)

Wong sengsara uripe merga kakehan anak.

18.

Wong iku yen disawang ketoke bodho lan ora isa apa – apa, ananging nyatane pinter lan nduweni kearifan luhur. Wacan ing dhuwur kaya saloka  ...

a)

Adigang, adigung, adiguna.

b)

Bolu isi madu.

c)

Dom sumurup banyu.

d)

Cecak nguntal empyak.

19.

Rukun agawe santosa, crah agawe  ...

a)

agawe lumrah

b)

agawe bubrah

c)

agawe bungah

d)

agawe susah

20.

Asil karya sastra jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru lagu, lang guru wilangan diarani  ...

a)

Tembang dolanan

b)

Geguritan

c)

Tembang macapat

d)

Ganjaran