NEW
Font size
WorksheetsSoal Bahasa Jawa Bab 5 Tembang Pocung
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Pada dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucing dadi dahana
batangane tembang pocung ing dhuwur iku yaiku ....
erek
geni
banyu
mlinjo
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Batangane yaiku ....
sepur
montor mabur
montor
sepeda
Bapak Pucung dudu watu dudu gunung
Sabane ing sebrang
Titihane sri Bupati
Yen lumaku si pucung lembehan grana
batangane .....
gajah
jerapah
unta
sapi
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
batangane : ....
montor mabur
sepur
mobil
montor
Bapak pocung isih enom klambi gadhung.
Yen wes rada tuwa.
Si pocung klambine kuning.
Tuwa pisan si pocung klambine abang.
Batangane ....
sukun
mlinjo
salak
jeruk
Bapak pucung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakani jalmi
Mbrenjul suku panjang gulu dawa
batangane .....
unta
sapi
gajah
jaran
Mangka tumpakani jalmi
tembung jalmi tegese ....
jaran
menungsa
bocah
sikil
Pinter nyimpen toya
tembung toya tegese ....
banyu
geni
angin
segara
Yen lumaku si pucung lembehan grana, grana tegese ....
irung
sikil
tangan
kuping
Tembung pocung iku guru gatrane cacahe ana ....
4
5
6
7
Tembang macapat pocung duweni watak ....
sembrana
susah
seneng
nggresula
Tibane swara ing pungkasane gatra diarani ....
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
guru wiraga
Tembang macapat pocung awujud ....
geguritan
paribasan
guneman
cangkriman
Tembung sega yen dikramakake dadi ....
nasi
wakul
sekul
ulam
endhog basa kramane yaiku ...
ulam
tigan
telur
sekul
Tradisi jawa kang tujuane slametan nalika ibu ngandut jabang bayi patang sasi diarani ....
mitoni
mapati
selapan
ruwahan
Tradisi jawa kang tujuane ngirim donga kanggo para leluhur sing wis seda ing sasi ruwah diarani ...
mitoni
mapati
kupatan
ruwahan
Tradisi kang dianakake ana tanggal 8 syawal diarani ...
kupatan
ruwahan
selapanan
mitoni
Trandisi kang kanggo mingeti lahire Nabi Muhammad SAW yaiku ...
sekaten
ruwahan
sadranan
kupatan
Tradisi kang kango slametan jabang bayi sing umure 40 dina jenenge ....
selapan
mapati
mitoni
ruwahan
