WorksheetsSoal Bahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 11mins
Tembang Pocung
Bapak Pocung anane ing tanah kudus
pinter nyimpen toya
mangka tumpakaning jalmi
gigir brenjul suku panjang gulu dawa
(Kapethik saka buku remen basa jawa kelas 3)
1. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku. . . .
lagu pocung
tembang pocung
bapak pocung
tembang macapat
Tanah Kudus nduweni teges . . . .
tanah subur
tanah resik
tanah suci
tanah kotor
Tembung jalmi tegese. . .
wit - witan
manungsa
kewan
gunung
Tembung suku tegese . . . .
sikil
asta
mripat
sirah
Kewan sing pinter nyimpen toya miturut tembang ing dhuwur yaiku . . . .
gajah
jaran
jerapah
unta
Watake tembang pocung yaiku ….
grapyak lan renyah
sumanah lan pitutur
manis lan luwes
sembrana parikena
Saben sapada tembang pocung ana . . . .
patang larik
telung larik
rong larik
salarik
Ing ngisor iki arane tembang macapat, kajaba . . . .
gambuh
mijil
pocung
jaranan
Tembang macapat cacahe ana . . . .
10
11
12
13
Nonton Festival Kethoprak
Malam Minggu Arum diajak bapake nonton festival kethoprak. Watara tabuh pitu mbengi Arum wis ana ngarep panggung. Sing nonton jan akeh banget. Arum oleh panggonan ngarep dhewe. Festival kethoprak bengi kuwi pesertane ana pitu. Swara gamelan wis ditabuh wiwit sore mau. Acarane dibukak dening Ibu Walikota Semarang. Para seniman padha kumpul dadi siji nambahi gayenge swasana.
Sing ngajak Arum nonton festival kethoprak yaiku ….
bapake
ibune
simbahe
pamane
Arum wis ana ngarep panggung jam ….
sanga esuk
sanga bengi
pitu esuk
pitu bengi
Sing bukak festival kethoprak yaiku Ibu . . . .
bupati Semarang
Walikota Semarang
Camat Semarang
Lurah Semarang
Blanja menyang Pasar
Dhek dina Minggu, Yuni melu mbakyune lunga menyang pasar. Pasare rada adoh mulane anggone menyang pasar mau numpak becak. Atine Yuni seneng banget. Wis suwe dheweke ora lunga menyang pasar. Luwih-luwih menyang Pasar Ceria sing diparani dina iki.
Ora let suwe Yuni lan Fitri, mbakyune, wis tekan ing Pasar Ceria. Bocah loro age-age mlaku mlebu pasar. Yuni katon yen ora sabaran. Tangane mbakyune digeret sajak kesusu. “Ora perlu kesusu, Yun. Becik ngati-ati!” kandhane Fitri ngelingake adhine.
Pasar kuwi panggonane wong akeh. Ora kabeh uwong apik bebudene. Ana kalane ing pasar iku ana copet. Mula kudu ngati-ati yen ana ing pasar.
Sing melu mbakyune lunga menyang pasar yaiku ….
Fitri
Yuni
Pipit
Yuyun
Anggone lunga menyang pasar nalika dina ….
kamis
jumat
sabtu
minggu
Anggone menyang pasar numpak becak, jalaran ….
Pasare rame
Pasare cedak
pasare adoh
pasare sepi
Tangane mbakyune digeret sajake kesusu.
Kesusu kosok baline ….
sabra
anteng
grusa grusu
alon alon
Tembung digeret tegese ….
digandeng
dicopot
ditarik
disambung
Ora kabeh uwong apik bebudene.
Bebudene tegese ….
perilakune
sandhangane
pegaweane
ucapane
Uwong kang ora apik bebudene, tuladhane ….
blandong
copet
pedagang
gamel
Fitri lan Yuni lungo menyang ….
Pasar Iwak
Pasar Modern
Pasar Ceria
Pasar Tradisional
