wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa Kelas 4 Unggah-Ungguh Basa

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

2.

.....kula wonten ing Karangasem Sleman.

a)

griya

b)

omah

c)

dalem

d)

dalemipun

3.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama Alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko Alus

d)

Ngoko Lugu

4.

Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko Alus

b)

Basa Ngoko Lugu

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

5.

Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!


Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”

Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”

Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”

Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”

Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”

Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.


Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..

a)

ngoko alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

6.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

krama lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama alus

7.

Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku....

a)

Adhi kula sampun dhahar kalawau.

b)

Bu, panjenengan ingkang mbeta tas punika, kula ingkang ngasta buku!

c)

Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor.

d)

Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul.

8.

Ing ngisor iki kang ora klebu jinising ragam basa ing unggah-ungguh basa yaiku...

a)

Krama Alus

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Biasa

9.

Ingkang kedah dipun gatosaken nalika guneman marang tiyang sanes yaiku, kajaba....

a)

Sinten ingkang dipun ajak guneman.

b)

Swasana rikala guneman.

c)

Papan rikala guneman

d)

Busana rikala guneman

10.

Gatekna pacelathon iki :

Ahmad : ”Kula nuwun.....”

Pakdhe Ngabdul : ”Mangga....., we lha nak Ahmad. Mangga-mangga, kene Nak lenggah kene.

Ahmad : ”Inggih Pakdhe matur nuwun.”

Pakdhe Ngabdul : ”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Ahmad tekan kene, ana perlune

apa mung dolan wae?


basa ingkang digunakake Pakdhe Ngabdul yaiku...

a)

Krama alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu