wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

EVALUASI MATERI SESORAH

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah inggih menika...

a)

Anggenipun medhar pangandikan jumbuh kaliyan raosipun para rawuh

b)

Busananipun mlaha, boten kedah sopan

c)

Ngecakaken wicara, wirama, wirasa, lan wiraga nalisir saking isining sesorah

d)

Ngginemaken tiyang sanes, amargi remen rerasanan

e)

Mawi basa ingkang boten sae menawi paring tuladha kasaenan

2.

Amrih sesorah langkung resep utawi sae, paraga kedah migunakaken astanipun, esemipun, ngadi sarira lan ngadi busana ingkang saged ndadosaken paraga sesorah langkung manteb lan nengsemaken.

Bab menika gegayutan kaliyan...

a)

Wiraga

b)

Wibasa

c)

Wirama

d)

Wicara

e)

Wirasa

3.

Patrap/ sikap ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah inggih menika, kejawi...

a)

Jumeneng jejeg

b)

Mantep, teteg

c)

Sumeh, asta ngapurancang

d)

Luwes, boten kaku

e)

Wigah-wigih

4.

Nalika sesorah kedah ngraosaken utawi menjiwai wonten salebeting manah ingkang dipunjumbuhaken kaliyan adicaranipun. Bab menika jumbuh kaliyan pangertosan saking...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

e)

Wibasa

5.

Nalika sesorah ing kagiyatan masarakat, Ina dereng saged mbedakaken antawisipun d lan dh, t lan th, bab menika nedahaken bilih Ina anggenipun dados Sesorah dereng saged ngetrapaken...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

e)

Wibasa

6.

Sesorah inggih menika…

a)

Pidhato Basa Jawi

b)

Puisi Basa Jawi

c)

Carita Pengalaman

d)

Tetembangan

e)

Lelagon Jawa

7.

Sesorah kelebet kaprigelan bab…

a)

nyemak

b)

micara

c)

nyerat

d)

nembang

e)

olahraga

8.

Ingkang kedah dipungatosaken nalika nindakaken sesorah inggih menika, kejawi

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiraga

e)

wiracarita

9.

Ing ngandhap menika perangan/ bagian saking teks sesorah ingkang sepisanan

kaaturaken inggih menika…

a)

salam pambuka

b)

isi sesorah

c)

dudutan/ kesimpulan

d)

salam panutup

e)

atur pangapunten

10.

“. .... saha para rencang sedaya ingkang bagya mulya.”

Tembung rencang tegesipun

‘pembantu’. Pramila saenipun dipungantos ngangge tembung...

a)

bocah

b)

bala

c)

kanca

d)

prakanca

e)

wadyabala

11.

Kasemakna waosan sesorah menika!

“Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu pantes sinudarsana, Bapak Ibu Guru saha karyawan

SMK N 2 Yogyakarta ingkang dahat kinurmatan, saha para rawuh ingkang bagya mulya.”

Perangan sesorah ing nginggil dipunwastani atur...

a)

pamuji

b)

pakurmatan

c)

pambuka

d)

panutup

e)

pangajeng-ajeng

12.

Para tamu ingkang minulya, sinten malih ingkang kedah anggigah semangat tresna budaya

menawi sanes kita bangsa Jawi piyambak. Woh ingkang dipunidham-idhamaken boten

sanes inggih mekaripun kabudayan ingkang greget lan tumemen, sampun ngantos budaya

Jawi kasingsal menawi katandhing kaliyan budaya manca.

Pethikan sesorah ing nginggil kalebet...

a)

purwaka basa

b)

surasa basa

c)

salam pambuka

d)

wasana basa

e)

salam panutup

13.

Adicara ing ngandhap punika ingkang limrahipun kedah mawi sesorah inggih menika

kejawi...

a)

kesripahan

b)

mantenan

c)

rewang

d)

supitan

e)

upacara

14.

“Lumantar kula, ingkang sepisan Bapak Suyadi sakulawarga ngaturaken kasugengan awit

saking rawuh panjenengan sedaya, minangka cihnaning raos bela sungkawa dhumateng

kulawarga ingkang saweg nandhang duhkita. Salajengipun, Bapak Suyadi nyuwun

pangaksami bokbilih boten saged ngacarani piyambak lan mangayubagya rawuh

panjenengan kanthi satrepipun, punapa malih boten saged atur papan tuwin palenggahan

ingkang murwat.

.................

Reroncen tetembungan punika dipunandharaken ing adicara...

a)

ambal warsanipun lare

b)

pahargyan temanten

c)

sripahan

d)

ambal warsa pawiyatan

e)

supitan

15.

Kagatosna cengkorongan sesorah ing ngandhap menika!

(1) Atur pangapunten

(2) Surasa basa

(3) Salam pambuka

(4) Atur pakurmatan

(5) Pangajeng-ajeng

(6) Atur puji syukur

(7) Salam panutup

Tata rakiting cengkorongan sesorah ingkang leres inggih menika...

a)

(3), (2), (4), (6), (5), (1), lan (7)

b)

(3), (4), (2), (6), (5), (1), lan (7)

c)

(3), (4), (6), (2), (5), (1), lan (7)

d)

(3), (6), (4), (2), (5), (7), lan (1)

e)

(3), (2), (4), (5), (6), (7), lan (1)

16.

Sesorah ingkang katindakaken kanthi damel cathetan alit sarana kangge pangemut-emut urutaning prekawis ingkang badhe dipunandharaken kawastanan sesorah kanthi cara...

a)

apalan

b)

maos naskah

c)

dadakan

d)

impromptu

e)

ekstemporan

17.

Ngaturaken panuwun awit karawuhan para tamu ing salah satunggaling adicara dipunwastani...

a)

atur kabar

b)

atur panglipur

c)

atur pambagyaharja

d)

atur pangajak

e)

pamedhar sabda

18.

Sesorah ing kesripahan kalebet sesorah ingkang gadhah ancas kangge...

a)

atur pambagya

b)

atur kabar

c)

atur panglipur

d)

pangajak

e)

panyeru

19.

“Bapak-bapak dalah ibu-ibu, ing samangke kathah sesakit demam berdarah ing pundi-pundi. Pramila sumangga panjenengan sedaya sami njagi karesikaning salebet tuwin sakjawinipun griya. Langkung-langkung, got-got sakiwa-tengening griya.”

Pethikan pidato ing nginggil menika ancas/ tujuanipun kangge...

a)

menehi panglipur

b)

menehi kawruh

c)

pangemut-emut

d)

pangajak

e)

pitutur

20.

Kawaosa kanthi saksama!

“Kula kinten cekap semanten atur kula, namung minangka bebuka saderengipun pirembagan salajengipun. Wusananipun, lampahing acara ing pepanggihan punika kula wangsulaken dhatang pranatacara. Matur nuwun.”

Perangan sesorah menika dipunwastani...

a)

atur puji syukur

b)

wasana basa

c)

purwa basa

d)

atur pamuji

e)

surasa basa