wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Postest Unggah-Ungguh Masyarakat

Total questions: 10

Worksheet time: 80secs

Name
Class
Date
1.

Ing ngandhap menika pundi ingkang boten klebet ginanipun nerapaken unggah-ungguh wonten ing masyarakat?

a)

Ngajeni tiyang sanes

b)

Mbangun kapribaden lan etika

c)

   Njagi tradisi

d)

Boten dipunremeni kaliyan warga masyarakat

e)

Ndamel lingkungan sosial ingkang ayem

2.

Nalika nembe musyawarah, menawi usul kita boten dipunagem, saenipun kita kedah….

a)

  Nampi keputusan ingkang dipunagem

b)

Protes

c)

Nangis

d)

Nesu

e)

boten usul malih

3.

Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!

“Minggu enjing ibu kaliyan bapak badhe tindak dalemipun simbah”

Ukara menika ngginakaken basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko

d)

Krama lugu

e)

Ngoko alus

4.

Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!

Intan : “Kowe wis garap PR aksara jawa durung Sit?

Siti : “Durung tan, aku ora mudeng babagan aksara jawa.”

Intan : “Yowis mengko garap bareng karo aku wae gelem ora?”

Siti : “Yo tan aku gelem”.

Pacelathon menika migunakake basa ragam...

a)

Krama

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

e)

Krama alus

5.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Bambang : “……………..”

Ibu : “Aku mau neng pasar karo Bu Atun le”.

a)

  Bu sampeyan mau neng pasar karo sopo?

b)

Bu sampeyan wau neng peken kaliyan sinten?

c)

Bu kowe mau ten pasar kaliyan sinten?

d)

Bu njenengan mau tindak pasar kaliyan sinten?

e)

Bu njenengan wau tindak peken kaliyan sinten?

6.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Sasa : “………………”

Mas Bayu : “Iyo aku wis ngerti, mau wis ditelpun bapak.”

a)

Mas sampeyan menapa sampun mangertos yen ibu nembe gerah?

b)

Mas kowe apa wis ngerti yen ibu lagi gerah?

c)

Mas njenengan apa wis ngerti yen ibu lagi sakit?

d)

Mas sampeyan menapa sampun ngerti yen ibu lagi sakit?

e)

Mas kowe apa wis ngerti yen ibu nembe gerah?

7.

Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!

Sari : “Bapak sampun…….menapa dereng?”

Bapak : “Uwis nduk, aku wis wareg”.

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukaranipun Sari inggih menika.......

a)

Mangan

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Madhang

e)

Maem

8.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Siswa : “..............................”

Bu Guru : “Lha, ora nggatekake mesthi mau. Kok nganti ora ngerti tugase!”

a)

Ibu nyuwun pirsa, tugase wau napa nggih?

b)

Ibu badhe tanglet, tugas wau napa nggih?

c)

Ibu nyuwun pirsa, tugasipun wau menapa nggih?

d)

Ibu badhe taken, tugase napa nggih?

e)

Ibu badhe nyuwun pirsa, tugase apa nggih?

9.

Para siswa sumangga dipunwaos ukaranipun kanthi pratitis!

Ida : “Sugeng Siang, Pak. Nyuwun pangampunten kula badhe nyilih buku Bahasa Jawi kelas X.”

Pak Agus : “Iya. Ko sik ya, tak jupukna bukune. Bukune pira sing dibutuhake?”

Ida : “30, Pak.”

Tembung ingkang kacethak miring ingkang trep inggih menika ...

a)

Njileh

b)

Njupuk

c)

Njaluk

d)

Mundhut

e)

Ngampil

10.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Bapak….dhateng….Pak Lurah

a)

Kesah, dalemipun

b)

Bidhal, daleme

c)

Budhal, griyanipun

d)

  Tindak, dalemipun

e)

Kesah, griyane