wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

asesmen bhs jawa_05032022_(panyendhu,payandra,pepindha,parikan)

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

1. Payandra yaiku tetembungan utawa ukara sing ....

a)

digunakake kanggo nyacad/nyemon

b)

digunakake kanggo nglembana

c)

digunakake kanggo madhakake samubarang sing tegese kaya

d)

kadadean saka sampiran lan isi

2.

2. “Alise Ayu jan nanggal sepisan“. Ukara kasebut ngandhut jinis basa rinengga ....

a)

parikan

b)

pepindhan

c)

payandra

d)

panyendhu

3.

3. 1. Nggenthong umos  2. Alise nanggal sapisan  3. Polahe kaya gabah den eri  4. Mijil timun.

Sing kalebu jenise panyendhu yaiku nomer ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

4.

4. Panyendhu yaiku tetembungan utawa ukara sing ....

a)

digunakake kanggo nyacad/nyemoni

b)

 digunakake kanggo nglembana

c)

kadadean saka sampiran lan isi

d)

digunakake kanggo madhakake samubarang

5.

5. Pepindhan yaiku tetembungan utawa ukara sing ....

a)

digunakake kanggo madhakake samubarang sing tegese kaya

b)

digunakake kanggo nyacad/nyemoni

c)

. digunakake kanggo nglembana

d)

kadadean saka sampiran lan isi

6.

6. Sing kalebu pepindhan yaiku (kajaba) ....

a)

Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang

b)

. Polahe kaya gabah

c)

 Lakune gejig, sikile pengkor, awake ambune arum jamban

d)

Aluse kaya sutra

7.

7. Parikan yaiku tetembungan utawa ukara sing ....

a)

 digunakake kanggo madhakake samubarang sing tegese kaya

b)

digunakake kanggo nyacad/nyemoni

c)

digunakake kanggo nglembana

d)

kadadean saka sampiran lan isi 

8.

8. Ing ngisor iki sing kalebu parikan yaiku ...

a)

Bocah kok ora kena dikandhani, becik ketitik ala ketara

b)

Kuning padha kuning ngumpul dadi siji lir pendah podhang raton

c)

Bocah kuwi pancen merak ati, untune miji timun

d)

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau

9.

Rambute ...

a)

ngolan-olan

b)

blalak-blalak

c)

ngandan-andan

d)

kelap-kelip

10.

... nduren sajuring

a)

mripate

b)

lambene

c)

untune

d)

pipine

11.

Maryanti bocah ayu, yen kanggo ngguyu pipine......

a)

Nduren sajuring

b)

Nyela cendani

c)

Kencana pinantar

d)

Nggula salirang

12.

Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.

Tembung sing klebu panyendhu yaiku....

a)

Dedege dhuwur

b)

Lembehane mlarak sempal

c)

Batuke nonong

d)

Yen mlaku kaya macan luwe

13.

Wong-wong biyen nganggo gondhel gede-gedhe nganti kupinge....


Tembung panyendhu kanggo ngganepi ukara iki....

a)

Gruwung

b)

Piseng

c)

Ndower

d)

Dawir

14.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...

a)

Basa rinengga

b)

Basa guyonan

c)

Basa bagongan

d)

Basa krama desa

15.

Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ....

a)

Parikan

b)

Panyendhu

c)

Bebasan

d)

Panyandra