wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B.JAWA KELAS 5 SEM 2 MIMU 24

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Pak guru mangkat menyang sekolahan. Menawa diganti basa krama aluse yaiku .....

a)

Pak guru tindak menyang sekolahan

b)

Pak guru mangkat marang sekolahan

c)

Pak guru tindak dhateng sekolahan

d)

Pak guru tindak menyang sekolahan

2.

Sepedha montor mlakune luwih ............ tinimbang pit ontel.

a)

rendhet

b)

alon

c)

banter

d)

suwe

3.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

4.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

5.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

6.

Eyang kakung...................saking Kalimantan

a)

Wangsul

b)

teka

c)

Kondor

d)

Mulih

7.

Pak Lurah lagi..........menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku....................

a)

Mangkat

b)

Kesah

c)

Tindak

d)

Budhal

8.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............

a)

Disapu

b)

kosapu

c)

Nyapu

d)

daksapu

9.

Aksara jawa ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦫꦸ yen diwaca yaiku...

a)

Buku biru

b)

Buku baru

c)

Kutu buku

d)

Buku tamu

10.

Pasangan aksara Jawa iku cacahe ana ....

a)

10

b)

15

c)

20

d)

25

11.

Lanjutane paribasan iki sing bener, "Demit ora ndulit setan ora....

a)

doyan

b)

mangan

c)

dolan

d)

medeni

12.

Tembung camboran iku cacahe ana....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

13.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)
14.

Guru gatra tembang pucung yaiku ….

a)

6

b)

5

c)

4

d)

9

15.

Tibaning dhong dhing utawa swara ing pukasaning larik ing tembang macapat diarani

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

geguritan

16.

Tembung camboran tugel tuladhane bangjo soko tembung….

a)

abang+ijo

b)

abang+bojo

c)

abang+jago

d)

bang+jo

17.

Puisi Jawa gagrag utawa model anyar diarani ….

a)

cangkriman

b)

parikan

c)

geguritan

d)

wangsalan

18.

Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba ….

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru sastra

d)

guru gatra

19.

Murid iku kudu manut marang guru.

Ukara ing ndhuwur digawe basa krama yaiku ....

a)

Murid niku kedah nurut dhateng guru

b)

Murid menika kedah manut dhateng guru

c)

Murid niku kedah mituhu dhateng guru

d)

Murid menika kedah mituhu dhateng guru

20.

Pitik walik sobo kebon, wangsulane cangkriman iki yaiku.....

a)

salak

b)

nanas

c)

duren

d)

kates

21.

Salah sijine wujud kabudayan Jawa sing awujud tontonan lan lumrahe migunakake paraga sing asale saka kulit, gambar utawa golekan, iku diarani ....

a)

Wayang

b)

Ketoprak

c)

Ludrug

d)

Drama

22.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

23.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

24.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.


Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....

a)

Benteng

b)

Paguyuban

c)

Pager ghaib

d)

Pundhen kobar

25.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

26.

Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….

a)

lalian

b)

keset

c)

pinter

d)

wicaksana

27.

Sandhangan swara cacahe ana

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

28.

Pasangan sing manggon jejer karo aksara Jawa legenane yaiku

a)

na, ta, sa

b)

nya, ga, sa

c)

pa, la, ga

d)

ha, sa, pa

29.

Tembung kasebut nggunakake sandhangan

a)

Wulu

b)

Taling

c)

Suku

d)

Pepet

30.

Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

31.

Pasangan aksara da yaiku ....

a)
b)
c)
d)
32.

Pasangan aksara Jawa la yaiku ....

a)
b)
c)
d)
33.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

34.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

35.

Simbah mundut ageman werna abrid. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

36.

"Tuku banyu" yen ditulis aksara jawa yaiku ...

a)
b)
c)
d)
37.

Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ...

a)

srengengene isih panas - panase

b)

ngumbulake layangan

c)

rudi bocah sregep

d)

gawe layangan

38.

Seng apik ngumbulake layangan yen ...

a)

esuk-esuk

b)

awan-awan

c)

bubar sarapan

d)

wis rada iyup

39.

Rudi, Kiki lan Yoga gawe layangan neng ...

a)

omahe rudi

b)

omahe yoga

c)

omahe kiki

d)

lapangan

40.

Pesan sing dikandut ing cerita/karangan diarani ...

a)

Pambuka

b)

pasulayan

c)

prakarya

d)

amanat

41.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

42.

Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.

Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo nusu gudel

c)

Mikul dhuwur mendhem jero

d)

Cebol nggayuh lintang

43.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

44.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana.


batangane cangkriman kuwi...

a)

sepur

b)

sabuk

c)

gajah

d)

jun/wadah banyu

45.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung camboran tugel yaiku...

a)

Siswa-siswi

b)

Pakdhe

c)

Enom tuwa

d)

Gedhe cilik

46.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

47.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

48.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....

a)

pepindan

b)

irib-iriban

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan/cekakan

49.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung,

Padha dikunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka si pucung dadi dahana.


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

jun/wadah banyu

c)

pentol korek

d)

salak

50.

gunemane mencla-mencle, tembang entare yaiku ….

a)

lunyu ilate

b)

gatel untune

c)

tangane lara

d)

lara watuk