wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 6. TRYOUT BAHASA DAERAH 2023 2024

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 41mins

Name
Class
Date
1.

Kaendahane negara Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahan seni lan salaras karo bocah-bocah sing bener dolanan yaiku ….

a)

Tembang campursari

b)

Tembang dolanan

c)

Tembang macapat

d)

Tembang langgam

2.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang maranng bocah-bocah ngenani ….

a)

Ilmu pengetahuan

b)

Keterampilan

c)

Olahraga

d)

Budi pekerti

3.

Salah siji ciri-ciri tembang dolanan yaiku ....

a)

Wujude sederhana

b)

Cakepane umume dawa

c)

Tembunge angel diapalne

d)

Mesthi ana pengarange

4.

Tuladhane tembang dolanan yaiku ....

a)

Kinanthi

b)

Buto-butho galak

c)

Dhandhang gula

d)

Asmaradana

5.

Tembung “TELU” yen ditulis nganggo aksara jawa migunakake sandhangan swara ....

a)

Pepet lan wulu

b)

Taling lan wulu

c)

Pepet lan suku

d)

Taling lan suku

6.

Sandhangan “wulu, pepet, layar” ditulis ing … aksara sing disandhangi.

a)

Kiwane

b)

Tengene

c)

Ngisor

d)

Dhuwur

7.

Tembung “bubur jenang” yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku

a)

ꦧꦸꦧꦸꦂꦗꦼꦤꦁ

b)

ꦧꦸꦧꦸꦂꦏꦼꦠꦤ꧀

c)

ꦧꦸꦧꦸꦂꦗꦼꦤ

d)

ꦧꦸꦧꦸꦂꦗꦼꦤꦂ

8.

Bukune anis kok ketemu, olehmu … (gole) ing ngendi wae ?

a)

Nggoleki

b)

Nggolekake

c)

Digoleki

d)

Golekana

9.

Ganthengmu ketoke trocoh. Ing kene kok katon … (kepyur).

a)

Kinepyur

b)

Kumepyur

c)

Dikepyuri

d)

Kepyurana

10.

Dhik Handoko saiki isih nyemir sepatune bapak. Imbuhan utawa wuwuhan sing digunakake jroning tembung kan dicetak kandel yaiku

a)

Barang

b)

Ngongkon

c)

Nindakake penggawean

d)

Duweni sipat

11.

Karangan gancaran kang isine nyeritakake samubarang kanthi runtut manut urutane wektu kasebut karangan

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

12.

Ing ngisor iki kang ora kelebu dheskripsi barang yaiku

a)

Bahane

b)

Wernane

c)

Modele

d)

Gaweyane

13.

Gambaran praupane, dedege, watake, kasenengane, gaweyane klebu deskripsi

a)

Barang

b)

Pawongan

c)

Kahanan

d)

Sipat

14.

teks bacaan ing lampiran.

Tema pawarta ing kasebut iku babagan

a)

Merti dhusun

b)

Lomba kirab budaya

c)

Nguri nguri budaya

d)

Sosial budaya

15.

teks wacanan kecantum ing kertas.

Tembung kapurwakaken tegese pada karo

a)

Kawiwitan

b)

Kapungkasan

c)

Kawaos

d)

Kaserat

16.

Adicara punika mapan ing dhusun redjodadi, ananging ugi karegengaken ing tigang dhusun sanesipun, inggih punika dhusun ongkobayan, ngepreh, sarta tegal ongkobayan.

Unsur pawarta kang katon ana ing ukara iki yaiku

a)

apa

b)

sapa

c)

ngapa

d)

ana ngendi

17.

Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang

a)

Disuduk manthuk manthuk

b)

Disawang malah ilang

c)

Rupamu kaya kranjang

d)

Penggaweane saba blumbang

18.

Pitik walik saba meja. Batangane

a)

nanas

b)

nangka

c)

sulak

d)

sapu

19.

becik ketitik ala ....

a)

Ketara

b)

Ketiri

c)

Keturu

d)

Keturon

20.

Kang diarani guru lagu yaiku

a)

Cacahing lagu saben sapupuh

b)

Cacahing wanda saben sagatra

c)

Cacahing gatra saben sapada

d)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

21.

Wacan ing dhuwur yen dideleng saka isine kelebu jinise teks

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

22.

Kebun teh jamus mapan ana ing kutha

a)

madiun

b)

nganjuk

c)

ngawi

d)

malang

23.

Kebun teh jamus kelebu papan wisata unggulan buktine

a)

Ramene mung yen pas preian

b)

Dadi jujugane para wisatawan

c)

Papane adhem lan akeh wit witan

d)

Melbune kudu tuku karcis dhisik

24.

Ukara ing ngisor iki terusna supaya dadi parikan!

Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk

a)

Njalok turu

b)

Njaluk dhuwet

c)

Ngajak mangan

d)

Entuk melu

25.

Bocah loro kuwi paseduluran kaya banyu karo lenga, karo dulure ora bisa rukun.

Ukara ing ndhuwur nggunakake tembung

a)

Panyandra

b)

Panyendu

c)

Pepindhan

d)

Parikan

26.

Bocah iku yen disawang pipine

a)

Manggis karenggat

b)

Nduren sajuring

c)

Nyela cendhani

d)

Ngandhan andhan

27.

Puntadewa, werkudara, janaka, nakula, lan sadewa iku kabeh diarani

a)

pandhawa

b)

kurawa

c)

punakawan

d)

ngastina

28.

Wayang iku kejaba tontonan uga mujudake tuntunan jalaran

a)

Kena kanggo golek sandhang pangan

b)

Bisa kanggo ngalancarake oleh rezeki

c)

Bisa nggampangake oleh penggaweyan

d)

Kena kanggo menehi tujuan urip

29.

Cerita wayang kui sumbere saka buku

a)

Sutama lan ramayana

b)

Mahabarata lan Ramayana

c)

Mahabarata lan negarakertagama

d)

Negarakertagama lan Ramayana

30.

Tembung "dalan rata" yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku

a)

ꦝꦭꦤ꧀ꦫꦠ

b)

ꦢꦭꦤ꧀ꦫꦠ

c)

ꦢꦭꦤꦫꦠ

d)

ꦢꦭꦩꦤꦿꦠ

31.

Racikanipun mbak susi mucuk eri. Tembung Racikan basa ngokone

a)

Untu

b)

Rambut

c)

Ilat

d)

Driji

32.

Sesawangane katon edi ….

Tembung sing trep kanggo njangkepi tembung Saroja ing ndhuwur yaiku

a)

Apik

b)

Endah

c)

Peni

d)

Lara

33.

ꦮꦁꦱꦸꦭꦤꦱꦶꦁꦧꦼꦤꦼꦂ

Yen diowahi nganggo aksara latin yaiku

a)

Wangsula sing bener

b)

Wangsulono sing bener

c)

Wangsulona sing bener

d)

Wangsulana seng bener

34.

Prabu baladewa iku ratu ing

a)

Madukara

b)

Plangkawati

c)

Mandura

d)

Ngastina

35.

Sing kelebu satriyane pandhawa kejaba raden

a)

Duryudana

b)

Bimasena

c)

Permadi

d)

Putadewa

36.

Emboke dielus-elus, anake diidhak-idhak batangane

a)

Genteng

b)

Andha

c)

Usuk

d)

Empyak

37.

Burnas kopen

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku

a)

Bubur panas kokopen

b)

Tapak kebo ana lelene satus

c)

Tapak ula dawa

d)

lara

38.

Anak gajah arane

a)

Genjik

b)

Bledug

c)

Cindhil

d)

Minthi

39.

Ukara sing migunakake katrangan kajaba

a)

Aku lagi mangan sega ing pawon

b)

Adhik maca buku dhek wingi

c)

Simbah mbukak lawang

d)

Susi nulis surat ing kamar

40.

Ratu ngutus abdine menyang kraton jenggala. Ratu nduweni kalungguhan

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

41.

Unen – unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek isine diarani

a)

Wangsalan

b)

Paribasan

c)

Cangkriman

d)

Pepindhan

42.

Apa sing dilebokno kok malah metu

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku

a)

Slerekan

b)

Sabuk

c)

Idu

d)

Benik

43.

Dicokot pucuke sing kelong kok malah bongkote.

Batangane yaiku

a)

Tebu

b)

Permen

c)

Rokok

d)

Srengenge

44.

Sing kelebu kebutuhan primer (kebutuhan pokok) tumrape manungso yaiku

a)

Mobil

b)

Alat elektronik

c)

TV

d)

Sandhang

45.

Kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane, saben manungsa kudu

a)

Njaga Wong liya

b)

Nyambut gawe / usaha

c)

Nunut sedulure

d)

Gole utangan

46.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu diarani

a)

Nembang

b)

Sesorah

c)

Nyinden

d)

Nuturi

47.

Sesorah utawa tanggap wacara iku yen ing Bahasa Indonesia diarani

a)

menyanyi

b)

pidato

c)

diskusi

d)

deklamasi

48.

Bapak benjing sonten bandhe tindak … semarang

a)

ing

b)

menyang

c)

saka

d)

saking

49.

Struktur bakune sesorah yaiku

a)

Salam, pambuka, panutup

b)

Pambuka, isi, panutup

c)

Pambuka, panutup, isi

d)

Salam, isi, pambuka

50.

Aweh katrangan/ informasi, ajak-ajak, lan aweh panglipur marang wong sing ngerungokake mujudake … sesorah

a)

Struktur

b)

warangkane

c)

Jinise

d)

Tujuane