NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Gatekna teks ing ngisor iki!
Wengi iku Rara Jonggrang dhawuh para dhayang nutu alu lan lesung ing lumbung pari. Dheweke uga dhawuh ngobong dami. Krungu swara lesung lan ana cumlorot abang gawe jago padha kluruk. Bandung Bondowoso ngendhegage pakaryane gawe candhi sing dijaluk dening Rara Jonggrang.
Katrangan kang trep karo teks ing dhuwur yaiku . . . .
nudhuhake latar wektu lan panggonan
nudhuhake prakara crita
ngandhut amanat
ngandhut katrangan tema
Ing ngisor iki tuladha judhul kang cocok cerita legendha, kajaba . . . .
Kancil lan Baya
Mulabukane Kutha Surabaya
Asal-usul Jeneng Boyolali
Dumadine Candhi Prambanan
Dongeng kang critane ana gegayutane karo samubarang kang gaib diarani . . . .
dongeng lugu
sage
mite
legendha
Cerita Rawa Pening tinemu tokoh awujud bocah bajang malihan saka ula naga gedhe arane . . . .
Ki Juru Mathokan
Ki Juru Rawa
Ki Juru Pening
Baru Klinthing
Cerita Rawa Pening tinemu tokoh awujud bocah bajang malihan saka ula naga gedhe arane . . . .
Ki Juru Mathokan
Ki Juru Rawa
Ki Juru Pening
Baru Klinthing
“ Mangke badhe wonten bena bandhang. Mila simbok nyawisaken lesung”. Pranyatan ing ngisor iki ana gayutane klawan tembung kang kacetak kandel, yaitu . . . .
piranti kang kagawe saka kayu
piranti kalebu modheren
saiki akeh ditemokake ing kutha-kutha
saiki wis diganti penggilingan pari
Cerita Rawa Pening iku asale saka . . . .
Sumatera Selatan
Jawa Barat
Jawa Tengah
Jawa Timur
Puntadewa minangka putra pambarep Prabu Pandhu Dewanata, kang satemene minangka turun saka Bathara Darma. Ing dewasane dadi raja ing negara Ngamarta lan garwane sesilih Dewi Drupadi. Puntadewa darbe dasanama (jeneng liya) yaiku Darmakusuma, Darmawangsa, Ajathasatru, Dwijakangka, Gunatalikrama, Yudhistira.
Puntadewa darbe sipat kang sabar, adil, lan jujur kaya Bathara Darma. Saka sipat iki mula Puntadewa antuk sebutan Ajathasatru tegese pawongan kang ora duweni mungsuh. Nadyan kawentar ora seneng memungsuhan Puntadewa uga darbe piyandel yaiku Kitab Jamus Kalimasada, paying Tunggulnaga, Robyong Mustikawarih (kalung) lan tumbak Karawelang. Puntadewa minangka putra pambarep, tegese minangka kang . . . .
lair dhisik
luwih tuwa
lair dhisik dhewe
lair keri dhewe
Garwane Puntadewa arane . . . .
Dewi Drupadi
Dewi Kunthi
Dewi Sumbadra
Dewi Amba
Ing ngisor iki dasanamane Puntadewa, kajaba . . . .
Darmakusuma
Darmawangsa
Darmanyata
Ajathasatru
Ing ngisor iki sing dudu crita wayang saka Mahabharata yaiku . . . .
Bima Bungkus
Srikandi Madeg Senapati
Karna Tandhing
Kidang Kencana
Ing ngisor iki sing dudu crita wayang saka Mahabharata yaiku . . . .
Bima Bungkus
Srikandi Madeg Senapati
Karna Tandhing
Kidang Kencana
Panah kang digunakake Srikandhi nalika ngadepi Resi Bisma yaiku duweke . . . .
garwane
adhine
gurune
pakdhene
Senadyan jejering Wanita Dewi Srikandhi darbe kendel lan wani maju perang. Bab iki ngelingake marang tokoh pahlawan nasional Indonesia kang uga darbe watak kaya Dewi Srikandhi, yaiku . . . .
RA Kartini
Dewi Sartika
Cut Nyak Dien
Susi Susanti
Paraga wayang iku arane . . . .
Janaka
Yudhistira
Werkudara
Nakula
Ibune Adipati Karna iku sejatine . . . .
Dewi Madrim
Dewi Kunthi
Dewi Amba
Dewi Sembadra
Punakawan sing duweni ciri dedege dhuwur dhewe, yaiku . . . .
Petruk
Gareng
Semar
Bagong
Papan perange Bharatayudha ana ing . . . .
Kurusetra
Dhandhaka
Mandura
Wanamerta
Pusakane Raden Werkudara arane . . . .
Panah Pasopati
Gada Rujakpala
Caping Basunanda
Jamus Kalimasada
Dewi Wara Srikandhi diampili gaman yaiku . . . .
Panah Pasopati
Gada Rujakpala
Caping Basunanda
Jamus Kalimasada
Alur yaiku lumakune crita miturut . . .
urutane crita
omongan
alur
dongeng
Paraga kang duweni watak ala arana paraga . . . .
antagonis
protagonis
tritagonis
higonis
Crita rakyat kang paragane bangsane kewan arane . . . .
fabel
mite
legenda
mitos
Punakawan sing satemene dewa yaiku . . . .
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Resi Bisma iku putrane . . . .
Prabu Sengkuni
Prabu Pandhu
Prabu Sentanu
Prabu Krisna
