Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ATS Genap Basa Jawa Kelas 5

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Upacara sedekah bumi uga diarani…

a)

Merti Desa

b)

Merti Ankasa

c)

Merti Jaladri

d)

Merti Bantala

2.

Ater-ater tripurusa minangka sesulihe wong katelu utawa (wong liya) yaiku...

a)

Dak-

b)

Kok-

c)

Di-

d)

M-

3.

Uwal saka memala. Tembung memala tegese....

a)

Sengsara

b)

Bungah

c)

Sedih

d)

Abot

4.

Ater-ater tripurusa minangka sesulihe wong kapisan utawa (aku) yaiku...

a)

Dak-

b)

Kok-

c)

Di-

d)

M-

5.

Geguritan iku pada karo ...

a)

Puisi Jawa

b)

Tembang Jawa

c)

Nari Jawa

d)

Drama Jawa

6.

Paugerane maca geguritan kang baku iku ana...

a)

5W

b)

4W

c)

3W

d)

6W

7.

Wiwit katindakna nalika arep wiwit…

a)

Matun

b)

Nandur

c)

Panen

d)

Mluku

8.

Midodareni mujudake rerangken wong duwe gawe…

a)

Khitan

b)

Mantu

c)

Merti Desa

d)

Salapanan

9.

Nalika maca geguritan pocapane kudu cetha, mantep, lan ora kena ragu-ragu. Paugeran iki diarani ...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

10.

Polah obahing tangan, awak, polatan kudu luwes ora kaku lan ora ketok digawe-gawe. Paugeran iki diarani...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wirasa

d)

Wiraga

11.

Ater-ater tripurusa minangka sesulihe wong kaloro/kapindo utawa (kowe) yaiku...

a)

Dak-

b)

Kok-

c)

Di-

d)

M-

12.

Njerone bekakak iku isi juruh. Juruh digawe saka...

a)

Klapa

b)

Uyah

c)

Ketan

d)

Gula Jawa

13.

Saparan Bekakak katindakake nalika sasi...

a)

Sura

b)

Sapar

c)

Ruah

d)

Besar

14.

Anak lima lanang kabeh diarani...

a)

Pandhawa

b)

Ontang-anting

c)

Gotong mayit

d)

Kembang sepasang

15.

Bocah lair wis ora menangi bapake...

a)

Lola

b)

Yatim

c)

Konduran

d)

Sumala

16.

Ater-ater tanggap kang cacahe ana telu yaiku dak/kok/di uga diarani ater-ater...

a)

Hanuswara

b)

Answara

c)

Tripurusa

d)

Liyane

17.

Tan bisa dikerta aji nganggo brana picis lan kasugihan. Tembung Picis tegese...

a)

Kapinteran

b)

Dhuwit

c)

Ucul

d)

Dikira-kira

18.

Bocah Sukerta iku bakal dadi pangane…

a)

Bathara Guru

b)

Bathara Bayu

c)

Bathara Brama

d)

Bathara Kala

19.

Geguritan kalebu…

a)

Dolanan Anak

b)

Maca Endah

c)

Seni Pedhalangan

d)

Seni Tari

20.

Pak Guru seg ..... kantor. aku uga lagi mangkat sekolah. Tembung sing pas kanggo ngisi cecek-cecek ing duwur iku yaiku

a)

Mangkat

b)

Tindhak

c)

Kesah

d)

Budhal

21.

Lagune nalika maca geguritan kalebu ing...

a)

Wiraga

b)

Wicara

c)

Wirasa

d)

Wirama

22.

Upacara kang ditindhakake nalika bocah umur 6 utawa 7 sasi sepisanan ngidak bumi diarani ...

a)

Tedhak siti

b)

Pitoni

c)

Ngupat

d)

Masari

23.

Anak 2 lanang-wadon diarani...

a)

Uger-uger lawang

b)

Sendhang kapit pancuran

c)

Pancuran kapit sendhang

d)

Gedhana-gedhini

24.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung kang trep sing ana ing njero kurung yaiku…

a)

Nyapu

b)

Disapu

c)

Koksapu

d)

Daksapu

25.

Ater-ater swara irung kang jinise ana papat m-, n-, ng-, lan ny- uga diarani ater-ater...

a)

Tripurusa

b)

Tanggap

c)

Hanuswara

d)

Liya