wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PSAJ JAWA KELAS 12

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.
Nilai kang kaamot wonten pethikan cerkak ing inggil, yaiku
a)
Aja nglawan marang simbok
b)
Yen nglakoni kagiyatan kuwi sing ngati-ati
c)
Yen ngerti salahe kudu njaluk pangapura
d)
Aja ngamuk-ngamuk wae
e)
Simbok lan anak kudu akur
2.
Pethikan cerkak ing inggil kalebu struktur cerkak, yaiku
a)
Eksposisi
b)
Komplikasi
c)
Krisis
d)
Klimaks
e)
Penyelesaian
3.
Dalan kabupaten saka wilayah Kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan podho growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo. Sampek saiki dalan iku durung di dandani karo Pemerintah Daerah Sampang. Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku. ”Sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani,” ucape Saiful wektu di temoni radar Jawa Pos kala wingi. Dudutan saking pawarta wonten inggil, inggih punika?
a)
Dalan kabupaten Pati padha rusak lan growok
b)
Dalan sing rusak lan growok yaiku dalan saka Kecamatan Sreseh tekan Kutha Sampang
c)
Dalan sing rusak lan growok durung di dandani Pemerintah Daerah Pati
d)
Ujare mas Syaiful, dalan sing rusak lan growok nembe wae di dandani taun wingi
e)
Umure mas Syaiful 24 taun
4.
"Ingkang .... Para sesepuh, para pinisepuh ingkang tansah kula bekteni. Bapak lurah dalah sedaya pamongipun ingkang pantes tinuladha. Bapak pangarsa RW, RT ingkang luhur ing budi, sedaya warga Kelurahan Sekaran Gunungpati ingkang tansah bagya mulya." Coba jangkepi ukara wonten inggil nganggo tembung ingkang trep.
a)
Kula
b)
Kinurmatan
c)
Para warga
d)
Panuwun
e)
Para rawuh
5.
"Cekap semanten aggenipun kula matur. Bok bilih wonten kathah klenta klentunipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Maturnuwun." Wonten inggil kalebu perangan sesorah yaiku ...
a)
Purwaka basa
b)
Surasa basa
c)
Wasana basa
d)
Atur panuwun
e)
Puji syukur
6.
Sebutna paugeran tembang Gambuh ...
a)
7u,10u,12i,8u,8o
b)
7u,9e,12i,8i,8o
c)
7u,9u,12i,8i,8o
d)
8u,9u,12i,8i,8o
e)
8u,10u,12i,8i,8o
7.
Tlatah kuwi nyelamur dadi tlatah kang tuwuh namung sesuketan amarga brandhal teka kanthi ...
a)
Nepsu serakah
b)
Pingin ngreksa
c)
Pingin ngrumat
d)
Ngucapake syukur
e)
Weweh dhateng para warga
8.
Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi Pada 1 Mangka kanthining .... Salami mung awas eling Eling lukitaning alam Dadi wriyaning .... Supadi nir ing sangsaya Yeku pangreksaning .... Ukara ingkang trep kagem ngisi tembang ing inggil, inggih punika ...
a)
tumuwuh, rumadi, antip
b)
tumuwuh, dumadi, gesang
c)
gunawuh, dumadi, gesang
d)
tumuwuh, dumadi, urip
e)
gunawuh, rumadi, urip
9.
Sebutna paugeran tembang Kinanthi ...
a)
8u,8i,8a,8i,8u,8i
b)
8u,8i,8a,8i,8a,8i
c)
8i,8u,8a,8i,8a,8i
d)
8a,8i,8u,8i,8a,8i
e)
8i,8u,8a,8i,8a,8i
10.
Supadi nir ing sangsaya. Tembung nir tegesipun menapa ...
a)
Sampun
b)
Dereng
c)
Inggih
d)
Boten
e)
Saestu
11.
Gumricik swaramu ing wayah isuk Agawe tentrem ning ati Kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda ... Pethikan geguritan wonten inggil migunakake citraan/panyitra ...
a)
Pandeleng
b)
Pangganda
c)
Pangrasa
d)
Pangrungu
e)
Panindak
12.
Pangapura Cah ayu, apa lali karo aku Sing tau nyenengke atimu Uga tau natu atimu Sepurane aku tau kleru Merga kepincut wedokan liya Aku lila ninggal lunga Nglarani ati nambahi lara Cah ayu, aku jaluk pangapura Purwakanthi ingkang digunakake yaiku purwakatnhi guru ...
a)
Sastra U lan A
b)
Swara U lan A
c)
Basa/lumaksita lara
d)
Swara U lan I
e)
Sastra U lan I
13.
Tokoh kang gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala prabu Ramawijaya yaiku...
a)
Patih Suwanda
b)
Kumbakarna
c)
Adipati Karna
d)
Janaka
e)
Arjuna
14.
Tuladha tokoh kang mbelani nagara tinimbang sedulure ing perang bharatayuda, yaiku .....
a)
Patih Suwanda
b)
Kumbakarna
c)
Adipati Karna
d)
Janaka
e)
Arjuna
15.
Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anulada, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, Aran Patih Suwanda, Lalabuhanipun, Kang ginelung tri prakara, Guna kaya purunne kang denantepi, Nuhoni trah utama, Telung pitutur luhur ingkang saged dipun tuladha saking Patih Suwanda yaiku ...
a)
Guna, Purun, Pinter
b)
Guna, Kaya, Purun
c)
Kaya, Purun, Seneng
d)
Kaya, Purun Wani
e)
Wani, Guna, Purun
16.
Aku bisa garap ujian kanthi becik. Yen ditulis nganggo aksara Jawa, yaiku ...
a)

b)

c)

d)

e)

17.
Manungsa urip ing alam donya ora bisa uwal saka ...
a)
Tepa slira
b)
Samad sinamadan
c)
Tepa slira lan samad sinamadan
d)
Manungsa liyan
e)
Garise gusti
18.
Sinten ingkang paring patuladhan ingkang kebak kautaman marang turune ...
a)
Para sesepuh
b)
Para leluhur
c)
Nenek moyang
d)
Para pinisepuh
e)
Tiyang sepuh
19.
Patuladhan becik kuwi awujud ...
a)
Paribasan
b)
Pitutur
c)
Wewaler
d)
Parikan
e)
Geguritan
20.

a)

b)

c)

d)

e)

21.

Miturut saka wacan kuwi, diarani jinis teks deskriptif amarga ...

a)

Wacan kasebut nggambarake bab udheng kanthi laras

b)

Ana ing wacan kasebut, diandhrna kanthi basa kang naratif

c)

Menehi pamanggih kang mligi sawijining bab kanthi logis lan nalar

d)

Ngejak para pamaos supaya padha enggal nggunakake udheng

e)

Nggambarake bab kabudayan kanggo pamaos supaya gelem nglestareaken udheng

22.

Pokok isi saka pargraf 1 wacan kasebut yaiku ...

a)

Kampung sewu manggon ingpinggire kali Bengawan Solo

b)

Kampung Sewu minangka sentra produksi Apem

c)

Kirab Apem Sewu yaiku sawijining upacara warga kampung sewu

d)

Kirab Apem Sewu minangka tandha syukur marang Gusti

e)

Kirab Apem Sewu dianakake minangka tolak balak

23.

Salah sawijine struktur pawarta yaiku LEAD. Dene ukara kang kalebu LEAD yaiku ...

a)

Siti nduga pangamuke gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas-alas kang sasuwene iki minangka habitat kewan kasebut wis rusak dening tumindhak manungsa

b)

Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Surakarta ngandharake, miturut panemune dolanan bocah bisa mbiyantu nukulake jiwa solidaritas lan kejujuran sebab dimainke kelompokan

c)

Miturut katrangan kang dikumpulake saka kepolisian, bocah iku padha njagong ing pinggir dalan. Naika ana swara sirine, bocah-bocah iku banjur padha mlayu, ana kang kejegur kalen

d)

Siswa SMK oleh juara 1 Kejuaraan International Youth Robot Competition (IYRC) 2017 kang dianakake tanggal 6 November 2017 ing Negara Jepang

e)

Miturut ketua panitiya, lomba bakal dianakake ing wulan ktober supaya para peserta bener-bener bisa migunakake wektune kanggo latihan

24.

Dudutan kang bisa kajupuk saka ukara kuwi yaiku ...

a)

Tari modern luwih ngrembaka katimbang tari tradhisional

b)

Tari tradhisional tetep kudu dilestraikake ing jaman modhern

c)

Tari tradhisional kesingkir dening tari modhern

d)

Mudha-mudhi luwih seneng tari modhern katimbang tradhisional

e)

Tari modhern la tari tradhisional tetep ngrembaka ing jaman modhern

25.

Crita Wayang kang nyritakake lakon teane Prabu Yudhayana nganti sedane Raja Yudhayana ing Ngastina mujudake titikane saka jinis wayang ...

a)

Wayang Purwa

b)

Wayang Madya

c)

Wayang Wasana

d)

Wayang Kulit

e)

Wayang  Golek

26.

Pakartine Tokoh Sengkuni ing crita wayang ora pantes ditiru jalaran nggunakake maneka cara kanggo nggayuh kekarepane, senadyan bakal ngerugikake liyan. Nadyan mangkono, sedya ala mesthi bakal antuk piwales lan bisa ditumpas. Lelakon piwulang luhur iki padha kar paribasan ...

a)

Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

b)

Manungsa menang ngrancang, dene Gusti kang paring pepesthen

c)

Rawe-rawe rantas  malang-malang putung

d)

Seneng ing sadhuwure kasangsaraning liyan

e)

Kabeh kekarean kang gedhe mbutuhake perjuangan lan pangorbanan

27.

Wayang tekan seprene isih digandrungi dening wng akeh lan isih tetep lestari. Bab iki mau jalaran wayang duweni fungsi kang isih bisa ditrepake ing jaman saiki. Ing ngisor iki mupangat utawa fungsine wayang kang kurang trep yaiku ...

a)

Wayang minangka sarana kanggo tontonan lan hiburan masarakat

b)

Wayang minangka sarana kanggo tuntunan bab kabecikan jroning bebrayan

c)

Wayang dadi sarana kanggo propaganda ngaturake informasi, lan pangajak tumrap wong kang padha nonton dening pamarentah utawa sing duwe gawe

d)

Wayang kanggo srana mulangake pendhidhikan karakter lumantar nilai lan pesan moral tumrap para siswa ing pawiyatan

e)

Wayang dadi sarana efektif kanggo ngasilake nilai ekonomi kang dhuwur lumantar kagiyatan pagelaran wayang

28.

Gatekna ukara-ukara iki
1. Ngadeg kanthi jejeg
2. Ngobahake awak saprelune wae
3. Ngukur-ngukur kuping
4. Nggatekake wong sing ngrungokake
5. Dolanan pulpen
6. Pocapane kudu cetha
7. Kerep ndeleng dhuwur
Saka ukara-ukara ing dhuwur, prakara sing nuduhake patrap sing kurnag becik nalikane sesorah yaiku ...

a)

1,2,4

b)

1,5,7

c)

2,3,4

d)

3,4,6

e)

3,5,7

29.

Pakdhe Samsul : Nang, bapakmu digaweke ngombe apa?
Riyan  : .....
Wangsulane Riyan kanggo mangsuli pitakone Pakdhe Samsul yaiku?

a)

Bapak senenge ngunjuk kopi, Pakdhe

b)

Bapak paling remen ngombe kopi, Pakdhe

c)

Rama paling remen didamelake kopi, Pakdhe

d)

Rama remene ngunjuk kopi, Pakdhe

e)

Rama remenipun ngunjuk kopi, Pakdhe

30.

Dinda : Iki bukune sapa ya?
Rini : O, buku sing abang iku .... Bu Guru, wingi daksilih. Menawa sing putih iku ....
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ...

a)

Gadhahane, Kagunganku

b)

Kagunganipun, Duweku

c)

Gadhahanipun, duweku

d)

Gadhahanipun, kagunganku

e)

Kagungane, Gadhanane kula

31.

Unggah-ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawongan kang diadhepi. Ukara iki  kang bener miturut unggah-ungguh basane, yaiku ...

a)

Pak Sardi arep kesah dhateng peken

b)

Simbah lagi wae tilem, nembe mawon

c)

Omahe Pak Lurah ingkang majeng ngilen

d)

Bapak sampun rawuh kalawau enjing

e)

Pakdhe sampun nedha menapa dereng?

32.

Kanggo njaga karesikan lingkungan, Pak Lurah arep gawe pariwara. Kajaba njaga karesikan lingkungan, pariwara mau uga migunani minangka pangeling-elinge para warga supaya waspada ngadhepi mangsa rendheng. Sogan sing cocog kar ilustrasi kuwi yaiku ...

a)

Ijo lingkunganku, Ijo atiku

b)

Resiking kaliku nuduhake resiking lingkungan lan atiku

c)

Eling! Banjir kadaden amarga mbuwak sampah sembarangan

d)

Desaku ressik, ragaku melu resik lan sehat

e)

Ayo mendhem uwuh organik supaya mida dadi kompos

33.

Serat Tripama karya KGPAA Mangkunegara IV, kapetung serat kang ora kaya padatan jalaran amung dumadi saka sapupuh tembang yaiku

a)

Sinom

b)

Kinanthi

c)

Dhandhanggula

d)

Mijil

34.

Serat Kalatidha yaiku piwulang kautaman marang obahing kahanan ingkang kaanggit dening R. Ng. Ranggawarsita. Kalatidha asale saka tembung 'kala' lan 'tidha' ingkang tegesipun ...

a)

Wayah, edan

b)

Wayah, orag enah

c)

Jaman, Samar

d)

Jaman, Bodoh

e)

Jaman, Modern

35.

Salah sawijining unsur kang gawe endahing teks panatacara yaiu nganggo basa rinengga utawa basa kang rinakit supaya dadi endah lan nengsemake. Ing ngisor iki tuladha wangsalan kang bisa dianggo kanggo kegiatan panatacara, yaiku.....

a)

Jenang sela, wader kai sesondheran, apuranta sedaya lepat kawula

b)

Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni

c)

Balung jagung, menika sampun dado tanggel jawab kawula

d)

Sagah kajibah mingkuh katempuh, mundhi dhawuh saking bapal Prapto, kepareng kula badhe mranata adicara ing siang menika

e)

Ajining diri saka ing lathi, ajining raga saka busana