wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latihan soal ASAJ kelas 6 Bahasa jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

sastra jawa sing nggunakake ukara kang endah lan nduweni makna yaiku ...

a)

puisi

b)

pantun

c)

geguritan

d)

cangkriman

2.

Gatekna geguritan ing ngisor iki !

papanmu pinggir samodra

Gedhe labuhmu marang negara

Baita-baita padha mrana

Saben dina teka lunga

Geguritan ing dhuwur nyritakake kahanan ....

a)

dalan

b)

pelabuhan

c)

terminal

d)

bandara

3.

urutaning pandhawa sing bener yaiku ....

a)

Puntadewa, arjuna, bima, nakula, sadewa

b)

puntadewa, sadewa, nakula, arjuna, bima

c)

puntadewa, nakula, arjuna, sadewa, bima

d)

puntadewa, bima, arjuna, nakula, sadewa

4.

tradhisi kang dianakake ana ing keraton kanggo mengeti dina laire Nabi Muhammad diarani....

a)

sekaten

b)

saparan

c)

ruwahan

d)

sadranan

5.

ꦱꦼꦩꦲꦏꦸꦮꦱ

ukara ing dhuwur migunakake sandangan kang unine ...

a)

e

b)

i

c)

o

d)

u

6.

Wacanen kanthi permati !

Kanggo masyarakat Jawa, crita utawa lakon wayang minangka gambaran uripe manungsa. tegese, apa kang ana ing crita wayang iku nggambarake kahanan uripe maungsa. kabeh kang dumadi marang manungsa ing crita wayang sejatine mung ngunduh wohing pakarti, ngundhuh tandurane dewe, nampa apa kang ditindakake dewe. wong kang kelakuane ala, bakal ora nyenengke, bakal cilaka uripe. kang seneng tumindak becik bakal oleh kebagyan lan kamulyan.

"ngunduh wohing pakarti" miturut crita ing dhuwur yaiku ...

a)

pakarti kang diunduh dewe

b)

gambaran uripe manungsa

c)

nek arep ngundhuh kudu nandur

d)

nampa apa kang ditindakake dhewe

7.

GAtekna tembang !

Gambuh

Sekar gabuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

Guru wilangan lan guru lagu tembang Gambuh gatra ketelu yaiku ....

a)

7i

b)

12i

c)

7u

d)

8u

8.

ramene dalan

saben ayah esuk dalan gedhe mesthi rame banget, ana wong padha mlaku, numpak pit, numpak pit motor, numpak motor lan tetumpakan liyane padha ngebaki dalan. lakune padha cepet-cept, kalebu bocah-bocah sekolah kang tangine kawanen uga ngoyak wektu, supaya ora kasep tekan sekolhane. mula bocah-bocah mau bnajur ngebut, lancang-lancangan karo tetumpakan liyane.

bocah sekolah ngebut, lancang-lancangan karo tetumpakan liyane amarga ....

a)

cepet lakune

b)

tangine kawanen

c)

budal sekolah

d)

numpak pit

9.

ꦲꦸ aksara jawa ing sisih kiwa migunakake sandhangan ....

a)

suku

b)

pepet

c)

taling tarung

d)

wulu

10.

ꦕꦃꦪꦤꦶꦁꦧꦶꦔꦂ

aksara jawa ing dhuwur migunakake sandhangan ....

a)

taling

b)

suku

c)

tarung

d)

wignya

11.

ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru. Para siswa kelas setunggal ngantos kelas enem ingkang kula tresnani.

perangan pidhato ing dhuwur diarani ....

a)

atur panuwun marang para rawuh

b)

atur panuwun marang gusti

c)

salam pembuka pidhato

d)

pangajab utawa panyuwun

12.

Becik ketitik, ala ketara

ukara ing dhuwur kalebu purwakanthi ...

a)

guru basa

b)

guru swara

c)

guru sastra

d)

guru gatra

13.

jeneng liyane Prabu Puntadewa yaiku ....

a)

janaka

b)

nakula

c)

wekudara

d)

yudhistira

14.

yen wayah udan, tandurane dadi ...

a)

gogrok

b)

layu

c)

subur

d)

mati

15.

pasangan aksara Jawa iku cahae ana ...

a)

20

b)

15

c)

25

d)

10

16.

Cacahing larik saben sapada ana ing tembang macapat diarani ....

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru pada

17.

Pangkur

sekar pangkur kang winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipunkadulu

miwah ingkang tata krama

den kaesthi siyang ratri

guru wilangan lan guru lagu gatra kaping papat yaiku ...

a)

8u

b)

7a

c)

8a

d)

8i

18.

ing sawijing dina ki Ageng karo garwane Nyi Simbawati dadi sesilihane Sunan Kalijaga ngumbara ing tlatah kidul nyebarake agama islam. Sing dadi perkara Nyi Simbawati durung bisa ngucat bab kadoyan. Mula Nyi Simbawati ditinggal dening ki Ageng lan Sunan Kalijaga. Nyi Simbawati nyusul lakune Ki Ageng karo Sunan Kalijaga. Emas lan inten digawa kanthi dilebokake ing njero pring kanggo teken.

Sunan Kalijaga, Ki Ageng Pandanaran, lan Nyi Simbawati ngumbara kanthi tujuan ...

a)

ngoleki Sunan Kalijaga

b)

adol emas lan inten

c)

ngolek emas lan inten

d)

nyebarake agama Islam

19.

bapak lagi maca koran ana ruang tamu

ukara ing dhuwur menawa ditulis krama inggil yaiku ...

a)

bapak nembe maos koran wonten ruang tamu

b)

bapak nembe maca koran ning ruang tamu

c)

bapak lagi maos koran ing ruang tamu

d)

bapak lagi maca koran ning ruang tamu

20.

ꦫꦸꦢꦶꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦥꦤꦃ

wujude pasangan aksara pa ing nduwur yaiku ...

a)

b)

c)

d)

21.

tedhak sinten

tedhak sinten utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat JAwa kanggo bocah umur pitung wulan utawa enem lapan. Upacara iki ing daerah liya ing Nuswantara uga ana, contone sing diarani upacara injak tanah ing dhaerah jakarta dening suku betawi utawa uga ana sing ngarani " mudhun lemah" lan "udhun-udhun".

isi teks wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

tedhak sinten upacara adat Jawa kanggo bocah umur pitung lapan

b)

tedhak sinten upacara adat Jawa kanggo bocah umur enem lapan

c)

tedhak sinten upacara adat Jawa kanggo bocah umur enem wulan

d)

tedhak sinten upacara adat Jawa kanggo bocah mudhun lemah

22.

Mila matur marang bu guru ngunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama inggil

d)

basa biasane

23.

Blencong ing pagelaran wayang gunane kanggo .,..

a)

kain putih minangka geber

b)

nancepake wayang

c)

nyimpen wayang kulit

d)

madhangi kelir

24.

Gatotkaca gugur kena pusaka arane kuntadruwasa kang awujud ....

a)

panah

b)

tumbak

c)

keris

d)

pedhang

25.

Gambar ing ndhuwur asamane ...

a)

raden werkudara

b)

raden janaka

c)

raden puntadewa

d)

raden gathotkaca

26.

pengalaman kula kadadosan nalika ing sekolahan wonten lomba sesorah. kula angsal juara siji.

saka crita ing ndhuwur, sing crita duwe rasa ....

a)

susah

b)

seneng

c)

kaget

d)

gela

27.

amarga oleh juara siji, mula Andi siparingi bebungah.

tembung bebungah tegese ...

a)

ukuman

b)

pangalem

c)

dhuwit

d)

hadhiyah

28.

Anoman malumpat sampun.

tembung malumpat tegese ...

a)

mlumpat

b)

mlangkah

c)

mlaku

d)

mlayu

29.

ꦢꦶꦤꦱꦧ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦧꦭ꧀ꦧꦭꦤ꧀

wacane aksara Jawa kasebut yaiku ...

a)

Dina Sabtu bocah-bocah olahraga bal-balan

b)

Dina Sebtu bocah-bocah dolanan bal-balan

c)

Dina Sabtu bocah-bocah dolanan bal-balan

d)

Dina Sebtu bocah-bocah ndolani bal-balan

30.

Marni tuku gula jawa ing pasar

Ukara ing dhuwur ditulis nganggo aksara jawa dadi ...

a)

ꦩꦂꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦗꦮꦲꦶꦁꦥꦱꦂꦏꦸ

b)

ꦩꦂꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦗꦮꦲꦶꦁꦥꦱꦂ

c)

ꦩꦂꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦗꦮꦲꦶꦁꦠꦺꦴꦏꦺꦴ

d)

ꦩꦂꦤꦶꦠꦸꦏꦸꦒꦸꦭꦗꦮꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂ

31.
  1. 1. nemtukke tujuan sesorah

  2. 2. nemtukke tema

  3. 3. ngembangake cengkorongan sesorah

  4. 4. nyusun cengkorongan sesorah

  5. 5. gawe naskah sesorah

urut-urutane gawe sesorah kang trep yaiku ....

a)

1-2-5-4-3

b)

2-1-4-3-5

c)

2-1-3-4-5

d)

1-2-4-3-5

32.

kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. amargi lingkungan utawi panggenan manika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi manika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya. babakan karesikan lingkungan saget nyegah penyakit.

sesorah ing dhuwur ngenani babagan ...

a)

panggenan manika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya

b)

kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya

c)

kita kedah njaga lingkungan saha njaga bumi kagem kita sedaya

d)

babakan karesikan lingkungan saget nyegah penyakit

33.

Nalika sesorah solah bawane kudu ....

a)

banter

b)

luwes

c)

trep

d)

jejeg

34.
  1. 1. Maturnuwun dhumateng para tamu ingkang sampun rawuh

  2. 2. sugen enjing

  3. 3. nuwun

  4. 4. mangga ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti awit sapunika panjennegan saha kula saged makempal wonten mriki

  5. 5. adhik-adhik kudu manut marang Bapak Ibu guru amargi Bapak Ibu Guru sampun sabar anggenipun mulang

  6. 6. Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru, engkang kula tresnani kanca-kanca kaliyan adhik-adhik sedaya

  7. 7. Kula minangka wakil kelas VI pareng matur, kula sakanca maturnuwun ingkang tanpa upami dhumateng Ibu Kepala sekolah saha Bapak Ibu guru ingkang sampun paring kawruh kanthi lila lan legawa

  8. urutan sesorah kang trep yaiku ...

a)

2-6-1-4-7-3-5

b)

2-6-4-1-7-5-3

c)

2-5-4-7-1-3-6

d)

2-5-1-4-6-3-7

35.

Abid : "Dhil, apa kowe gelem ngeterake aku sowan daleme Bu Siti?"

Fadhil : "La geneya kowe arep .... Bu Siti?"

Ukara sing trep kanggo ngisi pachelethon ing ndhuwur yaiku ....

a)

sowan

b)

dolan

c)

mara

d)

lomba

36.

sinta : "Ayo kelase padha diresiki !"

Syifa : "Ayo Sin ben dadi resik !"

Tanda baca (!) ana pachelaton ing dhuwur nuduhake ukara ....

a)

matur

b)

mrentah

c)

ngajak

d)

pitakon

37.

Dila : " ..... piknikmu sesuk kui?

Ida : "Ana ing kebun binatang"

pitakon sing trep kanggo ngisi pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

ing ngendi

b)

apa sebabe

c)

kepriye

d)

kapan

38.

Nila : "Rin, kowe sok liburan arep ngapa?"

Rina : "Aku arep sowan neng ngone simbah kok la."

Nila : "Lha simbahmu omahe ngendi?"

Rina : "simbahku omahe Sragen"

Pacelathon ing dhuwur ngenani babagan ....

a)

dolanan

b)

liburan

c)

lomba

d)

latihan

39.

hardi maju lomba geguritan, lombane ana ing kecamatan.

Ukara ing ndhuwur ditulis aksara Jawa dadi ...

a)

ꦲꦂꦢꦶꦩꦗꦸꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀‌ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦤꦼꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦼꦕꦩꦠꦤ꧀꧈

b)

ꦲꦂꦢꦶꦩꦗꦸꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀‌ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦤꦼꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦼꦭꦸꦫꦲꦤ꧀꧈

c)

ꦲꦂꦢꦶꦩꦗꦸꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀‌ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦤꦼꦲꦤꦲꦶꦁꦭꦥꦔꦤ꧀꧈

d)

ꦲꦂꦢꦶꦩꦗꦸꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀‌ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦤꦼꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦤ꧀꧈

40.

ꦡꦸꦠꦶꦏ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦸꦂꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦩꦮꦂꦭꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦔꦼꦮꦼꦱ꧀ꦥꦝꦩꦼꦏꦂ꧉

Ukara ing dhuwur menawa ditulis latin yaiku ...

a)

Tutik nandur kembang mawar lan kembange wes padha bubar.

b)

Tutik nandur kembang mawar lan kembange wes padha mekar.

c)

Tutik nandur kembang melati lan kembange wes padha mekar.

d)

Tutik nandur kembang sekar lan kembange wes padha mekar.