wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan AAMNU Bahasa Jawa-2024

Total questions: 70

Worksheet time: 1hrs 9mins

Name
Class
Date
1.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

2.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

3.

“Nerangake guyub rukune kulawarga iku kena kanggo tepa tuladha” yaiku termasuk bagian .... ing geguritan

a)

Surasa / makna

b)

Larik

c)

Pada / bait

d)

Tembung

4.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng

5.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

e)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

6.

Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”

Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”

Bima marang Pak Bawa migunakake basa....

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

7.

Wacanen pacelathon iki!

Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”

Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”


Pak Timan nggunakake basa ngoko marang Anton amarga ....

a)

bapake Anton

b)

gurune ing sekolahe

c)

kancane ing pagaweyan

d)

ora gelem basa krama

8.

Pacelathon wong tuwa marang bocah enom nggunakake ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

9.

Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !

Bagus : Drun, nyang endi ?

Badrun : Lapangan, melu ta?

Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul

Badrun : Ana acara ta

Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro

...

Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

basa krama madya

10.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

11.

Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku ...

a)

Joko Seger

b)

Roro Anteng

c)

Joko Seger lan Rara Anteng

d)

Gunung Lejar

12.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

13.
“. . . Mbok Randha bungah penggalihe amarga penjaluke kepengen kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sukur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kaya emas, bayi wadon mau dijenengke timun mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha donga supaya ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo . . .” Mbok Randha bungah penggalihe amarga ....
a)
Kepengen kagungan putra wadon
b)
Ketemu Buta Ijo lan diparingi putra Ayu
c)
Ketemu resi saka Gunung Gandhul
d)
Panjaluke kepengi kagungan putra kaleksanan
14.

Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….

a)

lalian

b)

keset

c)

pinter

d)

wicaksana

15.

Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa, kowe malah bakal oleh kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci mantab. Amanat saka kutipan teks kasebut yaiku ….

a)

Gusti Kang Maha Kuwasa.

b)

kita kudu sabar lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa

c)

kowe malah bakal oleh kanugrahan

d)

Dewi Kilisuci mantab

16.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ....

a)

nyenengake bocah dolanan

b)

bisa dienggo nari daerah

c)

ajaran nilai budi pekerti

d)

ajaran sinau sing sregep

17.

AKU DUWE PITIK

Aku duwe pitik pitik tukung,

Saben dina tak pakani jagung,

Petok gogok petok ngendhog pitu,

Tak ngremake netes telu,

Kabeh torndhol ndhol tanpa wulu,

Mondhol-mondhol dhol gawe guyu


Budi pekerti sing bisa

dituladha miturut lelagon mau yaiku ….

a)

Paraga aku sing seneng usaha golek hasil

b)

Teleh pitik sing mondhol-mondhol

c)

Anakan pitik sing ora duwe wulu

d)

Pitik sing wis ngendhog pitu

18.

Larahan sing numpuk (sapu) supaya resik. Ukara sing trep yaiku . . . .

a)

Larahan sing numpuk sapu supaya resik.

b)

Larahan sing numpuk daksapu supaya resik.

c)

Larahan sing numpuk kosapu supaya resik.

d)

Larahan sing numpuk nyapu supaya resik.

19.

Saben isuk kembange (siram) Mbak Aisyah. Tembung "siram" kudune . . . .

a)

daksiram

b)

koksiram

c)

disiram

d)

nyiram

20.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

21.

Tembung "gambar" yen diwenehi ater-ater "dak, ko, di" dadine . . . .

a)

daknggambar, koknggambar, digambar

b)

daknggambar, kogambar, digambar

c)

dakgambar, kogambar, digambar

d)

dakgambar, konggambar, digambar

22.

Tembung gantung yen oleh seselan -um dadi . . . .

a)

gamtung

b)

gantungum

c)

gumantung

d)

gaumtung

23.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

24.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

25.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

26.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

27.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

28.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

29.

bunas kopen, batangane...

a)

tapak kebo amba tapak ula dawa

b)

bubur panas kokopen

c)

mlaku gawe sandhal klompen

d)

mbakar tela sumendhe keren

30.

bapak pucung

endi elor endi kidul

laku tapa brata

mung kepingin bisa malih

dadi kupu si pucung wedaring tapa

badhekane..

a)

uler

b)

ula

c)

kodok

d)

unta

31.

Cangkriman gambar iki yaiku..

a)

sega sakkepel dirubung laler

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

pitik walik saba kebon

d)

pitik walik saba amben

32.

Rukun agawe santosa, crah .....

Paribasan ing dhhuwur iku terusane sing bener yaiku .....

a)

Agawe lumrah

b)

Agawe bungah

c)

Agawe susah

d)

Agawe bubrah

33.

Gambar ing dhuwur yaiku ....

a)

Bagong

b)

Gareng

c)

Semar

d)

Petruk

34.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

35.

Gambar wayang iki jenenge . . . .

a)

Werkudara

b)

Janaka

c)

Gathutkaca

d)

Baladewa

36.

Raden Gatotkaca kuwi satria sing gagah .......

a)

prakosa

b)

mandraguna

c)

duwur

d)

gantheng

37.

Gatekna pethilan teks rekaman pariwara ing ngisor iki!


O2 : “lha genea ya mudheng, pengisi acarane intens lan ISI Surakarta, rugi gedhe yen sampeyan nganti gak nonton.”

O1 : Nek kuwi tetep nonton, lawong aku kok len-len.”

(Teks rekaman pariwara Ruang Seni Sukoharjo)


Bab kang dirembug ing pethilan teks rekaman pariwara kasebut, yaiku...

a)

Pertunjukan tradisional

b)

Acara karang taruna Kabupaten Sukoharjo

c)

Pertujukan ruang seni Sukoharjo

d)

Nonton seni pertunjukan ing Sukoharjo

38.

Salah sawijine cara kanggo nawakake barang utawa jasa, yaiku ….

a)

Pariwara

b)

wara-wara

c)

sedhahan

d)

pranata adicara

39.

Tulisan Jawa ing ndhuwur unine ....

a)

Jaka maca korane

b)

Jaka maca koran

c)

Joko maca koran

d)

Jaka moco koran

40.

Sanajan Nakula lan Sadewa kuwi dudu putra kandunge Dewi Kunti, nanging rasa tresna asih marang piyambake kuwi pada karo putra kandunge yaiku Yudhistira, Bima lan Arjuna, saka crita kuwi nuduhake nilai ... 

a)

Tanggung jawab

b)

Ngabdi mring negara

c)

Mad sinamadan

d)

Tanggap ing sasmita

e)

Keadilan

41.

Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima. Watak paraga wayang Bima saka pethilan crita wayang kasebut yaiku...

a)

Tumbak cucukan

b)

Legawa

c)

Tanggung jawab

d)

Jujur

e)

Triman

42.
a)

ngangkat watu

b)

ngangkat banyu

c)

ngangkat wajan

d)

ngangkat omah

e)

ngangkat semangka

43.

Tembung sing mathuk kanggo mbacutna ukara kasebut yaiku

a)
b)
c)
d)
44.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku

a)

Panyen penak wadi bocah sekolah

b)

Panyecen wenak dadi wong sekolah

c)

Pancen penak dadi bocah sekolahan

d)

Pancen wenak dadi wong sekolahan

45.

Wangsulana pitakonan kasebut

a)
b)
c)
d)
46.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

47.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

48.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pangekese dur angkara

Paugerane kang diduweni tembang macapat ing ndhuwur yaiku ....

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12u, 6a, 8i, 8a

c)

12u, 8u,8i,8i,80

d)

12u, 6a, 8i, 13a

e)

12u, 6as, 8i, 13a

49.

Tembang macapat kang nduweni watak sapenake dhewe, sembranan, guyonan yaiku tembang ....

a)

gambuh

b)

pucung

c)

megatruh

d)

mijil

e)

asmarandhana

50.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......

a)

tali

b)

ula

c)

sabuk

d)

kalung

51.

Teks kang isine ngandharake fakta utawa kenyataan sak benere diarani ....

a)

iklan

b)

slogan

c)

pawarta/berita

d)

narasi

52.

Tembang kang duweni ciri basane nganggo basa Jawa anyar, cacahing larikan ora ajeg, lan cacahing wanda saben larikan ora padha diarani...

a)

gedhe

b)

cilik

c)

tengahan

d)

dolanan

e)

akhiran

53.

Kejaba tembang macapat, ing serat wulangreh uga dumagi saka tembang gedhe lan tembang tengahan. Tembang tengahan kang ana ing serat wulangreh yaiku ....

a)

Girisa

b)

Asmaradana

c)

Pangkur

d)

Wirangrong

54.

Cebol nggayuh lintang tegese...

a)

sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

b)

wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake

c)

wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe

d)

gawe kerusuhan ing papan kang tentrem

55.

Becik ketitik ala ketara tegese...

a)

wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka

b)

ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane

c)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

d)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

56.

Anak polah bapa kapradhah tegese...

a)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

b)

lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani

c)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

d)

wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga

57.

Saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe, paribasane yaiku...

a)

Njajah desa milang kori

b)

Keplok ora tombok

c)

Desa mawa cara negara mawa tata

d)

Busuk ketekuk pinter keblinger

58.

Diwenehi ati ngrogoh rempela tegese...

a)

wong kang andum barang, nanging dheweke malah ora keduman

b)

yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab

c)

diwenehi enak, ananging isih kurang trima, njaluk sing luwih enak maneh

d)

barang kang banget ditrisnani

59.

Gampang molah-malih atine, ora teteg , bebasane yaiku...

a)

Dikena iwake aja nganti buthek banyune

b)

Ancik-ancik pucuking eri

c)

Beras wutah arang mulih marang takere

d)

Esuk dhele sore tempe

60.

Kang kalebu unsur intrinsik cerita rakyat yaiku . . . .

a)

tema, latar, kalimat

b)

latar, paraga, amanat

c)

latar, alur, bahasa

d)

sudut pandang, piranti, amanat

61.

Tebang ing ngisor iki sing kalebu tembang dolanan yaiku ...

a)

Pucung

b)

Padhang Bulan

c)

Kinanthi

d)

Macapat

62.

Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .

a)

Ibuku mususi beras ketan ing pawon.

b)

Adhiku nangis gulung-koming.

c)

Bola-bali mangan ancene weteng karet.

d)

Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.

63.

Wong wudunen kuwi sugih pari, batangane...

a)

Perih

b)

lara

c)

Pringisan

d)

seneng

64.

7. Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...

a)

Kupinge dadi abang

b)

Kupinge getihen

c)

Kupinge kabangen

d)

Nggawe nesu

65.

Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...

a)

wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae

b)

wis ditulungi malah ora matur suwun

c)

nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan

d)

wong asor naging sugih kapinteran

66.

Tegese paribasan

"Keplok ora tombok" yaiku...

a)

wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe

b)

wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake

c)

samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane

d)

melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad

67.

wong kang weweh marang wong sugih, wusanane ora ana gunane

paribasan sing cocok kanggo arti kasebut...

a)

Nguyahi segara

b)

Nututi layangan pedhot

c)

nuthuk elor kena kidul

d)

Mbalung usus

68.

Pitik walik saba meja, batangane: ...

a)

nanas

b)

sulak

c)

salak

d)

iwak

69.

Punokawan ing gambar asmane ...

a)

bagong

b)

semar

c)

petruk

d)

gareng

70.

Punakawan ing gambar asmane ...

a)

bagong

b)

semar

c)

petruk

d)

gareng